KEMPALAN: Esuk-esuk Kasminto numpak ojek soko prapatan Delanggu nuju arah Cokro sakwise numpak bis soko terminal Tirtonadi jurusan Jogja. Kiro-kiro 5 km soko Delanggu.
Tekan omah, ibuke kaget kok dengaren durung 2 minggu Kasminto wis balik maneh.
“Opo ono sing wigati to le kok kowe wis mulih maneh?”
“ jane yo ora buk. Pancen pingin mulih. Ning yen arep dianggep penting ugo iso”.
“Terus bab opo?” pitakone ibuke rada gumun.
“ Aku ki bar nompo surat soko salah sijining kampus no Amerika. Ngabari yen lamaran sekolahku ditompo”.
“Wah alhamdulillah…dongane ibu yo ngono le. Saben pendhak sholat ibu ora lali mesti ndongake ben kowe iso enggal entuk sekolahan, koyo pepinginanmu awet cilik mbiyen. Sanajan kowe mbiyen sekolah yo ora karuan , ning yo nyatane isoh nganti sarjana le,’ ibuke Kasminto nanggapi karo mbrebes..saking senenge. “Terus bacute piye?”
“Bapak endi bu?”
“Kae nyang kasur, biasa rada sesak napas”.
Ora suwe bapake melu nggabung jagongan no gandog, ruang gedhe sisih pendopo.
“oo dadi kowe sido arep budhal sekolah?”
“Iyo pak, yen lancar suk sasi Agustus aku kudu budhal. Ning saiki aku isih kudu ngurus beasiswa dhisik. Mugo-mugo isih ana jatah” sambung Kasminto.
Bapake ketok rada suminar praupane mergo krungu kabar becik soko Kasminto iki. Biasane raine pucet.
Ibuke Kasminto menyang pawon sedhelo. Bali wis nggowo gelas isi teh anget karo lodhong isi krupuk beras.
“yo mugo-mugo kabeh isoh mlaku kanti lancar”, ibuke Kasminto neruske.
Bar jagongan sedhelo Kasminto adus. Adus nganggo banyu ledeng no deso pancen bedo rasane, kroso seger mergo banyune asale soko umbul sing dialirke lewat pipo, banjur mlebu nyang omah-omah warga.
“Lha opo kowe arep cepet-cepet bali Suroboyo?” bapake takon.
“Ora. Aku arep dolan menyang Ceper nemoni koncoku”.
“Yo apik kono. Dirembug sing apik, alon-alon, kanti ati wening, kepiye. Kowe sing arep nglakoni. Ibu yo gur isoh menehi restu lan melu dedonga.”
Kasminto numpak sepeda motor Yamaha biru L2 super budhal menyang Ceper nemoni Wiranti. Kiro-kiro 30 menit wis tekan omahe Wiranti.
“kulo nuwun…”
“Oo monggo. O Nak Kas to…monggo pinarak”, sambutane ibuke Wiranti ramah. Pancen Ibuke Wiranti ngroso cocok karo Kasminto. Miturut ibuke pancen Kasminto bocah lanang sing apik, hormat karo wong tuwa, sopan, gek yo gemati.
“Meniko bu..” Kasminto ngelungke bungkusan isine roti donat sing mau sempat dituku no Suroboyo mau bengi sakdurunge budhal.
“Weleh kok repot-repot to nak”.
“Mboten kok bu”.
“ Nak Kas nyuwun sewu lho, iki Wiranti ora ono nyang omah. Jare lagi ono acara wisata karo konco-konco guru nyang Dieng. Opo ono sing wigati sing kudu tak kandake nyang Wiranti?”
“ oo inggih bu. Alhamdulillah, meniko wonten kabar sae. Rencana kulo badhe studi lanjut mbok menawi sios. Mbenjang wulan Agustus, menawi lancar sampun bidhal.”
“Oalah…selamat yo nak. Ibuk melu seneng…wah mongkok atiku nak. Mengko yen Wiranti mulih tak kandanane bab kabar apik iki Nak. “ ngono ibuke Wiranti ngomong marang Kasminto.
Ora suwe Kasminto njaluk pamit. Dheweke nduwe pangarep-arep ibuke Wiranti isoh ngandhani anake ben ndang isoh mutuske piye hubungane karo dheweke. Menowo iso sakdurunge budhal sekolah wis ono keputusan, sokur-sokur wis nikah.
**
Dino Senin Kasminto wis balik kerjo no Suroboyo. Esuk-esuk dheweke wis teko nyang kantor bagian kerjasama sing ngurusi babakan beasiswa. Surat soko universitas Oklahoma diduduhake menyang ketua unit kerjasama.
“ yo sakcepete tak proses pak” mengkono pangucape ketua mau.
Kasminto lego, beasiswa durung ono sing nggunake.
“Pak Kasminto kudu nyiapke photo lan ngisi data-data sing dibutuhke. Mbok menowo sesuk surat ben isoh dikirim menyang Jakarta.
Wektu mlaku terus, ora kroso, nganti sakwijining dino ing selo-selone kesibukane, Kasminto entuk telpon soko kantor kerjasama. Isine ngabarke menowo beasiswane wis disetujui soko kementrian. Kasminto ora isoh ndelike rasa senenge. Dheweke langsung sujud syukur ono kantore.
“Iki tiket menuju masa depanku” ngono batine. Kasminto wis soyo marem bakal budhal.
Sakwetara iku, ora ono kabar utawa surat soko Wiranti. Kasminto mikir ono sing kurang trep ngenani hubungane karo Wiranti. Kok ora ono telpon menyang kantore, umpamane Wiranti ngucapke selamat opo piye. Blas ora ono kabar. Kamongko wis meh sesasi awit Kasminto teko nyang omahe Wiranti. Kasminto niat liburan akhir minggu iki arep mulih meneh. Dheweke kudu nemoni Wiranti.
Sengojo Kasminto ora mampir omah dhisik. Soko Suroboyo langsung Kasminto nuju omahe Wiranti.
“Kulonuwun…”
“Monggo…”, jawab soko njero, swarane Wiranti krungu soko njobo. Kasminto wis apal swara kuwi.
Lawang ruang tamu kebuka.
Wiranti langsung nyalami. Malah keporo ngambung pipine Kasminto, lali yen dheweke isih durung dadi apa-apane kasminto.
“Selamat Mas…hebat masku iki. Pancen joss kok masku iki”, ngono celathune Wiranti. Kasminto ngrasa seneng banget entuk pengalembono ngono kuwi.
Pancen Wiranti bocahe grapyak, lincah, dasar rupane ayu, gek kulite resik putih lan rambute lurus sak pundak. Ciri ngono kuwi pancen sing digoleki Kasminto. Kasminto aten-atenenane apik, nanging ora pinter ngomong. Malah rada kaku. Ora gumun menawa akeh prio sing tertarik marang wanito koyo Wiranti kuwi.
Kasminto ngajak Wiranti sarapan soto menyang Soto Mbok Dele, Besole.
“Bu dalem medal rumiyin, badhe pados sarapan wonten Mbok Dele”.
“oo yo nak Kasminto, ngati-ati yo”, jawabe ibu Wiranti ramah.
Bar pamitan karo ibuke Wiranti terus wong kuwi podho budhal boncengan nganggo sepeda motor bebek. Kasminto ngrasa ayem mboncengke wong wadon sing dadi impenane.
Nyang warung Mbok Dele, karo ngedapi soto lan sate usus, wong loro kuwi podho rembugan.
“Dadi piye dik?” kasminto mbukak rembugan.
“Piye apane mas?’ pitakone Kasminto diwangsuli nganggo pitakon.
“Lha aku kan arep budhal sekolah suk Agustus. Beasiwane wis mesti.”
“Lha terus piye mas?”
“hmm…opo Dik Wiranti ora pingin melu aku? Ngancani aku sinau nyang negoro monco?” pitakone Kasminto rada dawa karo sinambi nyrutup duduh soto sing rasane gurih.
“Jane aku yo pingin mas. Nanging kok atiku isih durung sreg. Aku njaluk wektu maneh yo mas. Nyuwun pangapura”, wangsulane Wiranti sajak ragu karo tawarane Kasminto.
Krungu jawaban ngono iku, Kasminto rada kaget. Rumangsane yo seksuwene iki hubungane karo Wiranti apik-apik wae. Dheweke wis optimis menawa kabar dheweke arep budhal sekolah iku bakal nyenengke Wiranti lan Wiranti mesti luwih gampang njupuk keputusan. Nanging tibake tetep durung isoh njawab kantii mantep. Kasminto pancen ora pinter ngrayu. Dheweke tipe wong lanang sing luwih mentingke bukti ketimbang rayuan utowo omongan manis.
Dheweke terus eling gek jaman awal-awal kenalan karo Wiranti. Awale jane yo gur ketemu pas Kasminto lagi kursus no Jogja. Wiranti kebetulan kos cedhak pondhokane Kasminto. Wong loro kuwi podho sering ketemu nalika sarapan utawa mangan bengi no warung cedhak kos-kosan. Ketemu meh saben dino. Mungkin mergo kulino suwe-suwe ono roso. Ketoke ngobrol yo kepenak. Yen dino Minggu pas sela-selane kursus, Kasminto sering dolan nyang Ceper, nyang omahe wiranti. Dadi wiwit kuwi Kasminto cedhak karo Wiranti. Sakwise Kasminto rampung kursus bahasa Inggris, sering surat-suratan Suroboyo-Jogja. Yen mulih mesti ora lali dolan nyang omahe. Soyo suwe soyo akrab. Mergo lagi sepisan kuwi Kasminto cedhak wong wadon dadi rasane pancen nggathok tenan. . Kiro-kiro telung taun kepungkur Kasminto nyatakke seneng karo Wiranti. Wiranti yo nyambut tresnane Kasminto kanthi rasa sing podho. Kasminto yo sing ngarahke Wiranti nggolek pakaryan guru. Wiranti dewe sarjana lulusan pendidikan bahasa Inggris IKIP.
Malah wis nate nalika bapake Wiranti lara ono Rumah sakit Tegal Yoso Klaten sakdurunge sedo, Kasminto yo melu mbantu duit kanggo pengobatan. Dadi yo wis cukup gedhe pengorbanane Kasminto kanggo Wiranti lan keluargane.
“Dik, aku pingin ketegasanmu. tak tunggu sewulan maneh wis ono jawaban sing mesti soko sliramu yo,” pesene Kasminto sakdurunge pamitan.
“iyo mas tak usahake” ngono wangsulane Wiranti singkat karo mesem manis.
Meneng-meneng ibuke Wiranti nguping soko njero bab isi obrolane Kasminto karo anake. Ibuke melu gelo kenopo anake kuwi ora ndang nyaguhi ajakane Kasminto. ono tutuge.
(Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi