Minggu, 10 Mei 2026, pukul : 03:31 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Kasminto mulih nganggo tiket sing dituku merga entuk upah dodolan mobile kancane. Kasminto njujug Medan lewat Taipei. Tekan Medan, ketemu anak bojo lan mertuwa. Bojone Kasminto meteng tuwa. Anake sing mbarep wis umur setahun luwih. Pas Kasminto mulih pas anake iso mlaku, ditetah bapake, gelem mlaku pirang-pirang jangkah. Kaya janjian, arep mlaku yen bapake wis mulih. Wong-wong gumun lha kok saksuwene iki yen ditetah mesti tibo-tibo terus. Saiki kok langsung gelem mlaku.

Saksuwene iki Pramu melu karo opunge nyang Medan. Mesti wae dimanja karo opunge, soale putu lanang gur siji lan kang sepisan.

Dina-dina awale Kasminto nyang Medan entek kanggo dolanan karo anake lanang sing wis setengah taun ditinggal. anake ya langsung lengket karo bapake. Ora lali dikudang karo rengeng-rengeng, yen arep mapan turu digendhong nganggo selendhang.

Ora lali Kasminto nguyel-uyel bojone saben bengi. Wis setengah taun ora kepethuk, mesti wae kanggone wong lanang kan isih enom lan normal ya mesti kangen. Sanajan bojone lagi ngadhung, nanging rasane malah ana sensanine dhewe.

Kasminto wis ping loro ngeterake bojone menyang dokter kandungan. Dadi doktere wis siap nangani yen menawa sak wayah-wayah krasa.

Wetenge bojone wis gedhe, malah wis umur 9 sasi 10 dina. Saben dina Kasminto lan Vania ngarep-arep kapan anake lair. Detik-detik lair anake Kasminto wis tekan. Jam 4 esuk ketuban pecah. Gage-gage Vania digawa nyang rumah sakit swasta Sarah Medan.

Doktere ditelpon. Ora suwe doktere teka nyang rumah sakit. Sakwise mriksa sedhela terus mrintahke operasi cesar. Kasminto lan keluargane Vania mung isa setuju. Ora let suwe operasi wis diwiwiti. Wong-wong nunggu nyang njobo kanti perasaan ora karuan, antarane perasaan seneng arep nduwe anak, putu, ponakan lan perasaan sumelang yen ono apa-apa.

Kasminto curiga operasi cesar iki modus dokter ben iso entuk bayaran akeh, ning Kasminto ora wani ngomong, gur mbatin. Kamangka saksuwene kontrol doktere ngomong kondisi kandungan apik-apik wae.

Operasi mlaku kanthi lancar. Bayine lair wedok, awake gedhe , nanging kulitane rada ireng, kaya bapake. Ora kaya kulitane anak nomer 1 sing niru ibuke. Bayine sehat, lemu. Sakwetara ibuke ugo sehat. Sedhela-sedhela bayine diwenehi ASI.

Dina kaping pindho sakwise operasi, Vania awake panas nanging ndrodhog njaluk dikemuli merga ngrasa adhem..

Doktere dilapori kahanan Vania. Sakwetu mriksa jare apik-apik wae bekas operasine. Nanging Vania ngrasake yen wetenge isih lara, perih, cenut-cenut. Mangan ya ora entek akeh. Infus isih dipasang terus. Kasminto nunggoni saben dina nyang rumah sakit. Rada ora lumrah wis dina ping 4 Vania isih ngrasa kadhemen kamangka awake panas. Yen doktere teka mriksa ming sak nyukan terus ngomong “bagus-bagus”.

Kamangka Vania wis 5 dina nyang rumah sakit, isih durung pulih. Malah awake adhem panas. Ditemoke infeksi nyang bekas luka operasine. Karo doktere obat antibiotike diganti, jare ora cocok.

Wingi Kasminto sempat jagogan.

Vania takon

“Kapan Mas Kas balik nyang Amrik?”

“ Isih rada suwe, Agustus pertengahan. Nanging aku, mangu-mangu arep balik. Lha iki saksemester wis entek 6 ewu dollar. Piye yen diteruske nganti lulus, bakal entek piro.”

“Coba mbok nulis email nyang profesormu, sapa ngerti isoh njaluk beasiswa utawa dadi asisten”, Vania menehi saran.

“Wah nggak wani. Isin. Arep ngomong apa,”Kasminto sajak pesimis.

Kasminto asline minder. Soale akeh pesainge, ana mahasiswa Korea, China, India, lan negara-negara liya sing rata-rata pinter-pinter.

“Aku pesimis dik, saingane akeh” ngno Kasminto mbaleni.

“Halah..gur nyoba wae, kan ora ana salahe. Umpamane ditolak kan ya ra papa.”ngono Vania mbaleni, karo ngrasake awake ora kepenak.

Kasminto ora percaya diri. Nanging merga saran bojone sejatine apik, Kasminto nggolek warnet cedhak rumah sakit iku. Akhire malah entuk warnet nyang cedha kampus USU jalan Jamin Ginting.

Ditulis email kanthi rasa isin, minder, wedi lan campur dheg-dhegan. Pancen ono profesor sing Kasminto bola-bali njupuk kelase. Dadi, profesor kuwi wis ngerti karo Kasminto. Nanging Kasminto dudu murid sing istimewa.

Dear Dr Trafalis,

How are you doing? I hope everything is okey.

Now I am at Indonesia. I am writing this email since I am pesimistic whether I could or not continue my study. I spent my own money about 6000 dollar for my first semester.

I will stop my study if I do not get any funding. Is it possible to have funding from you? Maybe you need an assistance for your research, I am ready to assist you.

Ya email kuwi surasane Kasminto ora bakal iso neruske kuliahe yen ora entuk dukungan dana. Dheweke njaluk profesore iso mbantu Kasminto kanthi dadi asisten penelitian.

Bar kuwi Kasminto balik no rumah sakit, crita marang bojone yen dheweke wis nulis email kanggo Dr Trafalis, profesor sing paling dheweke kenal.

“Piye mas wis sido nulis email?”pitakone Vania kanthi lirih, awake saya ringkih.

“Uwis…. Ning aku pesimis”, ngono wangsulane Kasminto.

Vania dirawat wis entuk sepuluh dina kondisine durung pulih. Umume yen operasi cesar limang dina nganti seminggu wis entuk mulih. Kasminto ngelu. Biayane nambah terus. Untung biaya nglairke iki sing nanggung maratuwane. Maratuwane cukup nduwe dhuwit kanggo nanggung pengobatan anake. Kanthi rasa seneng mbayari biaya iki merga entuk cucu meneh, dadi pepak lanang wedok.

Nanging Vania isih kelaran. Awake ringkih. Beda karo wektu nglairke bayi sepisanan, awake ndang sehat, normal. Nyang Medan malah ngrasake dadi abot. Keluargane Vania wis ngumpul padho nunggoni nyang njobo kamar. Ana sing nukoke obat Cino, wis diombe kaping 3, isih durung ono hasile. Pakcike nggoleke tamba nyang wong pinter, wong Batak Karo. Diwenehi banyu dicampur karo godhong-godhongan. Banyu wis diombe kaping pidho. Durung ketok manfaate.

Sedulur saka kampung padha teka mergo krungu kondisine Vania terus mudhun. Kamangka pas hamil awake sehat. Saiki bayine diwenehi susu formula, susu ibuke ora metu. Sedulur wis tangisan merga suhu awake munggah mudhun. Vania ketok pucet praupane. Dokter wis menehi obat kanggo infeksi.

Bengi kuwi bola-bali suster ngukur suhune Vania. Sedhela-sedhela nelpon doktere. Diweneh resep. Kasminto nebus obat. Diombeke. Vania iso turu rada suwe. Kasminto ming dikancani Pakcike. Terus kasminto keturon.

“Mas yen aku ora ana, tulung dijaga anak-anak ya”, ngono pesene Vania. Kasminto ora kuat ngampet sedih ing atine.

“Vania ojo ngomong ngono. Eling anakmu isih cilik-cilik. Isih butuh awakmu,“ Kasminto eling kedadean kang mirip nalika Vania dirawat ana rumah sakit Islam Klaten kira-kira siji setengah tahun kepungkur. Nanging saiki Kasminto wedine luwih-luwih merga wis nduwe anak loro. Ndeloki anak sing mbarep lagi lucu-lucune Kasminto mbrebes. Gek anak bayine engko kepiye.

Esuk-esuk nalika suasono isih sepi, Kasminto jerit-jerit ora percaya. Awake bojone wis adhem kabeh. Diundang-undang ora semaur. Sedulure nyang njobo kamar ora ono merga padha mulih mau bengi, gari Pakcike mau. Kasminto ngundang suster. Sustere ndang teka.

“Suster tolong istri saya”, ngono kasminto nratap karo njaluk tulung.

Sustere ndang mriksa kahanane Vania.

“Pak istri bapak nggak tertolong lagi”, ngono jawabe suster

“Apa?”

Kasminto nangis-nangis

“Vania..kenapa kok cepet kowe lunga ?” Kasminto nangis dhewe karo nyekele bojone sing wis ora nduwe nyawa kuwi.

Kasminto semaput ora sadar. Nganti rada suwe sakwise ditulung karo para perawat nyang ono, terus sadar meneh.

Kasminto nesu-nesu marang doktere. Sing ndadeake ngono kabeh kuwi merga anggone dokter ngoperasi kurang teliti. Nanging ora ana gunane dheweke nesu. Kabeh wis kebacut.

Wis kaping telu Kasminto kelangan wong-wong kang ditresnani sakjroning telung taun. Bapake, Wiranti lagi taun wingi, saiki ganti Vania. Kasminto lemes karo mikir, jan-jane apa salah lan dosane kok kudu nandang kabeh lelakon iki.

Kaya mbenerke ramalane dhukun sing mbiyen nate ngramal nasib perkawinane Vania karo Kasminto. Ketoke pancen bener Vania cerai karo Kasminto sakwise nduwe anak loro. Ora merga Kasminto nduwe bojo meneh utawa pegatan, ananging cerai merga dipisahke karo kematian.

Kasminto wis mbayangke piye nggulawenthah anake, piye neruske sekolahe. Terus dheweke kelingan Wiranti.

Umpamane Wiranti isih urip, anak-anaku isa dirawat. Dheweke mesti isa dadi ibu sambung kang kebak welas asih. Ngono Kasminto mbatin. Nanging Wiranti wis ora ana. Kasminto ngrasa ajur uripe.

Jenazahe Vania wis dikubur nyang maam cedhak sak omahe wong tuwane Vania. Kasminto isih durung mungkur saka kubur. Isih ngelingi lelakone Vania kang akeh nandang lara sekjroning urip bareng karo Kasminto.

“Pak…mamak… ?”, ngono pitakone anake sing mbarep mulai iso ngomong karo nuding kuburan. Dikancane karo opunge Pramudya, Kasminto ngajak mulih anake.

Kasminto mbrebes, terus anake digendhong. Durung suwe rasane dheweke ngudang bayine Pramudya, setengah tahun ditinggal saiki wis isa ngomong. Pramu durung mudheng perasaane bapake. Durung mudheng yen ibuke wis ora ana. Bapake Pramu mbrebes dhewe.

Durung suwe anggone urip bareng karo Vania. Dheweke eling wiwitan urip bareng nyang apartemen kang diisi nganggo kasur lan sofa temon nyang cedhak nggon sampah. Piye vania iso masak jangan gori kanthi rasa kang persis masakane ibuke. Piye wong loro bebarengan ngedusi bayine Pramu.Rasane kabeh kok cepetmen lunga.

Sawetara kuwi bayine nyang omah dijaga adike Vania, Bunga.

Kasminto isih durung ngerti arep ngapa sakjroning sisa wektu sakdurunge mlebu kuliah. Kajobo kuwi, dheweke yo isih bingung apa ya sida balik nyang Amerika.

Kasminto nyoba teteg. Ora kena susah kedawan-dawan. Dheweke terus nggolek warnet, ngece email , sapa ngerti ana kabar apik saka profesor sing wingi dikirimi email.

Bali menyang warnet sing wingi. Ana pirang-pirang email. Nanging mripate Kasminto tumuju email sak aDr Trafalis, profesor sing dihubungi wingi. Iya profesore wis mbalesi emaile. Cepet-cepet dibuka email kuwi.

Kasminto,

I realize your situation. We can talk about your funding. Please come and see me at our first day of school.

Best,

Trafalis

Jawabane Dr trafalis singkat. Isine nglegake ati. Kasminto arep diwenehi bantuan dana kanggo kuliah. Dina sepisan pas kuliah Kasminto dikongkon nemoni profesore. Kasminto arep mbengok kesenengen. Ning ditahan. Ndang arep mulih crita karo Vania. Ning Kasminto terus sadar Vania wis ora ana. Nyang njero kamar warnet 1 m2 Kasminto nangis dhewe. Ngimpine bakal ngajak Vania karo anake loro menyang Amerika buyar. Danane wis entuk nanging Vania sing ora ana.

Vania nduwe adi wedok loro, ayu-ayu. Sing siji wis nduwe pacar, sing siji isih durung. Wingi krungu bisik-bisik Pakcike menawa Bunga, adike Vania sing gedhe arep digathuke karo Kasminto. Bunga kuwi gemati karo Pramudya lan sing ngurusi bayine, ponakane dhewe. Nanging Kasminto durung isa ngiyani. Kasminto ngrasa iku bab sing kurang becik. Sanajan adike Vania nanging durung mesti cocok sifat-sifate.

Kasminto pingin mulih dhisik menyang Klaten, ngleremke ati karo taren ibuke. Kanggone Kasminto ibuke, wong sing kudu ditareni dhisik. Mungkin anake sing mbarep arep dijak. Bayine luwih beci ditinggal karo maratuwane dhisik. Nanging Kasminto rada lega kelingan tawarane dosene mau.

Bengi kuwi kasminto turu karo anake lanang. Kaya biasane anake lanang neglus-elus alise bapake sakdurunge turu. Jan-jane Pramu yo isih nyusu, nanging merga ora ana ibuke meneh, bengi kuwi Pramu ngombe susu saka dot karo bokonge ditepuk-tepuk bapake. ono tutuge. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.