KEMPALAN: Dina iki Kasminto karo mbak ipare, Sarwendah, methuk Vania. Wong kuwi padha arep ndelok proyek nyang Karawang. Yaiku proyek pembangunan gedung Peruri. Saksuwene perjalanan padha crita rame. Ngrembuk kahanan Indonesia,lan crita pengalaman uripe dhewe-dhewe. Sarwendah nyritake piye lika-likune nggarap proyek saka pemerintah lan BUMN. Vania nyritakake piye adat-istiadat wong Batak yen mantu, pengalaman kerja lan crita jaman sekolah. Sarwendah ora lali nyritake masa lalune Kasminto nalika SMA.
Kasminto nalika SMA, kos nyang omah peninggalan Londo nyang daerah lor Sidawayah, Klaten. Omahe gedhe dhuwur, bangunan lawas, temboke kandel, usuk lan blandare kayu jati kandel, adoh soko tonggo. Omah kuwi nyang pojokan enggok-enggokan ngarep asrama Leonardo, pinggir dalan nuju Gereja Maria Asumta. Sekelilinge omah kuwi arupo kebon amba kang kebak wit-witan kang runggut. Cekake omahe medeni, angker. Omah sing wong liyo ora wani ngekos. Kasminto manggon kono karo sepupune.
Kamare ukuran 4×5 m2, atape dhuwur. Tegele tinggalan Londo asli. Sebelah kamare ono gudang kang kebak tumpukan kayu, akeh sawange. Yen bengi ora ono lampune. Dadi yen saka kamare arep menyang sumur utawa WC kudu ngliwati gudang kuwi. Akeh lowone kang mabur-mabur ngetoke swara cit.cit…Mungkin nyang tumpukan kayu kuwi yo akeh ulane. Lawang saka gudang menyang sumur digawe saka kayu jati kandel, gemboke palang kayu jati gede kang disangkutke kancing ing kiwa tengen kusen.
Yen bengi arep wudu utawa pipis, perlu perjuangan abot, kudu ngliwati gudang kuwi, terus mbuka palang lawang kuwi, banjur nimba banyu saka sumur. Rekasa tenan. Sebelah sumur kuwi wit-witan gedhe-gedhe kang godhonge runggut. Lagi pas nimbo sok-sok ono swara ‘krosak’. Kasminto wis njondhil kaget, jebul swara blarak sempal. Kasminto wis tau mlayu girap-girap keweden merga lagi pipis no kamar mandi mburi, ono kucing mlumpat saka dhuwur gendeng kamar mandi terus nyenggol manci gocek ‘krompyang’!
Ngono kuwi Kasminto yo betah nganti setahun. Malah yen bengi diewangi metu sholat tahajud nyang ngarep omah. Sakdurunge sholat kudu wudhu dhisik kanti ritual sing ribet mau.
Jane awake yo mrinding, nanging Kasminto pingin mbuktekake yen dheweke iso lan ora ono opo-opo. Cilikane urip nyang ndesa wis nglatih awake dadi kendel lan nekat.
Menawa arep budhal sekolah Kasminto kudu masak sego lan lawuh dhisik. Gek saka kos menyang sekolahe ono jarak 1.2 km. Jarak semono kudu dilakoni kanti mlaku. Bola-bali dires karo gurune merga telat. Kon ngadek nyang ngarep kelas.
Vania ugo crita piye mbiyen jaman kerja nyang konsultan, lan jaman cilik nganti SMA. Merga wong tuwane pegawai perkebunan uripe sarwa kepenak. Dadi kaya bumi lan langit. Sing siji urip sarwa prihatin, sing siji akeh kepenake. Nanging nang njero mobil malah dadi ger-geran. Merga iku wis jaman kepungkur. Rekasaning urip malah isoh dadi guyonan kang dadi panglipur. Sarwendah nambah-nambahi pengalaman uripe dhewe kang ugo koyo wong munggah gunung, mlangkah sithik boko sithik nganti tekan salah sijining puncak, nanging isih ono puncak sing luwih dhuwur.
Ora krasa mobil wis tekan Karawang. Wong-wong podho mudhun saka mobil ndeloki proyek fisik nggae gedung.
Vania ya ketok akrab srawung karo mbakyu ipare Kasminto, Sarwendah.
Sakjroning perjalanan menyang Karawang lan mulihe, lan mampir mangan awan ora ditemoni, ora ditemoni tumindak utawa solah bawane Vania kang nguciwake.
Kasminto sakjane isih ragu bab nerusake sesambungane karo Vania. Sebabe iki sakwijining bab sing angel diungkapke. Yen dinalar pancen ora ono sing kurang. Kasminto wektu nyang Amerika pancen seneng ngobrol karo Vania lewat chat. Nanging sakwise ketemu dheweke ora ngrasake kaya opo sing kerep dicritake uwong-uwong kae. Rasa dheg-dhegan yen ketemu, opo tindakan kang sarwa salah, gugup lan sakjenise, kuwi ora dirasakake. Bab-bab kaya ngene iki sing sejatine dadi pitakone Kasminto nyang jeroning ati. Ora ono kangen kang manggebu-nggebu kaya kandane lagu kae ‘nggak jumpa sehari serasa sewindu’. Ing babakan iki nalare Kasminto luwih gedhe tinimbang perasaane. Kasminto ya terus mikir, “dilakoni wae”. Mbak menawa ora kabeh uwong kudu ngrasake bab sing padha nalika ketemu calon bojo.
“Piye yen suk Sabtu melu aku balik Klaten?” ngono ajakane Kasminto marang Vania pas mulih saka Karawang.
“Hmm isin aku mas. Lagi ketemu pisan wis are diajak ketemu wong tuwo. Kok kaya kesusu“, wangsulane Vania.
“Lho kapan meneh. Yen setuju, engko tak pesenke tiket kereta.”
“Aku perlu ngomong karo wong tuwaku dhisik mas. Apa diijinke”, ngono jawabe Vania karo mesem lan ngarep-arep wong tuwane ngijinke. Vania dhewe jan-jane ora kabotan. Kanggone dheweke Kasminto pilihan sing paling apik. Wonge sederhana, wani tampil nggawa dheweke dhewe. Beda karo Ryan sing apa-apa mesti ngandalke wong tuwane. Beda meneh Khrisna, sing sukses nanging bral brol, kaya-kaya wanita iku mung pingin diuja nganggo bondho. Kasminto beda, enak diajak jagongan, enak diajak nyanyi, ono sholat jama’ah, ora isin mbiantu bab-bab cilik urusan omah. Karo Kasminto Vania ngrasa uripe luwih pepak.
**
Kahanan Jakarta isih simpang siur. Desakan Suharto mundur saya kuat. Sakwetara Suharto malah isih kunjungan nyang mesir ngadiri KTT G-15.
Mahasiswa padha ngumpul nyang gedung DPR/MPR. Tambah suwe tambah akeh. Penjarahan lan perusakan isih kededean. Akeh warga keturunan padah mlayu nyang bandara, siap siap metu saka Indonesia. Omah lan bandane wis ikhlas ditinggal. Pirang-pirang mall diobong, dijarah, akeh sing mati. Warga negara asing yo akeh sing mlayu mulih nyang negarane merga wedi ono kedadean sing ora dipengini.
**
Bengi wayah jagongan nyang ruang keluarga, Kasminto ditakoni karo mbak ipare.
“Piye dik Kas wis mantep to?”
“Iyo mbak, dimantepke.”
“Apik kok bocahe. Aku seneng”, Sarwendah mbacutke.
Mase Kasminto meneng wae. Ora ngomong opo-opo. Dheweke prinsipe padha karo bapake mbiyen, wong jejodhoan kuwi pilihane dhewe-dhewe, soale sing arep nglakoni yo dheweke dhewe. Sing penting ora beda keyakinan. Soal suku, ras, utawa pakaryan kuwi dudu bab sing wigati. Malah isoh ndadekake sugihe paseduluran lan adat budaya, ugo nambah ambane wawasan.
Vania uwis nembung wong tuwane yen arep diajak Kasminto menyang Klaten.
“Ati-ati nak” ngono pesene ibuke.
Dadi Vania wis menehi ngerti Kaminto yen entuk dijak kenalan karo Ibuke Kasminto.
*
Sore iki bubar maghrib kasminto karo Vania dijadwalke numpak Senja Utama Jakarta-Solo mudhun Klaten. Wis gari kurang 15 menit, Vania durung teka nyang stasun Gambir. Kasminto nunggu nyang ngarep loket. Vania durung ketok-ketok. Bola-bali Kasminto ndeloki jame. Saben ono taksi teko Kasminto nyawang sapa sing mudhun. Kasminto mulai mikir ala meneh. Ojo-ojo Vania ora netepi janjine, utawa uwah rencanane.
‘Kling..kling…kling…’
“Para penumpang kereta api Senja Utama Jakarta-Solo, kereta akan segera diberangkatkan”, ngono sesorahe petugas stasiun.
Para penumpang wis podho munggah, lungguh nyang kursine dhewe-dhewe. Kasminto clingak-clinguk nggoleki Vania. Kurang 3 menit. Kasminta ora sronto, mulai dheg-dhegan.
“Batal iki “ ngono batine Kasminto.
Ora suwe , ono wanita mlayu-mlayu saka nggon parkir karo ngotong-otong tas. Kasminto ngematke, iyo kuwi Vania. Ayem atine. Ndang digandeng Vania dijak munggah tangga mlebu sepur. Lagi kuwi Vani anumpak sepur kelas ekonomi. Rada sumuk. Nanging ono kipas. Vania meneng wae ngrasa yen ora ono masalah..
Sepur budhal jam 18.30 saka Gambir.
“Mas aku ki diajak menyang wong tuwamu arep mbok kenalke minangka apa?”ngono pitakone Vania karo ndeloki pemandangan kiwa tengen sepur, sing rada lamat-lamat merga wis bengi.
“Minangka kanca cedhak.”
“Terus?”
“Ya mengko ibuku piye panemune. Ugo, sedulur-sedulur ndesa piye panemune.”
“Kok ora mas Kasminto dhewe sing mutuske?”
“Ya aku sing mutuske. Nanging paling penting kudu ono restu saka ibuku”, wangsulane Kasminto. Biasane wong tuwo isoh niteni nalika ndeloki solah bawane wong wedok. Iki merga pengalaman urip.
“Yen umpamane ibuke mas Kasminto ora setuju piye?”
“Ya mungkin wae ngono. Nanging ibuku luwih wicaksana timbang sing mbok pikir”, Kasminto njelaske meneh.
Kasminto ngerti ibuke wong kang jembar atine. Ora bakal ngendika ‘ora’ yen pancen ora ono bab kang bener-bener kurang mranani. Yen ono bab-bab cili sing ora penting bakal dilirwake karo ibuke.
“yen ibuku setuju, aku bakal nyang Medan nglamar kowe”, ngono janjine kasminto.
Vania ming ngrungokake. Dheweke ketoke yo ora nolak dilamar Kasminto.
“Piye? gelem to?” pitakone Kasminto karo nyekel tangane Vania.
“Ya gelem bangetlah mas”..jawabe Vania karo mesem…tambah ngegem tangane Kasminto kenceng karo ngambung tangane Kasminto.
Kasminto rada kaget..ning malah gantian ngambung pipine Vania. Kasminto tambah kenceng nyekel tangane Vania, minangka pratanda keseriusane. .
Tekan klaten esuk uthuk-uthuk. Trus Kasminto nyewa mobil, saka Klaten nuju ndesane. Vania katon gumun ndelok desa ing Jawa resik-resik lan teratur. Pari ijo royo-royo ono ing kiwa tengene dalan. Lewat Umbul Ponggok ndelok banyu kimplah-kimplah, tambah trenyuh meneh. Ora kaya desa ing daerahe Pematang Siantar kono. Desa-desa ora teratur, dalan-dalan ora se-apik dalan no Jawa.
Nyedhaki omahe Kasminto, Vania mulai bingung, grogi piye rasane ketemu karo ibuke Kasminto, luwih bingung ketimbang ketemu Kasminto dhewe.
Tekan ngarep omah.Vania alesan werna-werna.
“Mas aku nggak usah mlebu yo.”
“Lho kowe arep nyang endi?”
Ketemu ibuke Kasminto, Vania kaget. Kok ono wong ndesa kulite putih lan ayu, irunge mancung. Yen ndelok rupane Kasminto, koyo-koyone ora percaya yen iki ibuke. Sing rada memper ming irunge.
“Kula Vania kancane mas Kasminto” ngono Vani ngenalke dheweke karo nyium tangane ibuke Kasminto.
“oo iyo nduk aku ibuke Kasminto”, Ibuke Kasminto wis cepak-cepak teh anget karo krupuk beras ing ndhuwur meja.
“Iyo ngene iki omahe wong ndesa nak”, Ibuke kasminto mulai ngajak ngobrol.
“ Wah daleme sae bu, amba”, ngono kira-kira jawane.
Vania nyang omahe Kasminto ya ketok terus ngomah, kaya omahe dhewe. Ngewangi masak lan resik-resik. Gek mangan lawuh opo wae yo ndemenake, ora nganyih-anyih. Ketoke iku ndandekake ibuke mulai kepranan. Sanajan beda suku, yo wis ora masalah kanggone ibuke Kasminto. Malah sorene Vania diajak rame-rame numpak colt tuwo tilik salah sijining sedulur kang lagi lara nyang Rumah Sakit Daerah Boyolali. Vania yo ketok akrab karo tangga lan sedulur ndesa. Ora canggung utawa kekuk.
Sesuke Vania diajak Kasminto sowan paklik bulik nyang Cokro, Karanglo, Jimus. Ketemu ugo pakdhe budhene kang manggon cedhak saka omah. Vania dikenalke minangka calone.
Ono paklike Kasminto sing kurang sreg tumrap sesambungane Kasminto karo Vania. Kuwi amarga Vania iku saka luar pulau, beda adat lan suku bangsa. Ibuke Kasminto eling pesene suwargi bapake Kasminto. Nalika semana mbakyune Kasminto arep nikah karo wong saka Bengkulu, beda adat lan suku. Sanajan bapake ki yo gur wong ndeso nanging panemune cukup wicaksana.
“ Ora entuk aweke dhewe ki mbedak-mbedake uwong saka sukune. Kabeh suku ono wong sing apik, ono wong kang ala. Kudu didelok pribadi wonge. Ora entuk digebyah uyah. Dadi yen kowe seneng lan cocok, yo bapak manut lan mangestoni “, ngono bapake ngandani mbakyune Kasminto jaman mbiyen arep nikah karo wong saka Sumatera, beda suku. Dadi wis ora masalah kawin karo wong kang beda suku.
Esuk-esuk Kasminto, Vania, lan ibuke numpak bis saka Delanggu nuju Jogja. Sakperlu nyang kampus UGM menehke sumbangan kanca-kancane Kasminto saka Oklahoma. Pas mulih kae podho nduwe ada-ada urunan lan dititipake Kasminto. Merga maca saka berita online menawa ibu-ibu dosen UGM nganakake gerakan Warung Murah. Gerakan iki kanggo mbiantu para mahasiswa lan warga sekitar kampus kang nemoni kesusahan kanggo mangan saben ndinane merga rega-rega lagi podho mundhak akibat krisis moneter.
Awan kuwi Kasminto lan Vania ketemu Lukman Sutrisno antropolog UGM, sing kalebu mandegani gerakan iki, kanggo nyerahke bantuan. Ora akeh nanging cukup kanggo ngetokake rasa simpati. Kasminto wis plong merga wis nerusake amanahe kanca-kanca saka Oklahoma. Kasminto mlaku karo vania gandengan tangan nglewati dalan tengah kampus, dadi tontonan uwong. Dho mesam mesem ndelok wong loro kuwi ketok mesra mlaku bareng.
Bubar ngono Kasminto lan Vania mampir nyang kos-kosane adike sing kuliah no UGM, arep dikenalke karo Vania. Ibuke wis nunggu nyang kono.
Wong telu, podho mampir nyang kos-kosane adike Kasminto lor kampus UGM.
“Nduk iki kenalke kancaku”, Kasminto nduduhke Vania marang Laras nyang arep amar kos.
“Laras mbak”, Laras ngajak salaman karo mesem.
“Oo..aku Vania. Nggak kuliah dik?” pitakone Vania cekak.
“Wis bar mbak”.
Banjur wong papat podho mlaku sedhela nuju Gudeg Bu Amat. Sakwise mesen lan nunggu sedhela, pesenan teka. Wis suweu Kasminto ora mangan gudeg. Sanajan saka Batak ketoke Vania yo telap telep mangan gudeg. Dhoh jagongan ngglenik sinambi mangan gudeg. Laras, adike Kasminto, yo ndang cepet akrab karo Vania. Ibuke Kasminto sajake melu ayem ewadene Laras isoh cepet cedhak karo Vania.
Karo mamah sayur gori, Kasminto kelingan kedadean telung tahun kepungkur. Nyang warung iki karo Wiranti, lungguh nyang kursi sing podho karo sing saiki dilungguhi. Wektu kuwi wong loro guneman bab rencana urip bebrayan, kapan arep nikah, suk pingin nduwe anak piro, anake yen lanang dijenengke sapa, yen wadon sapa, arep manggon nyang endi. Wektu kuwi Kasminto rasane wis ayem meh nduwe kanca urip jenenge Wiranti.
Nanging kabeh wis kandas. Kasmino nyrutup beras kencur pesenane.
Sakwetara iku, ibuke Kasminto ngrasa ayem ndeloki anake loro, sing ragil karo kakang ragil kuwi karo Vania podho mangan bareng, karo guneman, ketok rukun, karo guyonan. Nanging dheweke dadi kelingan sesambungane Kasminto karo Wiranti. Kok dadine ora kaya kang dikira. Ora krasa luhe netes nyang pipine. Endah senenge umpama nalika bapake isih ono meruhi Kasminto nikah karo Wiranti. Nanging kuwi ora kelakon.
Ibuke kasminto sumelang tenan menawa sesambungane Kasminto karo Vania pungkasane bakal kaya hubungane karo Wiranti. Ibuke Kasminto nyrutup teh manis anget karo memuji nyang jeroning ati, muga-muga ora kedaden meneh Kasminto dikuciwake wanita. ono tutuge. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi