KEMPALAN: Ben iso menyang endi-endi, Kasminto ngajari Vania nyetir. Biasane nyang lapangan kampus. Ngajak Pramu dilungguhke mburi nyang car seat. Pas lagi latihan, merga gugup, mobil nggleyor munggah nyang pembatas lapangan sing lantaine luwih dhuwur. Kasminto cepet-cepet narik rem tangan. Mobil mandeg, gase mbengung-mbengung.
“Haduh…” Vania karo menggeh-menggeh keweden.
“Bapak aja yang nyetir”, ngono Pramu ngomong karo keweden. Ora ngerti menawa ibuke lagi ajar nyetir.
Nanging latihan tetep diteruske. Akhire Vania isa nyetir alon-alon. Nyang kono nyetir aman, dalan amba, jarang mobil lan lalu lintas tertib. Dadi vania cepet wani nyetir nyang dalan gede.
Kasmito nduwe tangga wong indonesia sing ya nggawa anak bojo. Bojone dokter. Gur let pirang omah karo Kasminto. Nanging doktere iki lara-laranen. Isine ming ngeluhke penyakit wae. Dadi Vania sering menehi saran kepiye ngatasi penyakite. Malah dadi kaya kuwalik endi jane sing dokter. Tanggane iki wegah diajar nyetir karo bojone. Soale yen bojone sing ngajari mesti akeh ribute, dadi ora sida laithan malah padu.
Hiburane Vania ya ngrumpi karo ibu-ibu sing bojone padha njupuk program doktor. Sok-sok dolan nyang omahe kanca-kanca muslim sing sering ketemu nyang mesjid. Akeh-akeh kanca saka Pakistan sing luwih semanak. Utawa ngajak Pramu nyang perpustakaan kota. Nyang kono ana komputer , buku lan panggonan kanggo dolanan anak-anak. Dadi sing tuwa isa maca buku, sing bocah isa ndelok video nyang komputer utawa dolanan liya sing cumepak ana perpustakaan. Pancen anak-anak wis dikenalke perpustakaan awit cilik. Gedung perpustakaan digawe nyaman kanggo keluarga.
Vania nduwe hobi dodolan tas bekas. Awal-awal Kasminto rada sumelang tabungane dienteke Vania kanggo kulakan tas online. Wis ora akeh dhuwite, dinggo kulakan meneh. Biasane bar tuku tas, tase difoto meneh terus diunggah menyang Ebay, situs kanggo dol tinuku online. Siji loro jebul ono sing payu. Lumayan sok-sok tas siji iso entuk bathi 10 -100 dollar. Sok-sok yen entuk barang apik yo iso untung nganti 150 dollar.
Yen tase payu Vania kudu ngirim tas lewat kantor pos. Vania sering ngirim paket saka kantor pos kampus. Dadi numpak bis saka apartemen nuju kampus kira-kira 15 menit karo nggawa bungkusan tas. Bise mandeg pas samping apartemen. Vania nyimepen kartu langganan bis gratis. Tiap semester dijatah pirang tiket gratis dibageke kanggo mahasiswa. Kasminto entuk jatah tiket gratis kuwi. Saben sak jalan terus tikete dibolongi, isa dinggo nganti jatahe entek. Yen ora ngono ya mbayar 25 sen utawa ¼ dollar. Pramu kebagian nyemplungke koin nyang tabung wadah koin ing bagian ngarep cedhak sopir. Yen misale nyemplungke koin kurang jumlahe, sopire ya ora ngerti. Nanging wong kono jujur-jujur, ora seneng ngemplang bayaran.
Pramu seneng melu numpak bis, terus nyang kampus playon nyang ngarep gedung Student Union kang pemandangane asri.
Yen ora isa nggawa dewe, sok-sok Vania diterke Kasminto numpak mobil nyang kantor pos besar njobo kampus.
Kanthi dodolan online kuwi Kasminto rada aman keuangane. Saben wulan isoh nyelengi kanggo nyaur utange marang kangmase.Malah yen akhir minggu Kasminto iso ngajak anak bojone mangan nyang restoran sing rada murah.
Sanajan ana tambahan nanging nyang kono ya uripe tetep kalebu pas-pasan. Dhuwit gaji minangka asisten dosen ya entek kanggo mbayar apartemen lan kebutuhan urip saben dinane. Saka tabungan Kasminto isa tuku mobil sing rada apik. Sing penting isa kanggo wira-wiri menyang endi-endi.
Kajobo kuwi, hobi masake Vania iya dimanfaatke. Nang kono seminggu kaping loro utawa telu, Vania masak menu Indonesia. Yen pas lagi masak, terus diwara-wara nyang mahasiswa Indonesia sing nyang kono. Mengko terus padha pesen lewat telpon utawa email. Lumayan yen masak 15 porsi, isah ngirit kanggo biaya mangan lan idep-idep masake para mahasiswa Indonesia sing jarang mangan masakan Indonesia.
Vania tiap wulan kudu kontrol kehamilan nyang klinik. Tiap kontrol dipantau kesehatan ibu lan calon bayi. Sakwise kandungan umur 7 wulan lagi di USG kanggo ndelok ukuran sirah, tangan, sikil lan jenis kelamin bayi. Saka USG Vania dikandani menawa jenis kelamine anake wadon. Vania ora seneng utawa susah , biasa. Pokoke anake lanang utawa wedok padha wae, sing penting sehat lan ora cacat.
Jaman anake sing pertama mbiyen, isih ana asuransi kesehatan saka pemerintah kanggo wanita hamil sing meh nglairke. Nanging saiki kondisine beda. Amerika bubar perang nyang Afghanistan lan Irak, ketoke rada bangkrut, fasilitas medicaid kanggo wong mlarat dikurangi. Dadi wis ora ana asuransi gratis meneh kanggo ibu nglairke. Vania ora nduwe asuransi. Dadi Kasminto isih bingung mikir piye engko mbayari biaya kelairan anake.
Musim panas 2002. Kasminto ditinggal profesore liburan, ngajar ana negarane, Yunani. Kasminto ora entuk dana sakjroning 3 sasi. Mesti wae Kasminto mumet merga kudu mbayar sewa apartemen, mbayar kanggo mangan, lan kabeh kebutuhane. Beja, sakdurunge Dr Trafalis lunga, deweke dikenalke karo profesor saka Departemen Microbiology, Dr Conway. Lengkape Tyrrel Conway. Profesor antik iki senenge nganggo celana pendek, kaosan, numpak sepeda, ngomonge ceplas-ceplos. Deweke nduwe dana riset akeh. Dr Tyrrel Conaway ngajak Kasminto mbantu riset. Dadi sakjroning musim panas Kasminto entuk gaji saka Dr Conway. Yen ora, deweke karo anak bojone bakal kleleran saksuwene 3 sasi. Gek bojone arep nglairke meneh. Malah bayarane Kasminto luwih akeh timbang sakdurunge. Lumayan selisih 100 dollar sesasi.
Wulan Juli 2002, wayahe Vania nglairke anak nomer telu. Ora nduwe asuransi, Kasminto bingung piye anggone mbiayai. Telpon nyang rumah sakit negeri utawa swasta, nakonke bantuan dana. Kabeh ora ana sing menehi layanan gratis. Kudu nduwe asuransi utawa mbayar dewe. Judeg Kasminto pirang-pirang dina. Yen arep melu asuransi, kajobo larang wis ora ana kang gelem nampa asuransi merga wis arep nglairke. Kasminto nelpon nyang rumah sakit swasta ing kota Norman, Norman Regional Hospital. Nyang rumah sakit kuwi mbiyen anake sing sepisan lair. Wektu kuwi dibayari pemerintah. Nanging saiki wis ora isa. Dadi Kasminto takon lewat telpon.
“Mam, my wife will deliver our baby. The due is this month. But, she doesn’t have insurance. Do you have any suggestion?”
“O you can apply for charity program. We can help you. Don’t worry. ” jawabe petugas lewat telpon. Kasminto mulai rada ayem. Nanging Kasminto isih durung marem marang jawaban mau.
“I really worry if I cannot pay the bill for our baby birth”, ngono Kasminto neruske uda rasane.
“Don’t think about payment. The most important thing is how to save your wife and baby. About payment, we can talk later on.”.
Ngono penjelasane wong bagian keuangan rumah sakit. Kasminto diweling ora perlu sumelang soal biaya nglairke. Sing wigati, bojo lan anake slamet dhisik. Soal biaya, iku urusan mburi. Kasminto ngrasa trenyuh, mbrebes deweke krungu jawaban kaya ngono kuwi.
Kepiye rasane nyang paran, ora nduwe cukup dhuwit, gek deweke ya dudu warga negara Amerika, nanging entuk pitulungan kaya ngono kuwi.
Sesuk jadwale Vania nglairke. Vania kudu dioperasi cesar merga bekas luka jaman operasi anak nomer loro durung pulih tenan. Sore iki, dina Jum’at, Kasminto diajak bal-balan karo kanca mesjid wong-wong Arab. Tim mesjid mungsuh tim saka Eropa. Gur minangka pertandingan persahabatan. Iki ora merga Kasminto pinter main bola, nanging ora akeh sing isa bal-balan, dadi Kasminto diajak. Kasminto mesti wae seneng, soale iku salah siji hobine awit jaman cilik mbiyen. Nanging awit lulus SMA nganti dadi dosen wis ora tau main bal-balan meneh. Jaman cilik bal-balan nganggo bal plastik nyang ndalan,tengah desa. Yen wis bal-balan gayeng tenan sok-sok nganti kerengan karo tangga dewe. Ning ora let suwe wis akur meneh.
Sok-sok yen entuk silihan, nganggo bal kulit nyang lapangan Karanglo. Ya nggajul bal mung ketuplak–ketuplik nanging seneng tenan. Rasane wis kaya niroke Iswadi Idris utawa Dede Sulaiman.
Lha saiki maine dadi serius, nganggo wasit barang. Kasminto ya jane gur pupuk bawang. Mlayu rono rene ora tau entuk bal. Lagi seru-serune bal-balan, Kasminto ujug-ujug mlakune dingklangan. Jebule nalika lagi mlayu, pergelangan sikile ketekuk, muni mak krek. Kasminto terus ora isa mlaku, kudu engklek ngango sikil siji nuju pinggir lapangan karo njerit aduh-aduh. Pergelangan sikile cedhak kemiri, retak. Deweke diterke mulih kancane karo raine mringis nahan lara.
Tekan ngomah, mudhun saka mobil, mlaku karo engklek. Anake weruh dikira bapake lagi dolanan. Awale ngeguyu..nanging terus anake nangis..
“Bapak kenapa?’ anake nangis takon mamake.
“Bapak sakit kakinya retak”
Bengi kuwi Kasminto isih kelaran. Sikile krasa perih, nyeri. Ora isa mlaku, gur nglekar ing sofa. Terus digawa kancane wong Indonesia menyang rumah sakit Norman Regional Hospital. Tekan kono njujug bagian UGD. Sakwise difoto, ternyata mung retak. Dadi ora perlu dioperasi. Terus ditangani dokter sing tugas bengi kuwi, mulih sikile wis digips karo diwenehi krek,diwenehi obat kanggo ngilangi nyeri lan pemulihan tulang. Kasminto mlaku alon-alon karo disangga krek kiwa tengen.
Dina iki Kasminto ora isa ngeterke bojone nyang rumah sakit. Malah deweke dadi pasien, mlaku dingklangan disangga krek. Ono tangga cedhak omah wong Indonesia sing ngeterke Vania. Kasminto melu numpang mobil karo nggawa krek. Ngenteni anak ketelune lair. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi