Senin, 27 April 2026, pukul : 22:55 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Jakarta saben bengi ana berita sing sliweran lewat TV.  Tentara siap-siap nyang titik-titik penting. Nyang Solo pabrik kain Sritex dibakar, nyang daerah Delanggu toko-toko ujug-ujug diserang serombongan uwong sing mudhun saka truk. Mbuh asale saka ngendi. Medan uga rusuh.

Bengi-bengi nalika Kasminto ana omahe kangmase nyang daerah Lebak Bulus, ditelpon kangmase Tunjung saka omah liyane. Jare omah-omah nyang Cinere wis dirusaki lan diobong. Pasar Minggu rusuh. Kasminto melu dheg-dhegan. Dadi kelingan crita tahun 65. Nalika semana akeh wong-wong tanpa diadili dijemput tentara digawa lan ora tau balik. Atine Kasminto wis ora tenang. Bengi kuwi Kasminto ora isoh turu. Siap-siap yen ono apa-apa.Tanggal 14 sakperangan panggonan akeh kerusuhan.

Nanging kegiatan warga ya tetep mlaku kaya ora ana apa-apa. Esuk-esuk Kasminto numpak bis saka Lebakbulus mudhun terminal Rawamangun. Terus mlaku menyang alamat omahe Vania. Rada adoh, nanging Kasminto semangat selak pingin ketemu Vania.

Vania uga lagi teka saka Medan wingi. Dheweke ngepenke mabur saka Medan pancen kanggo ketemu Kasminto. Bapake akhire ngalah sakwise krungu penjelesane bojone. Kanggone wong Batak yen wis iya pancen iya, ora ono glenak-glenik no mburi. Memang Vania kudu ketemu dhisik karo Kasminto lagi isoh nyimpulke, ngono panemune ibuke Vania. Iki kadingaren wong wadon mikire luwih rasional tinimbang wong lanang.

Kasminto dheg-dhegan bakal ketemu Vania. Saksuwene iki yen ngobrol no internet rasane ya gayeng. Nanging dheweke khawatir ojo-ojo yen ketemu adhep-adhepan malah ora isoh ngobrol.

Tekan alamate sing dituju Kasminto ngetok pintu pager kang digembok karo radabragu-ragu. Bolak-balik dheweke ndeloki sandangane pantes ora.

Ana wanita metu, dudu Vania kaya sing dienal Kasminto ana nggon foto.

“Bener dik iki omahe Vania?”

“oo ya bener mas, mangga. Apa njenengan Mas Kasminto.?

“iya”, jawabe Kasminto cekak.

“Mbak Vania lagi blanja. Aku adike”

“oo…” Kasminto karo ngajak salaman.

Kasminto lungguh nyang kursi teras. Isih dheg-dhegan. Dheweke mikir ketoke Vania arep masak kok nganggo nyang pasar. Saksuwene iki pancen dheweke kerep crita menawa hobi masak.

Kasminto ngobrol karo adike sanajan rada ora nyambung sinambi nunggu Vania.

Ora suwe Vania teka karo bocah sing ngewangi nyang omah kuwi.

“oo iki mas Kasminto ya?”, pitakone Vania karo mesem.

“iya..Van..kenalke, Kasminto”, salamane Kasminto kenceng. Kasminto usaha diramah-ramahke, akeh mesem.

Sakwetara suasana rada kekuk. Vania dedeke dhuwur, kulite putih, mripate rada sipit kaya gadis Mandarin, rambute ngombak, swarane renyah.

“Saka pasar ya?” Kasminto nyoba mecahke suasana.  Terus Vania lungguh sebelahe Kasminto, keletan meja,padha-padha ngadep nyang ndalan ngarep omah. Kasminto dadi ora gugup.

“Iya mas..arep masak gule. Jare njenengan seneng gule”, Vania mancing omongan.

“Lho iki masak kanggo aku?”

“Iya sapa meneh, kan tamu adoh, kudu dihormati. Yen dijak mangan no njobo iku wis biasa.”

“Wah siip “ ngono tembunge Kasminto karo mbatin menawa iki syarat kang cocok kanggo dadi bojo. Pancen Vania ramah kaya sin dikenal nyang chatting lan telpon.

“Tak tinggal sedhela yo mas”

Vania mlebu ngurusi masakan sedhela karo ganti kaos.

Jare awit mau bengi wis nyiapke bumbu..gari nggongso lang nyemplungke daging.

Terus dheweke bali neruske jagongan.

‘piye perjalnan lancar ya saka Amrik?”

“lancar. Aku nyang Taipei ketemu wong jenenge Budi Subadirun, kenal kowe lho”

“oo iya iku kanca lawas. Bapake nduwe villa kanggo disewake nyang Sukabumi, dilengkapi pemandian banyu panas”, Vania njelaske. Saksuwene kerja dheweke sering mlaku-mlaku karo kanca kerja salah sijine yo menyang Sukabumi kuwi.

Adike Vania, Venty sing mau nemoni sepisanan,  bisik-bisik karo adhike Vania sing liya, Bunga saka njero kamar.

“Katanya dari  Amerika kok ndesit ya?” Venty umak-umik.

“sstt.. nggak boleh gitu. Kita belum kenal, gitu-gitu kuliah di amrik. “, wong loro padha bisik-bisik.

“ Daripada kita kuliah di luar negerinya cuma swasta ya” wong loro malah cekikian.

Vania karo Kasminto neruske jagongan.

“ana kancaku sing lagi sekolah no Hawai. Sering menehi hadiah kaos. Jenenge Ryan.” Vania neruske.

“Lha iki aku yo ngawa kaos kanggo kowe.Lumayan.”, Kasminto mbukak tas  plastik sing digawa karo ngelungke nyang Vania.

“Kancamu Ryan entuk beasiswa uga?”

“Ora ..dheweke dibiayai wong tuwane. Wong tuwane sugih.”

“Dadi kaos saka aku iki luwih berharga. Soale tak tuku saka nglumpukake tabungan sisa beasiswa. Ryan dhuwite akeh, yen mung nukoke kaos yo enteng. Opo meneh dhuwite kirimane wong tuwane. Yen kaosku iki nilaine dhuwur mergo dituku kanti susah payah”, Kasminto rada panas dibandinge karo Ryan.

“Wah pinter njenengan…” Vania nyaut.

“Bener ya..yen Ryan apa-apa njaluk wong tuwane…” Vania neruske.

“Nyata kan bedane?” Kasminto negeske meneh.

“Iya..iya Mas. Beda tenan. Sing siji putih parlente. Sing siji katrok..polos….hahaha” ngono guyone Vania.

“Ana gitar lho mas yen arep nyanyi”, ucape Vania nawari Kasminto ngerti kepiye hobine Kasminto.

“Lho kok ono gitar, nduweke sopo?”

“Iku nggone kancane Venty”

“ooo…ayo…”, Kasminto sajak semangat.

Ora suwe Vania ngetoke gitar. Obrolan pindah no kamar tamu.

‘Jreng’. Kasminto nyanyi lagune Koes Plus.

‘Terlalu indah dilupakan….terlalu sedih dikenangkan’ Andaikan Kau Datang ngawali minangka tembang sepisanan. Vania ora betah ngempet, karo mesam-mesem melu nyanyi.

‘Andaikan kau datang emari..jawaban ap ayang an kuberi’ reffraine apik..wong loro koyo koor swara siji loro tanpa direncanake.

Nyang njero adike Vania lan rewange dhoh glenak-glenik, karo ngguya-ngguyu. Lagi iki ono tamu ora sopan, teko-teko banjur nyanyi. Koyo tukang ngamen. Ngono celathune.

Disusul lagu bacute… Dewi Rindu..Telaga Sunyi. Ora krasa wong loro podho nyanyi nganti pirang-pirang lagu. Sedhela-sedhela Vania nyang pawong niliki masakane.

Kasminto ora lali nyanyekake lagu lawase Chrisye Angin Malam.

‘Angin malam….semerbak wangi bunga’

Vania kaget lan gumun.  Dheweke mbatin, iki jare wong kampung kok ngerti lagu Chrisye sing iki. Bar ngono malah Kasminto nyanyi lagu maut ‘Oh My Love’, tembange John Lennon.

‘oh my love for the first time in my live..my eyes are wide open’ lan sakteruse.

Wektu iki Vania ora nyaut, nanging meneng ngrungoke kanti telaten. Ketoke diresapi tenanan isi lagu kuwi. Pancen isine apik tenan.

‘I see the wind ooh I see the trees..everything is clear in my heart’

“Wah..surprise mas.  aku seneng banget syaire. Pirang-pirang taun aku kenal lagu kuwi, lagi iki ono sing nyanyeke. Permainan gitarmu jan pas tenan. Serasa ngrungoke petikan gitare John Lennon”, Vania ngelem tenanan.

Kasminto sok-sok ora krungu, isih jrang jreng  terus. Kamongko seneng banget dilem koyo ngono kuwi.

Bocah loro kuwi wis ketok akrab, yen ora ngerti mesti dikira kekancan wis suwe.

Ing sela-selane obrolan ono wong teka ngeterke tabung gas. Sakwise didokok no teras,  Kasminto ngewangi ngangkat mlebu menyang pawon. Terus masangke sisan selange.

Vania mbatin mas Kasminto iki kok beda karo kanca-kancane sing liya. Ora isin mbantu angkat-angkat, kaya nyang omahe dhewe. Cepet akrab. Gek teka mlaku saka teminal. Biasane Ryan yen pas mulih prei dolan mrono mesti diterake sopir. Utawa kancane liyane, Khresna, bosse nyang kanor lawas,  malah gur nunggu no mobil ora gelem mudhun. Khresna iki malah menehi kartu kredit Vania barang. Vania isoh nganggo sakgeleme. Nanging Vania ora gelem nggunake blas.

Wong-wong kuwi mesti teka ngajak sopir. Arang gelem ngobrol nyang teras omah utawa lungguh no kursi tamu.

Kasminto teka sarwa lugu. Ora ono nganggo gaya blas.

Bar nyanyi-nyanyi kasminto diajak mangan awan. Lawuhe gule masakane Vania.

“wah rasane mantep tenan”, Kasminto ngalem.

“iki gule Medan mas.”

“Iya rasane mantep”

Bar mangan awan teus Kasminto ngaja sholat dhuhur bareng. Adike Vania malah melu gabung sholat nyang kamar tamu.

Kira –kira jam siji awan, Kasminto njaluk pamit. Jane ngono isih betah jagongan, nanging kok ora pantes ketemu pisan suwe-suwe. Dino iki ish jagongan kang enteng-enteng. Kasminto durung wani rembugan bab sing serius. Sanajan nyang telpon utawa chat wis nate ngajak niah. Nanging dheweke sengaja ora ngomongke iku dhisik. Pelru wektu kanggo ngomongke bab kuwi.

*

Bubar ketemu Vania nyang daerah Rawamangun Kasminto mulih nyang Lebak Bulus. Bubar maghrib jagongan nyang teras karo mbakyu ipare.

Mbakyune ipar terus takon

“Piye dik sido ketemu Vania?”

“iyo mbak.”

“Lha piye cocok?”

“ya lumayan, pertemuan pertama gayeng, akrab. “

“Piye yen sesuk Vania diajak nyang proyek?” mbake nawari Kasminto merga mbake kuwi lagi nggarap proyek no Karawang.

“Coba engko tak telpon, tak takoke yo mbak”.

Sakwetara kuwi nyang omahe Vania bengi kuwi Ibuke Vania nelpon saka Medan pingin ndang ngerti kepiye sejatine Kasminto kuwi. Wektu ibuke nelpon malah sing njawab Bunga, adike.

“Uwonge sopan Mak. Gek gelem ngangkat tabung gas  barang. Mau malah pas sholat dhuhur dheweke dadi imam.

“ oo ngono yo..”

“iya mangan nyang omah yo gampang, dhokoh. Pokoke beda karo ancane Mba Vania sing biasa dolan mrene” Bunga njelaske marang ibuke.

“Mungkin merga wong desa, malah lugu ya? yen mamak malah seneng menantu sing ngene iki”, wangsulane mamake Vania.

“Ora koyo Ryan karo sapa kae sijine…eemm Khrisna”, mamake Vania mbacutke.

Bengi kuwi Kasminto ngelamun dhewe. Mikir-mikir sakdurunge turu. Jan-jane opo atine mantep bakal ngajak Vania urip bebarengan. Mau sore mbayune sing Mampang nelpon ngandake menawa ono gadis  sing manggon cedhak Lebakbulus kene, mahasiswa tingkat akhir PTS Jakarta pingin kenal. Jare bocahe ayu kerudungan, anake juragan tanah. Wah tawarane mbakyune kuwi marai bingung.

Lagi wae malah kanca dosen saka Suroboyo nulis email yen arep ngenalke karo mahasiswi Unair. Ditunggu nyang Suroboyo, yen sempat mampir ben iso tetepangan.

Kasminto malah kaombang-ambing atine. Kamongko niate mulih ki arep nemoni Vania. Bengi kuwi Kasminto nelpon salah sijining kyai Suroboyo kang manggon nyang daerah Bendul Merisi. Ksminto wis biasa sowan kyai iki mbiyen jaman isih no Suroboyo. Biasane nasehate apik lan cocok.

“Assalamu ‘alaikum mbah Kyai”

“oo wa ‘alaikum salam mas…piye ono opo?”

“ngeten mbah. Kulo rak nembe mantuk ten Jakarta. Kepanggih rencang wedok niki. Lha karep kulo rak badhe ngajak bebrayan. Ning nii kulo ko malah ragu-ragu badhe mutusaken.  Pripun mbah?”

“ooo ngono…yo..cobanen yo. Engko bengi yen wis bar turu, tangio..terus sholat tahajud riong reka’at. Lha bar kuwi wacanen ayat Kursi ping limangatus..” ngono welinge mbah Kyai.

“Gangsalatus mbah?”

“iya , limangatus. Ora keno cewet, kudu pas.” Mbak kyai mbaleni meneh.

Bener bengi kuwi kasminto tangi kiro-kiro jam loro. Sholat rong reka’at terus nindake amalan saka mbah Kyai Bendul Merisi mau.

Wah Kasminto ngrasa abot..wis maca ping piro..theklak thekluk..ngantuk..karo sendhen tembok…keturon, melek meneh….lambene lan ilate nganti garing…terus tangi…mbacutke meneh…mbuh opo yo genep macane. Pokoke sak isohe dieling-eling wis ping piro.

Yen maca tasbih utawa tahmid ping limangatus ngono mungkin yo entheng. Lha iki maca ayat Kursi sing dawa kuwi, wah yo mesthi nganti kemeng…

Akhire yo isoh tuntas nganti oleh limangatus, etungane Kasminto…

Teus kasminto turu nglepus nganti esuk, malah kepara subuhe telat.

Tangi turu, Kasminto dolan nyang omah ngarep cedhak soko kangmase. Nyang kono ono sepupune Kasminto sing wis nikah nanging ngembara nyang Jakarta. Kasminto jagongan sedhelo.

“Piye Kun menurutmu apa aku cocok karo Vania iki?”

Amboko Kuncoro iku durung tau weruh Vania, jawabane mantep

“Apik..teruske wae.”

Kasminto sajak marem karo wangsulane Kuncoro. Kasminto ngerti Kuncoro kuwi rajin poso Senin Kemis. Tur bocahe ora neko-neko blas. Dadi omongane yo isoh dipercoyo.

Bar soko omah ngarep Kasminto balik nyang omahe mase sing tengah. Mbakyu ipare wis nunggu nyang teras.

“piye dik karo vania kuwi?

“Rada ragu Mbak.

“Teruske wae Dik ..mas Tunjung kondo jare Vania kuwi bocahe apik kok”, ngono mbakyune njlentrehke meneh. Yen ngobrol karo mase dhewe malah kasminto sungkan, rada  ora  bebas. Ye karo mbak ipare iki malah rumangsa iso ngomong blaka suta.

Yo Kasminto tambah mantep.  Ketoke iku khasiate maca ayat Kursi mau bengi, ati tambah mantep.

Esuk iki rencana arep mara menyang omahe Vania meneh sisan diajak mlaku nyang Karawang ndeloki proyek Peruri. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

 

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.