KEMPALAN: Rumah tanggane Kasminto sempat ngalami gonjang-ganjing. Nalika kuwi Kasminto kagodha salah sijining wanita. Kasminto sering entuk tugas menyang Jogja kanggo mbina salah sijining PTS ana kana. Bola-bali nginep nyang Jogja. Ora nyana kancane SMA sing mbiyen tugas ana Klaten dipindah menyang Jogja. Awale ora sengaja ketemu Prabawati pas lagi mangan nyang Ayam Goreng Suharti. Bubar kuwi sering kontak lewat telpon utawa SMS. Prabawati pancen sakyahene durung rabi. Wonge ayu tur pinter nyandang, pantes merga pegawai bank. Kudu nggateke penampilan. Ketemu Kasminto rumangsa nduwe kanca jagongan lan numpahke uneg-unege. Kasminto ya ngono ngrasa dadi wong lanang tenan.
Kasminto sering ngapusi bojone menawa arep nyekar ibuke menyang Klaten. Kamangka mung arep janjian karo Prabawati. Nanging saya suwe apa sing ditindake Kasminto iku konangan. Iku asale saka critane sedulure Kasminto menyang bojone Kasminto. Sedulure sing manggon nyang Jogja iku sering meruhi Kasminto mlaku bareng karo wanita, sing ora liya ya Prabawati.
“Mas Kas kuwi yen nyekar kok mesti mampir Jogja lho mbak,” ngono sedulure menehi ngerti Vania.
Vania ya mbatin bojone kok rajinmen nyekar nyag Klaten. Saben minggu yen ora nyekar mesthi tigas ana Jogja. Nalika Kasminto turu, HP ne dibuka karo Vania. Vania nemoni tembung-tembung kang sajak intim. Akhire Vania takon Kasminto.
“Mas ana hubungan apa sampeyan karo Prabawati iki?”
“Halah gur kanca SMA. Gur kanca biasa.”
“Lha kuwi ana janjian ketemu nyang Jogja. Janjian mangan bareng.”
“Kan biasa ketemu karo kanca mangan bareng”.
“Aja selak mas. Ngaku wae.”
Kasminto pucet, ora isa semaur. Bubar kuwi Kasminto wis ora wani meneh mbaleni kelakuane sing kurang prayoga kuwi. Kasminto njaluk pangapura karo Vania. Janji ora arep mbaleni meneh. Kasminto ngomong yen sesambungane karo Prabawati mung sebatas mangan lan jagongan, ora luwih saka kuwi. Vania percaya penjelasane Kasminto.
Ananging ternyata ora tekan semono. Kasminto isih sering nyolong-nyolong ketemu Praba. Vania judheg mikir bojone wis meh umur 40 malah neka-neka. Vania nggolek informasi saka kancane Kasminto soal kyai sing nyang Bendul Merisi sing sering ditekani Kasminto. Vania akhire entuk alamate. Sawijining dina Vania nekani omahe pak Kyai kuwi.
“Mbah pripun bojo kula kok malah gandrung kaliyan wanita sanes?”, Vania karo nangis-nangis.
“Salah kula napa”, nagise tambah banter.
Pak kyai sing ora ngerti apa-apa ya ngetoke sikap kang tenang karo menehi penglipur.
“Wah..pancen penyakite wong umur 40an mbak. Gek bojomu mungki ya pinter ngomong. Dadi ana wae wanita sing seneng srawung cedhak karo bojomu mbak. Kudu sabar. Nanging ora papa. Engko bojomu sadar kok. Bojomu ora ngapa-ngapa.”
“Pripun supados Mas Kas saget nglaleke bocah wedok niku. Kula sampun sabar.”
“Ya upayanen yen bengi tangi sholat. Terus wacanen ayat Kursi ping 500, saksuwene 5 bengi.”
“Kedah 5 ndalu mbah?”
“Iya pancen ngono syarate”.
Vania sing jane ora tau nglakoni laku prihatin iku akhire ya nindake sarane pak Kyai kuwi. Yen bengi tangi lan maca ayat Kursi kuwi ngati ngantuk-ngantuk. Kasminto ora tau crita yen mbiyen arep mutuske nikah ya nglakoni ngono, nanging luwih enteng, gur sewengi. Saiki Vania pancen luwih abot. Ana wae pacoban. Merga pingin rumah tanggane aman, ya rapapa Vania nglakoni pituture pak Kyai.
Malah sedulure Kasminto nyang Jogja lunga nyang dhukun. Dheweke nggolek syarat kareben Kasminto utawa wong wadon kuwi ngadohi Kasminto. Diwenehi syarat karo mbah dhuun kembang dibungkus gombal mbuh apa isine. Kon mendhem nyang ngarep omahe Prabawati. Dadi sedulure Kasminto kudu madik-madik nggoleki omahe Prabawati. Bengi-bengi mrana kanggo mendhem syarate kuwi, wis kaya maling arep nyolong kae. Jane ya wegah, nanging merga ora pingin rumah tanggane Kasminto bubrah, ya dibelani karo sedulur sepupune Kasmino iki.
Mbuh sing endi sing luwih mandi, sawise pirang-pirang minggu akhire Kasminto sadar ora ketemu maneh karo Prabawati. Mungkin pancen lagi puber kaping loro, dadi Kasminto kepincut meneh karo kanca SMAne. Untung ora ana apa-apa. Vania sakploki kuwi dadi luwih gemati marang bojo.
**
Ora suwe Kasminto bar kelangan ibuke, entuk berita sing ngagetke. Wis pirang pirang dina bojone ngrasake awake ora penak. Terus dipriksake nyang dokter rumah sakit cedhak omah.
“Ini istri bapak sudah hamil dua bulan”.
“Oo gitu ya dok”, Kasminto nyaut cekak. Sepira kagete Kasminto. Antarane seneng lan gumun. Dheweke arep nduwe momongan meneh sanajan anake ragil wis umur 5 tahun. Iki ngono kalebu bonus. Nanging Vania malah bingung
“Mas isin lho umurku wis arep 40 kok hamil meneh”, ngono Vania.
“Kenapa isin. Nggak usah isin, hamil jelas sing nggawe kok. Yen hamil ora nduwe bojo iku lagi isin”, ngono Kasminto karo ngguyu lan sajak bangga. Vania wis ora isa semaur meneh.
Sing nggumunke iku, bojone lagi KB nganggo IUD. Wis kaping pindho iki bojone Kasminto ngandung nalika isih KB. Dadi Kasminto ya bingung kok isa tembus. Kamangka IUD iku jare kontrasepsi sing paling aman lan rapet. Ya kabeh merga kersane Gusti Allah, ya ora aneh isih tembus. Kasminto mbatin, ‘cilik-cilik ngene pancen awak-awak iki tokcer!’
Ketoke bubar pedhot sesambungane karo Prabawati Kasminto dadi kaya wong enom meneh. Tenagane tambah rosa. Vania dhewe kaget bojone kok kaya mbiyen jaman manten anyar. Ora gumun yen spiral wae nganti tembus. Vania jane batine ya seneng bojone kaya enom maneh.
Ning yen ngelingi jaman Kasminto gandrung karo Prabawati, atine isih anyel. Gek kurang apa dheweke, ngono mikire.
“Karena spiralnya masuk ke dalam rahim, ini bapak nggak boleh berhubungan badan. Takut nanti dinding rahimnya luka”, ngono nasehat doktere. Kasminto mrengut, cenut-cenut sirahe.
“Sampai kapan dok?” Kasminto isih penasaran.
“Sampai anak bapak lahir,”ngono jawabe dokter.
“Ha 7 bulan lagi dok?”
Kasminto mbatin , ‘Suwe men’. Kasminto ora percaya karo sarane dokter iku. Kudu ana penemu saka dokter liya. Kaya sarane uwong-uwong, yen menyang dokter aja langsung percaya karo siji dokter, kudu ana second opinion, ngono jarene.
Liya dina dheweke lan Vania menyang dokter kandungan liya. Vania eling yen nyang Surabaya ana dokter kandungan apik sing mbiyen nate ketemu wektu nyang Oklahoma niliki putrane sing sekolah nyang kana. Dokter iki luwih senior lan kenal apik. Dadi dokter iki wis akrab karo Kasminto lan bojone.
“Ora papa. Ora masalah mas hubungan badan, aman, rasah semelang”, ngono dokter sing iki karo ngguyu. Biasa Jawa ngoko karo Kasminto merga wis kenal apik.
Yes..yes!! ngono batine Kasminto. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi