KEMPALAN: Kasminto rumangsa saya seneng urip nyang kana. Urusan apa-apa gampang, ora nganggo mbulet. Ngurus SIM, ngurus KTP, urusan dokter, kabeh krasa gampang. Soal mangan ya wis ora ana masalah. Yen dina Setu utawa Minggu isa blanja menyang supermarket Asia nyang Oklahoma City, ibukotane Oklahoma. Jarak saka Norman kira-kira 45 menit perjalanan.
Supermarket Cao Ngu Yen dodolan sembarang kalir bahan panganan: beras, telo , pohug, jahe, kencur, sayur-sayuran, buah-buahan, sayuran kaleng, prasasat kabeh ana.
Yen kepingin menyang mesjid ya ana. Sholat Jumat utawa sholat wajib gampang menyang mesjid. Malah ana pelajaran djadwal dina Jum’at, Kasminto mesti ijin soale kudu sholat. Karo dosene ya diijinke asal ora ketinggalan materi pelajarane. Dadi urip nyang kana pancen apa-apa kepenak termasuk kanggo ngibadah. Nyang mesjid Kasminto kenal akeh wong muslim saka negara-negara Timur Tengah.
Nanging sok-sok ya isih kangen acara-acara kaya nyang Indonesia kaya kundangan, tahlilan, sepsaran bayi, bancakan. Wong kana nggolek apa-apa sing praktis. Dadi acara kaya ngono kuwi ora ana.
Tahun 1998 awal, nalika negara lagi gonjang–ganjing merga rega dollar munggah ndedel lan kahanan ekonomi lagi abot, mahasiswa Indonesia ngenekake Indonesian Nite. Kasminto seneng ana acara Indonesian Nite yaiku arupa pertunjukkan kesenian Indonesia sing dianake para mahasiswa Indonesia ana ing Universitas Oklahoma. Kasminto ngrasa entuk kesempaan nyalurke bakate. Acara iki dieneke rong tahun sepisan. Kanthi dibantu warga Indonesia kang manggon ana kana. Acara mengkono iki biasane disenengi mahasiswa utawa warga saka negara liya. Kaya biasane Kasminto kedapuk ngurusi babagan sing sesambungan karo musik. Yen urusan ngene iki Kasminto mesti ora kabotan, mesti ora nolak. Pancen kuwi kasenengane. Dadi ya dilakoni kanthi semangat.
Kira-kira karo tengah sasi sakdurunge acara para mahasiswa wis ngrancang acara-acara sing kira-kira bakal disuguhke, sing menarik minate penonton Ana tari Jaipongan, Tari Merak, Tari Papua, Tari Saman, ana angklung, ana vocal group, uga ana dhangdut. Biasane wong-wong saka manca seneng sebabe maneka warnane keseniam kang ditampilke. Acara ngene iki uga ndadeake para warga Indonesia nyang ana tambah guyub, tambah rukun, ora peduli suku utawa ras. Kabeh dadi siji nyengkuyung tumrap kasile acara.
Meh saben dina ana sing latihan. Ana sing latihan njoget, latihan dhangdut, latihan angklung, latihan tari. Kabeh mikul tanggungjawab miturut kemampuane dhewe-dhewe. Ibu-ibu ora ketinggalan padha mbiantu ngrancang kanggo konsumsi pas acara. Cekake kabeh melu njupuk bagian, dadi ketok guyub lan gayeng. Sanajan ana manca negara, tetep isih ngrasa kaya nyang Indonesia.
Kasminto mimpin latihan angklung lan vokal group campur dhangdut. Sing isa musik lan nyanyi diajak nggabung. Saben telung dina sepisan dianake latihan ana ing apartemene Kasminto.
Nalika lagi latihan ana sing nyumbang panganan. Warga Indonesia sing ora isa mbiantu acara ya mbiantu nyiapke suguhan kanggo latihan. Merga nyang negara liya suguhan ala Indonesia kaya gedhang goreng, lemper, tahu isi, resoles lan sakpitunggale laris tenan. Arang mangan panganan kaya ngono kuwi. Yen pas latihan sok-sok Kasminto muring-muring merga ana sing ora serius utawa ora cepet nyandhak yen diajari. Biasa merga Kasminto luwih tuwa, ya padha manut. Lagu Gundhul Pacul lan Manuk Dadali dadi lagu andalan vocal group. Lagu Terajana lan Kegagalan Cinta kanggo musik dhangdut.
Kajobo vocal group, lagu Gundhul Pacul lan Manuk Dadali awale dimainke nganggo angklung. Pas reffrain mulai mlebu swara vokal. Aransemen lagu digawe meriah, lagu daerah digarap nganggo selera pop. Pokoke gayeng tenan dadine. Ben penonton bule padha seneng, lagu kebengsaane Amerika ya disuguhke kanthi iringan Angklung.
Sing bagian liya ya ora kalah, padha sregep latihan. Tari Saman sing paling suwe latihane. Kudu trep gerakane ben ketok kompak. Merga Tari Saman iki apik lan nglibatake wong akeh, tari iki ditampilke paling pungkasan amrih penonton nduwe kesan sing apik lan ngrasa pingin nonton meneh Indonesia Nite rong taun meneh.
Dina H acarane wis teka. Wingenane wis padaha nganake gladi resik. kabeh dicoba kaya sing bakal dilakoke pas dinane. Panggung wis disiapke karo bocah-bocah awit mau bengi. Panggone ana ing gedung Student Union sing megah lan gedhe. Panggung dihias nganggo gambar candhi lan wit-witan, katon megah lan asri. Bocah-bocah dadi metu ide-idene kanggo nggawe panggung dadi kepenak disawang lan ana ciri khas IndonesiaAna mahasiswa seni sing mandegani gawe panggung iki. Tiket payu kabeh, kira-kira 200 tiket ludhes. Iki termasuk pertunjukkan sing rame. Yen negara liya, kaya Vietnam, Malaysia utawa India nganake acara ngene iki ora sepiruo payu. Wong kana wis padha niteni.
Ruangan pertunjukkan kebak. Akeh penonton warga Amerika. Saka wong tuwo nganti anak-anak ana. Sawetara kuwi sing arep ngisi acara lagi padha dandan lan siap-siap nyang mburi panggung. Padha dandan miturut seragam kelompoke dhewe-dhewe. Ketua panitia wis siap mbuka acara. Diteruske karo sambutan Konjen Indonesia saka Houston, sing keraya-raya diewangi teka nyang Oklahoma kanthi nempuh wektu 8 jam. Iki kanggo ngetokake dukungan pemerintah kanggo upaya ngenalke kabudayan Indonesia marang bangsa liya.
Kasminto ora lali nukoke tiket kanggo Diana. Diana kudu ngerti piye budayane Indonesia lam piye bakate Kasminto ing babakan seni.
Penonton wis ora betah pingin ndang ndelok pertunjukan apa sing arep ditampilke.
Sepisanan, tampil Tari Merak. Gamelan sing diputer saka kaset ndadekake suasana hening. Para bule mlongo ndelok para wanita ayu-ayu nari kathi gerakan kang luwes, anganggo pakaian adat Jawa sing dihiasi kretap-kretip kaya wulu manuk merak, nganggo slendang lan mahkota. Disawang kaya putri kayangan mudhun menyang bumi. Malah anak bule ana sing nyletuk.
“Is that real princess?” pitakone bocah bule marang ibuke, sangking gumune, lagi kuwi ndelok uwog nganggo mahkota lan slendang memper kaya permaisuri sing nduwe swiwi.
Ora wurung penonton padha keplok-keplok rame menehi applaus kanggo penampilan kang sepisan iki. Para mahasiswa kang arep tampil dadi ngaras tambah semangat lan wani. Ora inyah-inyih maneh.
Disusul bagiane Kasminto. Dheweke ndredhek. Lagi iki tampil nyang panggung nyang ngarepe para warga manca.
“The first song is American Nasional Athem” ngono celathune pranatacara alias MC. Yaiku lagu Kebangsaane Amerika, The Star Spangled Banner dimainke nganggo angklung. Ora maido, penonton langsung keplok-keplok banter. Ngrasa kebudayane dheweke dihargai para mahasiswa Indonesia.
Bar kuwi trus susana sepi. Padha hening menikmati tenan permainan angklung anak-anak Indonesia. Kasminto mulai ayem..ndredheke kurang. Tembang sakbanjure yaiku Manuk Dadali sing dimainke nganggo angklung. Pas mlebu reffrain disambung swara vokal kanthi diiringi gitar.Tembang iki ya ndadeke penonton kahibur. Keplokan ora uwis-uwis.
Para mahasiswa sing arep tampil tambah semangat lan percaya diri. Diana ketok kesengsem ndelok hiburan iki. Ora kendhat anggone keplok.
Tari Jaipongan tampil sakbacute. Jaipong tergolong sing meriah. Gerakan bokong megal-megol kairing swara kendhang kan gandem lan mantep dadi tontonan menarik. Iki ora soal saru, seni kudu diregani saka sisi seni. Para penari padha mudhun panggung ngajak penonton jejogetan bareng. Para wanita ayu iku nggeret tangane bule-bule kanggo diajak njoget. Swara gamelan Sundha kang rancak lan mantep ndadekake suasana merian banget. Mrinding lan trenyuh rasa iki krungu swara gamelan diputer adoh nyang negara manca. Hmm…. krasa, ngene iki lho Indonesia…
Sawise kuwi isih ana tarian Bali. Iki sumbangan saka putrane bapak Konjen saka Houston. Mesti wae wong-wong manca padha seneng ndeloki gerakan tari sing lincah, mripate molak malik, plerak plerok ngiwo tengen, lan gerakan tangane sing nekak nekuk angel ditiru kairing suara gamelan kang lincah rancak. Tontonan sing ngresepi tenan.
Disusul bar kuwi Dhangdut. MC wis menehi aba-aba. Nanging awit mau jane Kasminto karo kanca-kanca isih bingung amarga pemain ketipunge durung teka. Ora njedul-njedul. Jare ana masalah karo Vincent sing main keyboards. Terus mutung ora gelem teka. Repot tenan yen ana sing mutungan ngono kuwi. kabeh dadi melu stress. Kamongko sing isa main ketipung ki ora ana liyane. jan rebyek tenan.
Alat-alat disiapke. Gitar, keyboard, bass, ketipung termasuk icik-icik wis diangkat ana ndhuwur panggung. Pranatacara ngundang kabeh pemain munggah panggung. Cilaka..Hendri pemain ketipung wis bola-bali diceluk ora ngetok. Kasminto bingung….clingak clinguk. Dhangdut tanpa ketipung ya ra krasa dhangdute, sepa. Penonton mulai bisik-bisik takon jane apa sing kedaden kok ora ndang diwiwiti meneh.
“What;s going on?”
“Why so long?”
Pranatacara ya wis ngoceh ngalur ngidul kanggo ngisi wektu kosong. Hendri tetep durung njedul.Wah Kasminto mulai lemes. Latihan lan usahane seprene minggu dadi muspra…
Hadi, kancane Kasminto, ujug-ujug nduwe panemu sing apik.
“Mas celuk wae wong Konjen, ana sing pinter main ketipung”, Hadi ngomong umak-umik nyang cedhak kupinge Kasminto.
“Oo iya ya…sapa jenenge?” Kasminto sajak gemregah.
“Pak Atmaji”, Hadi mangsuli.
Kasminto ya ngerti ana salah sijining tamu anggota rombongan Konjen sing pinter main musik, dheweke lulusan ISI Jogja. Nanging awit mau ora kepikir yen isa kanggo ngganteni Hendri.
“Bapak Atmaji saka Konjen disuwun minggah panggung”, ngono celathune Kasminto saka ndhuwur panggung lewat mic.
Untung Mas Atmaji gage-gage munggah panggung, amboko sempat bingung kok dumadakan jenenge diceluk. Munggah terus lungguh kursi terus nyekel ketipung. Dicoba-coba sedhela, sajak wis mantep. Mulai.
Melodi gitare Kasminto lan kendhange mas Atmaji miwiti lagu Terajana.
Gayeng. Penonton Indonesia padha njoget. Kaya mau, terus ngajak bule melu njoget karo nekani menyang panggon lungguhe penonton, kang lungguh ing kelompok-kelompok sak meja bunder.
Nanging ya lucu bule-bule kuwi biasa dansa utawa disco saiki diajak joget dhangdut. Iramane kagok, beda tenan….nanging jenenge bule ya tetep ngregani wong liya. Wong-wong bule padha ngadek njoget saikisae. Wah marahi kelingan ndelok dhangdut nyang alun-alun Klaten jaman semana…Gayeng banget…Diana ya ketok melu njoget. pawakane sing sintal pancen cocok kanggo njoget dhangdut. Nyawang kuwi Kasminto ya mung mesam-mesem.
Bar kuwi wektune mangan bengi. Hidangan khas Indonesia disuguhke. Prasmanan ditata nyang pinggir panggung. Ana gado-gado, nasi soto karo sate lontong. Para tamu katon seneng lan marem mangan masakan Indonesia. Ibu-ibu lan warga Indonesia padha ngobrol karo bule-bule lan para tamu liyane, njelaske iku masakan apa lan saka apa. karo isih ngrembug tontonan sing uwis-uwis mau.
Isih durung entek kejutane. Johan salah sijining mahasiswa jurusan Tari, ngrancang tarian Papua, mbuh tarian apa, trus Papua bagian ngendi. Pokoke sing nari rai karo awake dicoret-coret putih abang ireng, terus nganggo kain sak pupu ora klamben, nggawa tameng karo tombak lan sirahe dihiase godhong. Wis kesane wong saka ngalas banget. Ana wong lima, joget lompat-lompat karo gedruk-gedruk, sedhela-sedhela bengok-bengok wouwo…..wouwo……karo ndangak-ndangak ngacungke tombak…..gedruk-gedruk maneh terus lompat diringi musik swara kendang ditabuh nganggo kayu. Khas kaya gaya wong ngalas. Kesane rancak lan liar. Penonton rame keplok-keplok..histeris.
Pungkasane acara ditutup ngango Tari Saman. Iki beda meneh, ngetokake kekompakan lan kerapian gerakan kang akeh variasine lan kabeh dilakoke kanthi lungguh. Penonton meneng nganti tarian rampung. Bar kuwi lagi padha keplok…MC ngumumke acara wis cukup, wis rampung. Nanging penonton durung padha lunga, isih lungguh. Bolak balik MC ngumumke meneh menawa acara wis rampung. Akhire para tamu mulai ngadek lan ninggalke panggonan kanthi esem sumringah sing nandake uwong-uwong kuwi padha marem.
Diana nggoleki Kasminto, mubeng-mubeng cedhak panggung. Dheweke mung pingin ngucapke selamat lan maturnuwun marang Kasminto merga wis diundang lan disuguhi tontonan lan pangan kang sarwa endah lan enak. Sawise ketemu nyang mburi panggung, Diana kaya biasane nyalami lan menehi sun pipi karo dirangkul.
“I am so proud of you Kas…. You are really multitalent, Kasminto. How could you do such lot of things?”, ngono kuwi pangalembanane Diana kanggo Kasminto kanthi rasa tulus.
Lagi iki rasane Kasminto entuk pangalembana sing pas, mranani ati.
Kasminto rumangsa marem wis isa nduduhke marang Diana lan penonton saka manca negara kaya piye kabudayane bangsa Indonesia.
Rasane bangga tenan bengi kuwi dadi warga Indonesia. Maneka warna seni kabeh apik-apik. Ana tarian sing alus kaya Merak, ana tarian rancak lan bebas kaya tari Papua, ana tarian rancak lan gerakan-gerakan kejut kaya Tari Bali, Jaipong sing megal-megol, utawa tarian Saman sing kompak, rapi lan variatif. Durung swara angklung saka pring sing swarane kemruncung. Swarane beda adoh karo alat musik modern. kabeh disempurnaake kanthi musik dhangdut. Siji lan sijine nduwe ciri khas dhewe-dhewe ora rugi wong-wong padha ndelok acara Indonesia Nite. Iki beda tenan karo acarane negara liya sing isine ming tarian thok. Tur tariane ya ora greget. Pancen Indonesia iki sugih samubarange kajobo rakyate.
(Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi