Ambane Jangkah
KEMPALAN: Kahanan ekonomi Indonesia sansaya mudhun. Rega dollar saya munggah. Akeh wong kangelan nggolek pangan, rega-raga mundhak. Untung Kasminto cepet-cepet ngijolake dhuwit rupiah sing digawa. Sanajan ora akeh nanging lumayan kanggo nambah-nambah sangu dollar.
Wong-wong Indonesia sing sekolah no Amerika mulai ngrasake akibat saka munggahe dollar iki. Ono sing adol mobil, ana sing mulai pindah apartemen utawa nggabung karo kanca amrih luwih ngirit. Nanging yo akeh sing tetep ora kena pengaruh merga wong tuwane nduwe simpenan dollar kang kanthi jumlah sing akeh. Yen Kasminto dhewe aman merga oleh beasiswa. Sanajan cilik, nanging terjamin dana beasiswa isa dicadhong saben wulan.
Kuliah wis mlebu semester anyar. Kasminto mulai njupuk kelas sing beda karo Diana. Kasminto wiwit arang ketemu karo Diana. Sadar yen sejatine akeh bab sing beda tumrap wong loro kuwi, Kasminto ora ngarep akeh ngenani sesambungane karo Diana. Nganti saiki jan-jane yo ora ana tembung tresna kang kaucap. Dadi ora ana janji utawa komitmen sing ngiket sesambungane.
Kasminto isih kulino chat lewat internet karo wong-wong Indonesia. Ana kanca chat sing mulai akrab, manggon ana ing Jakarta. Ya istilahe saiki hubungan jarak jauh. Nanging durung tau ketemu, paling banter telpon. Wiwitane jagongan ngalor ngidul, terus ngobrol soal sekolah, pakaryan, asal, kasenengan, suwe-suwe dadi akrab. Ana wong loro sing Kasminto ngrasa akeh kecocokan. Siji wis kerja, siji isih kuliah kedokteran ana Unibraw, Malang. Kasminto njaga sesambungan karo wong loro kuwi padha apike.
Bocah Indonesia sing nyang kono,umume mahasiswa S-1, jane ngono yo ayu-ayu. Malah ora mung ayu, sugih lan pinter-pinter. Nanging merga iku malahan Kasminto ora nduwe rasa wani kanggo njalin sesambungan khusus. Kasminto sadar dheweke mung dosen, yen bali mulih mengko yo gajine gaji pegawai negeri. Ora akeh. Dadi yen njalin sesambungan karo bocah sing sugih ya ora wani. Kamongka ya durung temtu anake wong sugih ki bakal boros uripe. Nanging Kasminto uwis wedi dhisik.
Ana kanca wadon saka Surabaya sing ayu, ramah, pinter. Anak pengusaha ekspedisi no Surabaya. Sakploke Indonesia Nite bocah kuwi cedhak karo Kasminto merga yo padha seneng nyanyi. Yen lagi senggang bocah kuwi sok-sok dolan nyang apartemene Kasminto, terus nyanyi-nyanyi. Isih pantes merga Kasminto sak apartemen wong telu. Dadi ana wong liyo.
Nanging mbuh kepiye Kasminto ngrasa kok rada ora sreg. Jalarane pas pesta ulang tahun kanca, jebul bocah kuwi melu-melu ngrokok lan ngombe minuman keras nganti mabok. Jane ngono bab kaya ngono kuwi lumrah kanggone wong Indonesia nyang kono. Wong-wong wadon iku padha ngrokok lan kuwi mau, ngombe. Nanging kanggone Kasminto kok rada ora lumrah. Umpama ngumpul sedulur terus ngrokok utawa konangan yen sering mabok, rasane kok ora pantes. Jane-jane saka kepribadiane, budi pekertine yoa apik, ora ono masalah. Akhire yo diputuske kekancan wae, Kasminto luwih pantes dadi kakange.
Bali meneh soal sesambungane karo wong Indonesia lewat internet lan telpon mau. Kasminto jane yo pingin ndang rabi lan mboyong bojone dijak urip bareng no Oklahoma. Nduwe bojo dokter mesti nyenengke, uripe bakal kerawat, isoh nulung wong akeh. Ngono mikire Kasminto. Sedulur-sedulur yo mesti bangga nduwe sedulur dokter. Merga awit mbiyen jane ibuke Kasminto pingin salah siji anake ana sing dadi dokter. Malah ono anake sing dijenengke kaya bojo salah sijine tokoh partai sing wektukuwi dadi dokter. Nganti saiki anake wis padha gedhe kuliahe ora ono sing nyang kedokteran. Malah mbakyune wis tau tes mlebu PTN ya milih kedokteran, nanging ora ketampa. Mantune yo durung ono sing dokter. Mulane Kasminto pingin banget entuk bojo dokter.
Sesambungan karo mahasiswa kedokteran Malang kuwi diteruse. Bocahe asli solo, bapak ibuke ugo dokter. Jenenge Widyawati. Saben telpon utawa chat mesti Widya iki crita piye sibuke praktikum, nggarap tugas saka dosene. Bar kuwi yen lulus kuliah isih kudu neruske koas. Kasminto mulai bingung meneh. Yen ngono ora isoh ndang diajak nikah terus diajak. Umure Kasminto wis saya tuwo nyedhake angka 30. Umur semono kuwi wis dadi ancer-ancer menawa kudu ndang omah-omah. Kesuwen yen ndadak nunggu Widyawati rampung kabeh anggone sekolah lan koas.
Sijine meneh kancane Kasminto wis nyambut gawe ono ing konsultan manajemen. Kancane iki lulusan PTN saka Bandung. Jenenge yo memper-memper Windarti. Meh saben ndina Windarti mesti nyambung internet. Jaman semono isih arang wong dolanan internet. Yen arep chat sok-sok kudu menyang warnet, mbayar jam-jaman. Windarti saben ndina online. Chat karo Kasminto. Yen wayah jakarta awan, Oklahoma pas bengi, selisih 12 jam. Wong kuwi wis ijol-ijolan foto. Ndelok praupane lan dedege, Kasminto ngrasa cocok, mbuh apa Windarti ngrasa cocok karo Kasminto. Sing penting Kasminto cocok dhisik.
“Misale aku ngajak nikah , apa kowe gelem Win?”
“Gelem…mas..gelem banget”, wangsulane Windarti.
Ngono salah sijine larik-larik obrolan Kasminto karo Windarti. Kasminto kaget, bocah iki jan-jane serius apa ora. Saksuwene iki Kasminto wis biasa dikuciwake wanita. Dadi jawaban ngono kuwi ora dianggep serius. Kamongko pas ngajak Wiranti nikah, angele ora njamak, lha iki ditakoni sepisan kok langsung gelem.
“Yen gelem tenan , prei semester ngarep aku tak mulih ya. Awake dhewe isoh ketemu” Kasminto njelaske rencanane.
“iya to? Bener kowe arep mulih mas?”
“iya serius. “
Kasminto mikir dhuwite cukup ora kanggo mulih. Semester kurang sesasi meneh. Musim panas iki libur 3 wulan. Yen mulih jane isoh katok tenan. Kasminto mulai takon-takon rega tiket. Ono rega murah. Ono maskapai Taiwan sing bar ngalami kecelakaan pesawat saiki lagi promo. Lumayan yen promo reko tiket isoh gur $600 pp.
Kasminto ngubungi mbakyune lan kangmase nyang jakarta. Ngubungi lewat telpon. Kasminto crita nduwe kenalan anyar saka iternet. Yen misale sido, wulan Mei Kasminto arep mulih.
“sik, dipikir dhisik. Ojo nganti engko kowe mulih jebul gur diapusi utawa ora serius”, ngono welinge mase.
“Ketoke ora ngapusi kok. Aku wis jagongan suwe lewat internet. Kira-kira wis rong wulan setengah, saben bengi chat”.
“oo yo..sing penting ora sah kesusu.”
Wis 3 dino Windarti ora tau nongol ono layar MIRC. Kasminto nulis email yo ora dibales. Kasminto curiga menawa Windarti iki pancen gur iseng ora tenanan.
Awan-awan ono telpon saka Jakarta. Kasmino ngangkat telpon.
“Halo karo sapa iki?”
“aku mas, adike mbak Windarti. Arep menehi kabar menawa mbak Windarti mlebu rumah sakit”, swara saka seberang kono.
“Sik-sik… lara apa?” Telpon wis ditutup. Durung ono jawaban. Mungkin merga telpon saka Indonesia ongkose larang. Kasminto bingung . Kasminto ngubungi mase sing jenenge Tunjung nyang jakarta.
“Mas tulung telponen nomer iki”, pesene Kasminto kanggo mase karo menehi nomer telpon omah kontrakane Windarti.
“Bocahe jenenge Windarti. Yen sempat tilikono nyang rumah sakit karo nggolek sisik melik piye bocahe”, Kasminto neruske.
Kasminto nunggu-nunggu kabar. Mase kuwi paling ora seneng nggathuk-nggathuke uwong kanggo jejodhon. Karepe yen nggolek calon bojo yo nggolek dhewe ora sah dicomblangi. Dadi kasminto yo pesimis opo mas Tunjung gelem tilik Windarti no rumah sakit.
Dino Senin Kasminto nelpon meneh no Jakarta. Nelpon kangmase.
“Mas piye, opo sido tilik?”
“Sido. Windari apa Windarti kuwi, lara demam berdarah. Malah wingi ketemu ibuke barang”.
Jebule Tunjung ngajak mbakyune lan kangmase Kasminto liyane lan kangmase ipare barang. Dadi wong papat padha tilik Windarti. Kaya umume wong tilik, Tunjung nggaweke oleh-oleh barang. Kasminto dhewe durung tau pethuk Windarti. Durung ngerti kepiye jane windarti kuwi. Saksuwene iki gur weruh fotone lan krungu swarane.
Kasminto dadi mikir, wah yen ketemu ibuke barang berarti wis mesti dikira serius. Malah teka wong papat barang. Kok kaya dadi wong lamaran.
Padahal Kasminto jane isih ragu opo yen ketemu yo fisike kaya sing nyang nggon foto. Terus piye soal solah bawa, prnsip-prinsip uripe opo yo koyo sing diomongke wektu chatting. Kudu diselidhiki dhisik. ono tutuge. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)









