Ambane Jangkah

waktu baca 9 menit

KEMPALAN: Kasminto nunggu-nunggu isoh chatting karo Windarti. Nanging ora kelakon. Windarti isih no rumah sakit.  Wingi Kas sempat nelpon adike. Durung jelas kapan Vania mulih saka rumah sakit. Akhire Kasminto nelpon kangmase meneh kanggo nggenahke kepiye Windarti kuwi.

“Piye wingi mas ketemu Vania?”

“lho jare Windarti?”

“Iku jeneng alias, nick name nyang layar MIRC, asline Vania Siregar.”

“Lha yo aku yo gumun jare wong Batak kok jenenge Windarti. Yo bocahe ketoke ya wanita apik-apik. Kan yo lagi ngerti sepisan iki, durung ngobrol akeh.” Tunjung nerangke.

Kasminto ora trima, kurang marem karo wangsulan saka mase sing mung ngono iku. Karepe ono tembung kunci kang ndadekake marem. Mase dhewe yo ora gelem menehi katerangan luwih dawa sebabe pancen durung kenal, wedi salah.  Nanging mase sing jenenge Tunjung iki ketoke mathuk karo Vania kuwi. Ora biasa dheweke nduwe semangat ngono kuwi babakan nggathukake sesambungane wong arep jejodhoan.

Cepet-cepet Kasminto nelpon mbakyune sing ana Mampang.

“Mbak piye wingi pas ketemu Vania?”

“Piye yo… Hmmm…yo bocahe lumayan, putih, ramah. Yen liya-liyane aku yo durung ngerti. Ibuke yo apik, ketok yen wong nyait”, ngono mbakyune kasminto njelaske.

Meh saben ndino mase kasminto, Tunjung, telpon nyang rumah sakit nakoke kondisine Vania, tekanan darahe piye, suhu badane piro, apa wis doyan mangan, lan sakpiturute. Vania dewe karo keluargane gumun kok Tunjung iki perhatian banget, kaya sedulur sing wis suwe srawung. Lha yen keluargane Kasminto perhatian banget karo Vania, mungkin Kasminto wonge yo ora adoh karo mase, ngono mikire Vania lan ibuke.

Jarene wingi Vania lara DB merga kekeselen. Iki ya amargo nuruti sarane Kasminto. Kasminto ki ngandani yen kerja rasah numpak taksi tapi numpak metro mini wae ben ngirit . Dasar pegawai negeri mikire mung ngirit wae.  Kok ya Vania kuwi manut, pirang-pirang ndina kerja numpak bis kota. Bar kuwi malah mlebu rumah sakit merga kekeselen.

Vania akhire diboyong karo wong tuwane ngaso ono Medan, ben isoh tuntas anggone ngrawat. Bapake Vania kerja ono salah sijine BUMN perkebunan ing Medan. Dadi keluargane manggon nyang kono.   Malah Vania wis mutuske metu saka pakaryane. Engko isih dipikir meneh nyambut gawe opo yen wis sehat.

*

Wektu kuliah wis nyedhaki prei. Kasminto wis mulai ujian akhir. Dheweke wis pingin ndang mulih. Yen isoh ndang ketemu Vania. Tiket wis dipesen. Dadi yen ora ono alangan tanggal 12 Mei Kasminto budhal. Iki beda karo mbiyen rencana sing diomongke nyang ngarepe bapake. Wektu iku dheweke ngomong mulih yen engko wis lulus. Ning manungso pancen nggawe rencana, Gusti Allah sing nemtokake. Ora jenenge nglanggar janji utawa sumpah, iki ngono upaya kepiye nggayuh pepinginan kang becik.

*

Saksuwene manggon nyang Medan, Vania isih sering chatting karo Kasminto lan Kasminto kerep nelpon. Ngomongake rencana suk kepiye ketemune, nyang endi, tanggal piro.

Nanging bapake Vania asline ora sreg tumrap sesambungane Vania karo Kasminto. Sebabe  jane aneh yen dinalar, nanging yo biasa yen ndelok adate wong Indonesia. Sakwijining dino bapake Vania sakwise ngerti critane sesambungane anake karo Kasminto, nggolek wangsit kanti marani salah sijining dhukun nyang daerah Tebing. Lungo mrono tanpo pamit bojo. Takon bab sesambungane anake karo wong sing jenenge Kasminto kuwi. Dhukune kanti meyakinkan ngomong ngene.

“ Pak, anak bapak nggak jodoh jodoh sama orang ini ”, ngono dhukune.

“Ha? Kok bisa begitu?”, bapake Vania kaget.

“Iya dilihat dari  tanggal lahir, jumlah suku kata dalam namanya nggak  gatuk.  Jika diteruskan, nggak apa=apa. Tapi dua orang ini nanti akan cerai setelah puya dua anak. Bapak mau percaya atau tidak silakan ”, ngono dhukune njlentrehke sakwise ngutak-atik jenenge lan tanggal lahir wong loro kuwi. Iki dhukune asli wong Batak Karo.

Bapake Vania sing rajin sholat kuwi percaya wae karo ramalane mbah dhukun,  sak nalika kemropok krungu tetembungane dhukun kuwi. Ora betah, bapake Vania ndang-ndang mulih kanggo nemoni bojone lan anake.

“Van, mas Kasmintomu nggak usah pulang saja ”, ngono ucape bapake Vania ngomong tanpa nglepas sepatu dhisik.

“Kasih tahu dia . Lebih baik  tetap di Amerika saja”, ngono bapake neruske gunemane karo muring-muring.

“Lho bapak ini bagaimana. Apa salah  mas Kasminto?  aku sudah terlanjurt ngomong mau  ketemu di Jakarta. Kan kasihan jauh-jauh, sudah beli tiket harga mahal segala”, wangsulane Vania.

“Dariada hubunganmu nanti berantakan berakhir di tengah jalan mending dari sekarang dicegah. Kasihan anak-anakmu nanti. Bapak nggak mau punya anak cerai”, bapake sansaya kemropok.

“Gimana pikiran bapk ini, Kita nggak bisa melarang anak orang untuk tidak pulang Kita saja belum pernah ketemu orangnya kok bisa percaya nggak jodoh.  Dukun kok dipercaya Pak”, ibuke Vania nengahi kanti luwih wicaksana lan alon-alon ngomonge.

“Bapak ini sholat tapi kok senengnya ke dukun“, ibuke neruske meneh.

Krungu omongane bojone, bapake Vania rada lerem.

Nanging isih durung marem. Bapake isih nggolek dhukun liya. Biasa yen wong nyang dokter sering nggolek second opinion, panemu liyane, ojo-ojo beda. Bapake vania lunga nyang pematang Siantar kira-kira 3 jam saka Medan, panggonan kerjane sing lawas. Nyang kono ugo ono wong pinter sing kondhang. Akeh pejabat utawa calon pejabat kerep teka mrono kanggo njaluk pituduh. Podho wae, dhukun sing iki yo ngomong sesambungane Vania karo Kasminto iki diterawang ing mangsa ngarep ono dalan sing peteng.

“Pak jangan diteruskan” ngono pesene dhukun. Bapake isih panas atine.

“Bapak tetep nggak setuju” ngono bapake pas tekan ngomah ngomong karo bojone.

“Sudah bapak nggak usah mengecilkan hati Vania. Vania sudah dewasa, Bisa mikir cocok atau tidak dengan Kasminto. Dukun hanya lihat nama dan tanggal lahir, Dua orang itu sudah lama berkomunikasi. Nanti Mei malah akan ketemu. Keputusannya bisa iya bisa tidak. Semua ada alasannya yang masuk akal. Bukan karena ramalan dukun” ngono bojone njlentrehke meneh.

Ora nyana jebul wong Batak yo ono kang  percaya karo dhukun.

Kasminto karo Vania sepakat ketemu ing Jakarta. Dadi Vania ugo kudu mabur saka Medan. Ana omah kontrakan nyang Jakarta sing dipanggoni adik-adike Vania sing lagi kuliah ono Jakarta.

Sak durunge mulih Kasminto sempat nelpon ibuke ana ndesa. Sanajan omahe ibuke durung nduwe sambungan telpon. Nanging ono paklike sing manggon cedhak dalan gedhe Polanharjo-Cokrotulung, kang wis masang telpon. Dadi kasminto nelpon paklike terus pesen 20 menit meneh arep nelpon. Sakjroning nunggu 20 menit kuwi, ibuke Kasminto dipapak. Ibuke Kasminto mara menyang omahe adhike sing nduwe telpon.

“Buk piye kabare?

“Yo apik. Saiki omah sepi, sakwise bapakmu ninggal, ibuk gur dikancani adikmu sepupu. Kowe piye le, rak yo podho slamet to?”

“iyo buk pangestune. Aku suk Mei sido mulih lho”

“Lha yo jare kangmasmu ngono. Jaremu mbiyen arep mulih yen wis lulus. Kok iki ujug-ujug pingin balik, ono opo?”

“Aku arep ketemu kancaku wedok.”

“Lha kuwi…..kowe kenal kan durung suwe. opo ora eman-eman? Mulih rak tikete larang to?”

“Iki wis ono kok dhuwite bu. Nyelengi sithik-sithik saben wulan”

“Lha terus yen engko tekan Jakarta terus kowe ki gur diapusi bocah wadon kuwi terus piye? Utawa ditolak, piye Le?” ibuke wis apal yen Kasminto ki bab sesambungan karo wanita nasibe rada apes.

“Ya tak cobane. Engko yen umpamane  gagal, yo tak nggolek liyane buk” ngono wangsulane Kasminto.

“Ya ibuk mung isoh dedonga Le. Muga-muga pancen iki dalane”, ngono ibuke cekak mungkasi telpon.

Jan-jane Kasminto ki yo isih ragu aja-aja mengko tekan Jakarta mung arep dikuciwake meneh. Ning dheweke wis mantep. Tiket wis nyang tangan. Umpamane ora cocok, yo isoh dolan-dolan tilik kancane lan sedulure, karo icip-icip masakane ibuke, utawa mangan no warung-warung daerah Klaten, utawa Solo sing panganae kondhang nyamleng.

Tanggal 12 Mei sore wektu Oklahoma utawa esuk-esuk wayah bangun, sakdurunge subuh wektu Jakarta. Kasminto diterke kanca-kancane nuju bandara neng Oklahoma City. Sakudurunge menyang bandara, mampir dhisik no restoran Vietnam, Pho Co Van. Menu andalan restoran iki sop mie saka beras, diwenenhi sisiran daging sapi tipis-tipis diwenehi thokolan utawa kecambah dicampur seledri wangi ala Vietnam. Masakan iki rasane seger lan sedhep.

Kasminto kaget lha kok sing nguntabke menyang bandara meh kabeh mahasiswa Indonesia sing nyang Norman Oklahoma. Kasminto bangga dijeni karo kanca-kancane, ning yo gumun kok kaya wong arep mulih saklawase. Kamongko Kasminto lagi entuk setahun sekolah mastere saka rong tahun sing direncanake.

Nyang dhuwur pesawat Kasminto ora isoh turu. Perjalanan sing meh 36 jam kuwi krasa suwe. Dheweke mung kethap-kethip. Sedhela-sedhela maca buku.  Kajobo kuwi, wis dislamurke kanti nonton film saka layar monitor sing dipasang no ngarep, dudu nyang monitor tempat duduk. Jaman semono durung model saben kursi ono layare. Ning yo krasa suwe ora tekantekan. Esuk pesawat transit nyang Taipei kira-kira 2 jam. Suwe rasane. Isih 6 jam meneh perjalanan menyang Jakarta.

Ono ing Taipei ketemu karo wong-wong Indonesia sing sak pesawat utawa para TKW. Karo nunggu penebangan sakbacute, Kasminto ngobrol-ngobrol karo wong-wong sing umume yo mahasiswa saka Amerika iku.

Ora dikira ora dinyana mbuh obrolan kok tekan Vania. Ono sing kenal karo Vania. Jare yo kenal saka internet.  Tambah panas Kasminto. Ojo-ojo Vania iki pancen kancane akeh ing dunya maya. Ojo-ojo yo kabeh pingin ketemu Vania kaya dheweke. Nanging Kasminto ora wani takon marang wong kuwi. Dheweke gur mbatin. Ning Kasmino nata ati umpama ora cocok utawa nguciwani yo ora sido.  Nanging dheg-dheging ati ora mendha.

**

Tanggal 13 Mei awan, Kasminto mudhun no Cengkareng. Hawa panas. Suasono uga panas. Dipethuk mbakyu ipare. Saka Cengkareng Kasminto nglewati Grogol. Dheweke nyawang sakperange panggonan kaya daerah Grogol, Universitas Trisakti rame akeh demonstran, pega ngepul warna ireng. Malah ana 4 mahasiswa sing ditembak nganti kelangan nyawa sedino sakdurunge.

Mahasiswa lagi padha demo nyang kampus-kampus Jakarta lan kota kota liyane wis awit wulan Maret. Pak Harto sing wis nyekel kuasa meh 32 tahun dituntut kudu mundur saka kursi panguasa. Masyarakat umume yo padhs ndukung gerakan mahasiswa iki. Masyarakat ngrasake Pak Harto sabsaya tega karo rakyate dhewe, anake, keluarga lan kancan-kancne, koyo Bob Hasan, didadeke menteri lan akeh wong-wong sing rasane ora trep yo didadeke menteri. Saben ndino ing sakperangane kutho mesti ana mahasiswa demo. Rego-rego munggah ndedel, masyarakat kangelan tuku barang-barang kebutuhan kanggo urip saben dinane.

Saben sore tentara nyiarke perkembangan Jakarta lewat TV. Ana wong-wong  sing sengaja nyoba nggolek simpati masyarakat wayah kisruh ngene.  Ora jelas endi sing bener, endi sing salah. Sakwise penembakan mahasiswa Trisakti, pirang-pirang ndina kerusuhan njalar ono sakwetara panggonan ing Jakarta. Toko dijarah, mobil dibakar, omah-omah warga China diobongi.

Nyang tengah-tengah kahanan ora jelas kuwi Kasminto nduwe misi kang penting kanggo masa depane. Dheweke pingin ndang ketemu Vania,kanca sing dikenal lewat internet  pirang-pirang wulan iki. ono tutuge. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

 

BACA LAINNYA

Ambane Jangkah

Kempalan News
1

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *