KEMPALAN: Saya cedhak wektu budhal, samubarange wis siap kabeh, kajobo bab hubungane karo Wiranti. Wektu budhal sekolah gari sisa sewulan. Kabar hubungane Kasminto lan wiranti isih durung jelas. Kasminto wis dipesen karo ibuke amrih ora sah kesusu mutuske bab urip bebrayan kuwi. Kabeh kudu dipikir kanthi wening, sebabe iki urusan kanggo saklawase. Yen isoh sepisan wae milih bojo lan isoh langgeng nganti tuwa.
“Wong lanang iku ombo jangkahe. Ora sah kesusu le”, ngono kuwi welinge ibuke.
Yo dino iki Kasminto siap-siap budhal no omahe Wiranti. Koyo biasane dheweke numpak sepeda motor. Kasminto Jranthal selak pingin ketemu Wiranti. Nganti lali ora nganggo helem. Dadi wis tekan etan ndeso balik meneh njupuk helem. Kiro-kiro setengah jam wis tekan omahe Wiranti.
Kasminto rada ora kepenak atine weruh ono sepeda motor diparkir nyang arep omahe Wiranti. Malah ndelok nomer polisine dudu sepeda motor daerah Klaten. Ora biasa. Kasminto alon-alon nyedhaki emperan lan ngadek no ngarep lawang. Sakdurunge ngetok pintu, dheweke nginjen soko jendelo ngarep.
Sepiro kagete Kasminto. Jantunge koyo pedhot. Kemropok tenan rasane.Pingin mbengok nanging ora kewetu. Pingin misuh yo ora tekan. Sakabehing jeneng kewan wis siap dipisuhke wiwit asu , jangkrik, wedhus…. Kabeh mau mergo ndelok sesawangan kang ora pantes ono ing ngarepe mripate dhewe. Ono wong loro lanang wadon lagi gandrung, ambung-ambungan ono kamar tamu…salah sijine yo Wiranti…Kasminto ora ngira ora nyana, ora percaya karo penyawangane dhewe..
Kasminto nguatke ati…ngetok lawang.
“ Kulo nuwun.” Lawang dibukak.
Roso cemburu no dadane ora isoh didhelike. Dadane panas koyo kobong. Nanging dheweke nyoba ngontrol perasaane.
“Oh dadi ngene to. Kok sliramu ora ngomong terus terang wae dik? Jebule koyo ngene yo tumindakmu!” Kasminto ngempet nesune, swarane ketus. . Wis arep dijotos prio sebelahe Wiranti. Nanging perkoro ngene iki, perkoro ati, ora isoh nganggo coro kasar. Kasminto isih eling tata krama.
Ora mangsuli pitakone Kasminto, Wiranti malah nangis. Yo mungkin dheweke ngrasa salah. Paribasan maling ngono, keno diarani ketangkep basah. Ora isoh selak maneh. Ora ono salahe Kasminto. Rupo yo ora elek, atine apik, tur yo tergolong lumayan pintere. Prio liyo sing nyang sebelahe yo ora ngomong opo-opo. Memang priyo kuwi dedege gagah lan bagus. Mungkin soko fisike pancen Kasminto kalah. Ning opo yo gur semono carane Wiranti mbiji wong lanang? Mesti ono bab-bab liyo sing Wiranti rasake nanging ora isoh kewetu, ora gur masalah fisik.
Ibuke Wiranti yo melu ngrasa salah soal sikap anake marang Kasminto.
“Sabar yo nak. Ketoke Wiranti wis angel dikandhani. Ora isoh dipenggak meneh Nak.” ucapane ibuke Wiranti alon. “Ibuk yo bingung kudu piye ngandhanine”.
Kasminto kuciwo. Kesetiaane saksuwene iki nyata-nyata ora diimbangi Wiranti. Wanito sing awan bengi tansah dipikirke iku malah wis cedhak karo prio liyo sing podho-podho pakaryane guru. Atine getun, nesu,kuciwo, kabeh campur dadi siji. Jebul wanito sing dipercoyo lha kok malah agawe kuciwo.
Mungkin witing tresno jalaran soko kulino. Mergo saben ndino srawung no kantor. Ora tahan ndelok keakrabane WIranti karo prio kuwi, Kasminto banjur cepet-cepet njaluk pamit. Nyang njero ati Kasminto ngucapke sumpah yen ora bakal ngambah omah kuwi meneh. Sanajan hubungane karo ibuke Wiranti wis koyo wong tuwane dhewe, nanging sikape Wiranti jelas-jelas nglarake atine. Ora sudi teko mrono maneh.
“Wis rapopo le”, ngono ibuke Kasminto nggedheke atine anake karo mbrebes mili nalika Kasminto tekan omah lan crito kedadeyan kang lagi wae dialami . Pancen Kasminto tergolong praupane biasa nanging yo ora ala. Wajahe yo gur roto-roto. Nanging minangka wong tuwa sing mbiyen nglahirke lan ngopeni, ibuke yo ngrasa sesek lan kelara-lara krungu opo sing dialami anakke.
Ibuke rasane ora lila ngerti anak lanange sing ora neko-neko kuwi disikapi ngono karo bocah wedok. Pancen awit jaman SMA Kasminto ki ora tau nduwe konco wadon sing akrab. Nganti kuliah yo ora tau nduwe pacar. Yen nyedhaki wong wadon mesti ora tau kasil. Lha iki nduwe sesambungan serius karo wong wadon lha kok jebul dikuciwake. Bedo karo kangmase Kasminto sing luwih bagus. Akeh bocah wadon sing sering teko nggoleki.
“Wong lanang larang regone, dawa jangkahe. Ora sah sedih kedawan-dawan. Saiki dipikir wae sekolahmu dhisik. Mbok menowo nyang negoro manca mengko malah ketemu jodhomu. Opo milih siji mahasiswamu sing semono akehe.”
“Weleh sibu iki kok koyo milih barang wae. Yen hubungan karo mahasiswa ki yo serba ora kepenak. Ora isoh dingerteni apike ki mergo apik opo mergo wedi.”
“Yo wis ditunggu wae. Yen wis teko titi wancine engko mesti ketemu kok le. Masmu Bambang mbiyen yo mbingungi, lha jebule kok rong sasi kenal konco no gerejo, terus njaluk rabi.” Ibuke nyoba nglipur anake.
Ora pingin kedawan ngrasa getun amargo apa sing bar dialami, Kasminto cepet-cepet balik no Suroboyo. Sore kuwi dheweke budhal nuju stasiun Balapan nggolek sepur sore. Saksuwene no perjalanan karo nyawang pemandangan kiwo tengen dalan sing dilewati sepur, Kasminto isih durung lali kedadeyan mau awan. Kuciwane Kasminto isih durung mendo. Sanajan Kasminto kepingin ngrasa kuat sebagai wong lanang mergo rasa tresnane wis dikhianati karo Wiranti nanging durung isoh ilang blas wirange.
Dheweke yo mikir jan-jane akeh mahasiswa sing yo katon ayu lan menarik. Nanging seprono-seprene mulang, ketoke yo durung tau ono sing bener-bener cocok ing ati. Nalika dadi dosen anyaran wis tau dheweke nyoba nyedhaki mahasiswine. Bocahe ayu, putih, ketok yen kopen lan yo ramah. Wis tau nyoba teko nyang omahe kepara kaping loro utawa telo. Malah wis tau jagongan gayeng. Nanging sesambungane kuwi ora mlaku suwe. Mergo, sakwijining dino pas lagi jagongan, mahasiswine takon bab sing kurang becik miturut penemune Kasminto.
“Bapak menawi kagungan pacar mahasiswa menopo nggih kerso mbiantu wektu ujian?”
“ oo ya ora. Iku ora dibenerke. Nerjang wewaler kuwi”, ngono wangsulane kasminto. Krungungono mahasiswane yo kaget, ning ora wani takon maneh.
Bubar kuwi Kasminto kapok ora gelem nyedhaki mahasiswi meneh. Wedi ora isoh mbedake tugas minongko dosen karo hubungan minongko wong lanang lan wadon. Malah wis nate ono wong tuwane mahasiswi nawani TV angger Kasminto isoh mbiantu anakke ben bebas saka DO. Nanging kasminto kanthi alus nolak tawaran kuwi. Batine dheweke “ butuhku bojo kok ditawani TV. Wis ora mathu blas”, Kasminto mesem dhewe yen kelingan iku.
Kajobo kuwi jan-jane yo ono sedulur utowo kenalane wong tuwane sing nawani ngajak besanan marang ibuke. Mbuh kuwi ajakane tenanan apa yu gur basa basi. Nanging yo nganti saiki durung nate ono sing cocok. Dadi kasminto wis mantep budhal sekolah tanpa nggawa bojo.
*
Wulan Agustus seminggu sakdurunge budhal, nyang omahe Klaten, Kasminto nganake syukuran, nyuwun donga lan pangestu, ugo pamitan para tangga lan para kadang. Koyo biasane tangga-tangga diundang, moco tahlil lan donga terus mangan sederhana.
Paklike Kasminto minangka wakil keluarga njlentrehke apa maksud lan tujuan para tamu diundang. Para tamu manthuk-manthuk karo sedelo-sedelo ngomong “nggih…nggih”.
Bar kuwi disusul tahlil dipimpin pak modin.
” Herngalim astofirlo, herngalim astofirlo. Ha ilaha ilolah….
” Him..him himkarnayo harto malo him him..
subhanallohi wa bihamdihim… subhanalloh her ngalim..
Ngono kuwi tangga-tangga podho gela gelo karo merem-merem moco tahlil sajak ngrasa wis khusuk tenan, wis rumongso wacanane paling bener. Tur yo ora ngerti artine apa. Soale pancen ora nate ono sing ngajari. Yo gur krungu-krungu wong tahlil ngono kuwi.
(astagfirulloh har adzim…, La ila haila lloh, irham naya ya arhama rohimin, subhanallahi wa bihamdihi subhanallahil adzim)
Bar tahlil, hidangan arupo sosis solo lan tahu isi metu, dibarengi karo teh anget legi.
Suguhane pancen krasa enak, gaweyane bulike Kasminto sing kondhang tukang gawe roti. Pendopone wong tuwane Kasminto ketok rame, ono sing ngrokok klepas klepus, pegane ketok kemebul, ndadeke suasono soyo gayeng. Wong-wong padha ngedapi pacitan karo jagongan ngglenik.
“Mas apa nyang kono yo ono sego?” Lik Edi takon.
” nggih dereng ngertos Lik. jarene nggih enten, berase saking Thailand” wangsulane Kasminto.
“Terus nyang kono blanjamu engko piro mas?” Lik Jamingan ganti takon.
“Yen dietung dhuwit mriki nggih kathah. Ning ten mriko biaya urip nggih dhuwur, dados nggih pas-pasan.” kasminto nyoba njlentrehke, sanajan dheweke dewe yo durung isoh mbayangke.
Bar kuwi wektune metu suguhan soto pitik kampung. Iki sing yo ditunggu-tunggu. Mangan bareng sanajan lawuhe ora istimewa krasa luwih enak. Amboko gur soto, sambel karo karak nanging rasane yo nyamleng tenan. Pancen acara kuwi ora gur urusan tahlil tapi yo karo syukuran. Kaya ngono kuwi adate wong ndesa. Ngumpul, jagongan terus mangan-mangan. Urip kroso guyub lan nyenengke.
Sakwetara kuwi bapake Kasminto mung isoh ngrungoke ramene suasono kuwi saka njero kamar karo ngarasake awake lara mergo radang paru-paru. Wis bola bali mlebu metu soko rumah sakit. Nanging yo wis ora isoh diobati meneh. Akhire diopeni dhewe nyang omah karo ibuke Kasminto. ono sambunge.
(Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi