KEMPALAN: Kasminto Kawin.
Wiranti isih jagongan karo ibuke Kasminto nyang ruang tamu. Wiranti iki kalebu ulet kanggo ngrebut katresnane Kasminto meneh. Kasminto isih nyang kamar mburi.
“Bu dalem panci lepat. Ananging manungso menika panggenanipun lepat, manungsa pundi ikang mboten kagungan lepat. Dados kalepatan menika nggih limrah to. Kulo janji mboten badhe ngambali malih. Nanging kok mas Kasminto tega nggih?”, ngono Wiranti crita marang ibuke Kasminto.
“Ya nduk ibu ngerti. Bener sing mbok omongke. Kabeh mesti nduwe salah. Nanging Kasminto wis tetep tekate, ora gelem meneh nampa kowe. Apa meneh dheke wis nglamar kenya liya. Ya wis engko Kasminto tak jake ngomong piye. Ning aja mbok arep-arep meneh”.
“Kas.. Kas!…mbok metu kene sedhela”, ibuke nimbali Kasminto. Ya sakgething-gethinge karo Wiranti kan ya mbiyen wis tahu dadi katresnane saksuwene 3 taun. Wiranti kuwi ya bocahe apik, gemati karo wong tuwa, ngladeni marang uwong, lan enthengan. Luwih saka kuwi gek bocahe ya ayu, putih, ramah. Jane ngono Ibuke Kasminto seneng banget nduwe mantu kaya Wiranti. Dadi yen isa ya pisah kanthi apik-apik, ngono panemune ibuke.
Kasminto metu. Ibuke ndang nyingkir nyang mburi. Rada angel anggone arep ngomong, antara tresna, mesake lan anyel. Kasminto nyedhaki Wiranti, nyawang raine Wiranti, rambute kang lurus, irunge sing mancung rada abang, lambene sing tipis abang, lan nyawangi mripate sing isih rada sembab merga nangis. Isih kenthel jane rasa tresnane marang Wiranti. Kenya iki sing kira-kira telung taun ngisi relung atine. Nanging bayangan raine Vania terus teka.
“Wis dik..kabeh wis kebacut, wis tamat. Tekan semene wae ya sesambungane awake dhewe. Wis elingana aku minangka kangmasmu. Aku percaya kowe isa nemoke priya liya kang luwih apik, luwih cocok kanggo pribadimu. Menawa saksuwene sesrawunganku karo kowe lan keluargamu aku nduwe salah, ya aku njaluk pangapuro. Sungkem kanggo ibu ya”, ngono Kasminto akhire isa kewetu tembung-tembung kang mbiyen sering dirungokake Wiranti, tembung kang adhem. Dudu tembung-tembung sengak kang metu saka ati kang kobong. Kasminto ya melu mbrebes.
Ora lali dheweke ngesun alise Wiranti, lan tangane loro ngrangkul pundake Wiranti. Wiranti malah terus nyenderke sirahe nyang dadane Kasminto. Dheweke ngrasa aman lan ayem. Jantunge Kasminto dag dig dug. Rasa tresnane durung ilang. Kasminto sadar brahine ora kena metu.
Wiranti durung mendha tangise sawise krungu tembunge Kasminto. Sawetara dinengke wae karo Kasminto ben isa metu kabeh rasa getune. Sawise ngono terus dirih-rih karo Kasminto. Rada suwe, akhire Wiranti meneng.
Ibuke Kasminto nyawang kedadean kuwi saka walik cendela kamar tamu, melu trenyuh lan ora kuat nahan luhe. Akhire ya mbrebes mili. Nanging minangka wong tuwo dheweke bangga meruhi anake isa nduwe sikap lan tumindak kang dewasa.
Wiranti terus pamitan mulih. Ora lali salaman karo ibuke Kasminto, malah karo ibuke Kasminto Wiranti dirangkul lan disun pipine kiwa tengen.
“Salam kanggo ibu ya nduk” ngono pangucape ibuke Kasminto.
Wiranti mulih numpak sepeda motor ngliwati dalan sepi nyang arah wetan. Dheweke getun tenan gara-gara nindake kesalahan siji nanging ngubah lelakon katresnane karo Kasminto. Umpama dheweke wektu kuwi isa nahan diri, ora nglarani atine Kasminto, mbok menawa saiki wis ngancani Kasminto nyang Amerika kana. Mungkin malah wis mbobot utawa malah wis nduwe momongan.
Saiki malah priya sing wektu kuwi dadi kekasihe ya malah wis ninggalke dheweke.
Kasminto ngleremke ati karo nyanyi nyang kamar mburi karo metik gitar lawase.
‘Kau datang lagi..kau tak sendiri…aku mengerti…bukan berarti kau kembali.
Tak perlu lagi..kita sesali..semua janji walaupun kini..tak terjadi…
Jangan pernah kau kira…hatiku tak akan luka…
Apa yang kau impikan..aku pun mendambakan…’
Kasminto nyanyi karo bengok-bengok karo merem-merem.
*
Wis pirang-pirang dina sakploke Kasminto nyang Indonesia ora tau mriksa email. Piye kahanan ing Oklahoma ora ngerti.
Dina kuwi Kasminto dikancani kangmase nggolek warnet menyang Klaten kanggo ngecek email sapa ngerti ana kabar wigati saka Oklahoma. Sawise numpak sepeda motor kira-kira 10 km akhire ketemu warnet nyang jalan Merbabu Klaten, etan dalan. Mbiyen mase lan mbakyune Kasminto nate mondok nyang kana . Saiki bagian ngarep diubah kanggo warnet. Kebeneran sing nduwe warnet kancane Kasminto SMA, dadi isa rada katok anggone dolanan komputer lan internet.
Nanging sakdurunge tekan kana mau Kasminto sempat mampir bank BRI Klaten arep njupuk dhuwit. Nyang kono ketemu kanca SMA-ne sing jenenge Prabawati. Prabawati iki mbiyen anak pejabat nyang Polanharjo, kanca TK-ne Kasminto. Bocahe putih ayu, luwes yen ngomong. Lulus TK, Prabawati pindah melu wong tuwane merga dipindah tugas.
“Lho njenengan kok nyang kene ta?” ngono pitakone Kasminto.
“Iya ora adoh-adoh. Lho Mas Kas kok tumben tindak rene?”, ngono Prabawati ganti takon.
“Iya mampir bar saka ngomah arep golek warnet. Kentekan dhuwit iki,” jawabe Kasminto karo ngelungke buku tabungan dilengkapi karo blango penarikan dhuwit.
“Oo ..sik-sik ya mas ”, Prabawati mungkur saka kantor ngarep nuju ruang liya ana sing diurus.
Terus Kasminto jagongan karo teller liyane.
“Mbak…, mbak Prabawati kuwi mbiyen jaman SMA tak taksir ora gelem lho”, Kasminto ngomong asal ben kancane Prabawati ngerti menawa Prabawati kuwi jaman SMA akeh sing naksir.
“Lho iya to mas?”
Teller kuwi banjur mlebu nyang ruang tengah. Mbuh apa sing diomongke marang Prabawati, ora let suwe Prabawati metu meneh.
“Mas Kas, lha njenengan mbiyen ora tau ngomong, aku ya ra ngerti”, ngono Prabawati ujug-ujug ngomong serius karo Kasminto.
Wah Kasminto mak tratap. Jane mung iseng yen sejatine awit cilik Kasminto kuwi naksir Prabawati. Jaman TK Prabawati iku wanita paling ayu. Anak camat, apa-apane kerawat. Gek kanca-kancane wektu TK isih umbelen, awake reget, mambu, Prabawati ketok beda dhewe. Awake resik, sandangane apik, ambune wangi. Nanging dheweke wis nglaleke merga wis suwe ora ketemu. Kajobo kuwi jaman SMA Kasminto ya ora wani ngomong. Akeh kanca-kancane sing sugih-sugih padha naksir Prabawati. Dadi Kasminto mung mendhem nyang njero ati. Ora ngira saiki ketemu nyang panggonan lan wektu kang ora kanyana.
“Putrane pira mbak?”
“Lho aku durung omah-omah Mas”, jawabe Praba karo mesem lan mripate ngedip-ngedip.
“Wah mosok, apa wong kene padha wuta, ora weruh piyayi ayu ya”, ngono Kasminto.
“Weleh njenengan ki isa wae”, ngono Praba sajak seneng tenan krungu carane Kasminto mbombong.
“Lho tenan. Lha aku ya ora wani naksir njenengan. Aku ki sapa”, Kasminto lagi wani ngomong, karo atine rada oleng meruhi wanodya iki. Bener iki tresna sepisane dheweke. Sawetara Kasminto lali menawa ora suwe meneh dheweke kudu nikah karo Vania.
“Halah Mas…jaman SMA lho akeh sing pingin kenal. Lha njenengan bintang kelas, pinter main gitar”, ngono Praba meneng-meneng jane ya ngagumi Kasminto.
“Sik lha njenegan putrane pira?” Praba ganti takon.
“Lha padha aku durung nikah”, Kasminto ora neruske ngomong menawa arep nikah. Wong loro kuwi malah jagongan, lali yen kiwa tengen akeh uwong.
“Lha saiki lenggahe nyang ngendi?” Praba ketok pingin banget ngerti soal Kasminto.
“Aku lagi tugas belajar. Iki lagi mulih prei.”
“Lha durung ana sing ngancani? Aku gelem lho ngancani..hehe”, ngono Prabawati guyon ning ya nduwe karep.
Kasminto tambah bingung. Nalika wis nyedhaki wayahe arep nikah kok lagi ketemu meneh karo Prabawati. Kenapa ora mbiyen –mbiyen. Wah Kasminto kudu nggolek alesan ndang pamitan.
“Sik mbak aku kesusu, ditunggu masku”, Kasminto pamitan karo getun, nanging ya merga wis kebacut nduwe kesepakatan karo Vania.
“Wah piye ta mas, lagi gayeng kok malah kesusu. Niki kartu kula mbokmenawi mbetahaken”, Prabawati ngelungke kartu nama kanthi pengarep-arep Kasminto gelem ngubungi.
Jane Kasminto ya isih pingin jagongan malah yen isa sesambungan raket karo Prabawati. Nanging kepiye meneh wis kebacut nduwe janji lan rencana arep ngajak omah-omah karo Vania. Coba ketemune mbiyen sakdurunge kenal Vania, mbokmenawa critane isa beda.
*
Kasminto mulai mbuka browser, mriksa email. Ora ana sing wigati kajobo ana email saka Diana. Atine Kasminto dheg-dhegan. Ana apa kok Diana ngirim email.
“Dear Kasminto,
How are you doing? Kasminto where are you? I have been looking for you. I did not see you for a while.
Don’t you need me to cut your hair?
Please let me know if you need me.
Take care,
Diana
*
Kasminto dheg-dhegan maca email saka Diana. Mesti terus pikirane nglayang kelingan lelakone karo Diana. Sanajan durung suwe anggone kekancan karo Diana nanging pancen kesane jero tenan. Sepisan iki sesrawungan karo wong manca lan isa cepet akrab.
Kasminto kelingan yen ngeterke mulih Diana bengi-bengi karo ngrangkul sanajan luwih cendhek. Utawa, ngepasi sinau bareng nyang perpustakaan. Lan sing paling kelingan mesti wae pas dicukur rambute. Wis ora bakal kebayang sirahe Kasminto diuyel-uyel wanodyo ayu saka Kolumbia. Kasminto mengko kudu isa njelaske marang Diana yen umpama sida nikah karo Vania.
“Dear Diana,
I am doing fine. Hope you’re doing good too. I am now in my country for about 3 months. I have something very important to do. Are you taking summer classes?
See you.”
*
Ora tekan Kasminto arep crita yen lagi nunggu dina pernikahane. Mbokmenawa ora dadi ngapa kanggone Diana menawa dheweke crita, amung Kasminto dhewe sing ora kepenak.
Kasminto terus mampir nggolek sepatu nyang Matahari, proliman Kanjengan, Klaten, diterake kangmase. Wingi wektu nyang Medan, jas kanggo pesta wis dipesenke karo wong tuwane Vania. Dadi gur kurang sepatu wae.
Lagi iki Kasminto nggolek sepatu kulit rega sing rada pantes. Merga kanggo urusan pesta nikah sing sak skwene urip gur sepisan. Dadi, kudu milih sing wangun.
Vania nyang Medan ugo ora sepi saka godha. Khrisna sing wis rada suwe ora tau ngubungi, kok ya ujug-ujug nelpon. Nakoke kabare. Jare wingi bola-bali nggoleki Vania nyang omahe Rawamangun nanging ora tau kepethuk. Banjur ya ngomong niat arep nglamar menawa Vania gelem.
Vania dadi bingung. Kok kaya ngene dadine. Mbiyen sakdurunge Kasminto nglamar, padha anteng-anteng wae. Saiki kok kaya lomba lamaran. Vania nampik kanthi alus. Soale dheweke ora yakin yen uwong-uwong kuwi padha tulus ajakane. Mung Kasminto sing saka wiwitan wis ketok tenanan. Apa ngene iki godhane wong arep bebrayan , ngono pikire Vania.
*
“Dadi suk piye rencana acara nyang Medan?”
“ya suk sibu karo mas lan mbak budhal saka jakarta kira-kira 3 dina sakdurunge pesta.
“Terus nyang kana piye?”
“Ana pakcike Vania sing omahe amba, cedhak panggone Vania. Isa nginapnyang kana 3 dina kuwi”
“Oo ngono”.
“Bulik paklik, pakdhe engko diaturi pas ngunduh mantu wae.”
“Ya wis mathuk”.
Kasminto menyang Jakarta, nginep nyang omahe kangmase. Nginep pirang-pirang dina. Bengi pas lagi nonton TV ana telpon saka Oklahoma.
“Mas piye kabare?’
“Ee Hadi piye-piye?…. apik iki kabarku.”
“Mas piye wis sida ketemu karo mbak Vania?” pitakone Hadi selak pingin ngerti.
Hadi salah sijining kancane Kasminto sing paling sumelang wektu Kasminto mulih. Hadi ngerti yen nyang MIRC akeh wong chatting nanging apus-apusan. Dadi Hadi wedi Kasminto sing lugu kuwi gur bakal diapusi.
“ Dadi ..suk tanggal 24 nikah.”
“Ha? Nikah? Hore-hore ….mas Kas nikah… mas Kas nikah…. Ngono Hadi bengok-bengok…ketok bungah lan kanca-kancane padha rame.
“Selamat mas..selamat “, swara cemeblung saka seberang kana lewat telpon.
Nyang kana ketoke bocah-bocah Indonesia lagi padha ngumpul nyang apartemene Kasminto sing dipanggoni karo Hadi. Yen malem minggu mesti padha nglumpuk.
“ Wah Final Piala Dunia Perancis isa nonton karo bojo mas ngono ucapane Hadi saka kana. Pancen tanggal-tanggal Iku wayahe final Piala Dunia Perancis 1998.
“Iya ..yen ora nonton ya bal-balan dhewe Di..hahaha” ngono saute Kasminto karo ngakak.
“wah bolane beda mas…bola sodhok”, Hadi ya ngakak. Telpon terus ditutup.
Kurang 10 dina, Kasminto wis menyang Medan nuruti karepe wong tuwane Vania. Mungkin sumelang yen Kasminto bakal mlayu.
Karo nunggu dina pernikahan, Kasminto diajak sowan sedulur-sedulure nyang kota liya. Kasminto dadi luwih kenal karo daerah Sumetra Utara lan suku Batak. Kasminto lunga nyang Pematang Siantar, tempat lahire Vania. Kutho ang adhem kepenak kanggo urip. Kasminto ya diajak menyang kabanjahe, cedhak Brastagi nekani sedulur karo ngeterke undangan.
Kurang seminggu sak acara, Kasminto karo Vania nekani KUA kanggo ngrungoke nasehat saka ketua KUA.
“Bang Kasminto agamanya apa?”
“Islam pak.”
“Bisa bacaan niat sholat subuh?”
“Saya nggak baca niat pak kalau sholat,” ngono jawabe Kasminto apa anane.
“Lho kalau nggak niat terus bagaimana? apa sah sholatnya?”
“Dalam hati”
“Bacaannya?”
“Ngga pakai bacaan Pak”, Kasminto tetep ora gelem maca niat sholat.
Vania mulai emosi kok mas Kas kuwi mbulet, kok ora dijawab wae ben ndang rampung..
“Kalau bacaan niat sholat dhuhur?”
“Saya nggak pakai baca niat Pak.”
“Lho bang Kas ini NU atau Muhammadiyah?”
“Saya Islam.”
Ketua KUA mulai kemropok, calon mantene ki kok kemaki, ditakoni banggel, malah ora tau mangsuli.
“Bang Kas ini kerjaannya apa?”
“Saya dosen pak”.
“Ooo dosen… maklum ya…dimana?”
“Di Surabaya…”.
Vania ora sabar.
“Pak ini ada titipan dari bapak saya”, Vania nyelani karo ngelungke amplop .
“Wah apa ini…terima kasih”.
Akhire ora suwe pertemuan kanggo nasehat pernikahan kuwi rampung. Kasminto ngira bakal dinasehati apa kang kudu dilakoni wong kang wis nikah, apa sing kudu dieling-eling, tanggungjawab lan kewajibane wong lanang lan wong wadon.
Nanging Kasminto kuciwa amarga malah ditakoni bacaan niat sholat. Kasminto ngrasa dheweke kaya diuji.
Wong loro kuwi terus mulih.
Nyang omah sedulure padha takon piye mau acara nasehat pernikahan. Vania crita karo nesu.
“Mas Kasminto ditakoni niat sholat kok ora gelem njawab.”
“Lho aku pancen ora maca niat.”
“Coba dijawab kan cepet.”
“Lha nasehat nikah kok malah isine dites,” Kasminto mangsuli.
“Kan bisa dijawab saja Kas biar cepat”, usul pakcike.
Ora suwe mbahe Vania sing sering diundang ‘nini’ terus nyaut
“Yen Kasminto ora niat, ora bakal sholat.”
Krungu ngono terus Vania mikir…oo maksude niat ki ngono. Wong yen ora niat pancen ora bakal tumindak.
Kangmase lan mbakyune, lan ibuke Kasminto wis teka 3 dina sakdurunge acara nikah.Padha nginep nyang omahe tulange (om) Vania sing ugo dadi dosen. Nyang kana apa-apa wis diurusi karo tulange Vania. Padha krasan merga tuan rumahe pancen nyenengke lan melayani tamu.
Tanggal 24 juli 1998. Esuk wis dianake akad nikah nyang omahe Vania. Acara mlaku kanthi hikmat lan lancar. Bubar kuwi ibu-ibu pengajian nyanyi puji-pujian diiringi rebana. Terus disusul acara adat. Saben sedulur sing teka nyalami, terus ngalungke ulos karo ndulang sak sendok sego khas Batak. Bar ngono temanten disawuri beras karo ngucap ‘Horas ..horas…!’
Ndelok ngono kuwi jane mbayu lan kangmase Kasminto ngguyu kemekelen.. nanging diampet…Iki adate kok kaya wong ndelok bola nganggo soraks-sorak, batine. Nanging kaya ngono kuwi pancen kanggo pepak-pepake adat sing kudu dihormati.
Acara nganti awan. Terus disusul bengine acara ana ngarep omah. Dalan ditutup, dideke panggung. Acara iku ngundang para tangga cedhak. Ora ana acara kang resmi, isine mung kanggo syukuran lan ngibur para tamu. Ana nyanyi-nyanyi lan joget tor-tor. Kasminto karo Vania ora lali didapuk nyanyi. Lagune Koes Plus sing paling gampang ditembangke. Rong lagu dinyanyeke, Manis dan Sayang karo Dewi Rindu.
Para tamu padha mesam-mesem ndelok pengaten nyanyi bareng, swarane ketok pas, ora slenco. Malah dho mikir kapan latihane. Kira-kira jam 10 bengi acara nyang omah lagi rampung, Kasminto awake legrek. Kekeselen.
Sesuke diteruske acara pesta ana gedung cedhak Polonia. Esuk-esuk Kasminto ngombe Paramex, sirahe mumet. Isih kurang marem, Kasminto njaluk dikeroki ibuke nyang kamar pengantin.
Weruh kuwi kedadean kuwi, Bapake lan ibuke Vania mesem-mesem.
“Kasminto masih manja sama mamanya”.
Ibuke Kasminto gur mesem krungu mertua Kasminto nyemoni mantune. Vania ndeloki kanthi tenanan kepiye ibuke Kasminto ngeroki anak lanang ragile kuwi. “Aduh..duh…duh..alon-alon buk”, Kasminto rada mringis-mringis karo ngobahke pundake merga rada kebanteran kerokane ibuke. Vania malah ngguyu ndeloke bojone kuwi kelaran. Vania mbatin yen dheweke mengko kudu isa ngeroki kaya ibuke kuwi. Mesti iki wis kebiasaan awit cilik, ora bakal ilang sanajan wis mambu hawa Amerika, kerokan ya tetep wae.
Awane disusul pesta nyang gedung . Akeh tamu teka ning ora ana sing Kasminto kenal. Kabeh tamu saka keluargane Vania.Kasminto wektu kuwi kelangan kanca-kanca sekolah utawa kuliah. yen ana sing isa dikontak mesti adoh saka Medan. Kasminto gur kenal karo mbakyune lan kangmase dhewe. Dadi Kasminto kudu ngguyu lan mesem nyalami para tamu saksuwene acara sanajan ora ana sing dikenal, nganti kemeng lambene. ono tutuge. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi