Kamis, 23 April 2026, pukul : 00:18 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Kasminto lungguh no sofa kamar rumah sakit. Entuk kamar persis kaya jaman Pramudya lair. Kamare gede, ana sofane, ana 2 bed, siji kanggo pasien, siji kanggo sing nunggu. Saiki Kasminto dikancani Pramu.  Nunggu Vania lagi dioperasi. Vania kudu dioperasi cesar merga tatu operasi sing lawas durung pulih, ora isa nglairke cara normal. Malah Vania kena keloid nyang bekas operasine. Dadi dioperasi panggonan sing padha karo operasi sing sakdurunge. Kasminto isih sumelang yen ana apa-apa karo Vania, Deweke eling jaman operasi ana nomer loro mbiyen. Nanging niteni saka pengalaman, biasane nyang kono apa-apa luwih aman.  Operasi kira-kira butuh wektu 1,5 jam. Bayi lan ibuke slamet.

Kaya biasane Kasminto entuk tugas ngethok plasenta utawa tali puser, terus adzan. Cocok karo hasil USG, anak nomer telu lair wedok. Kulite putih rambute rada abang, kaya bule. Mungkin pengaruh hawa lan panganan.

Sakwise telung dina, wayahe Vania mulih. Kasminto sing lagi lungguh nyang kursi kamar rumah sakit diparani petugas bagian keuangan rumah sakit. Kasminto wis wedi yen arep ditagih bayaran kanggo operasi.

“Are you Kasminto, Vania’s husband?”, pitakone ibu-ibu saka bagian keuangan.

“Yes I am”, wangsulane Kasminto pendek karo deg-degan, mikir yen ditakoki bayaran arep njawab apa.

“Well, do you want to apply for charity program?”

“Yes I do”, jawabe Kasminto, rasa deg-degane mulai kurang.

“Okey just write your name, and sign here also I need your bank account balance and your pay check” petugase kuwi njaluk saldo bank karo bukti gaji bulanan. Bar syarate kuwi digenepi terus petugase lunga karo pesen yen mengko arep ngubungi lewat telpon hasile piye.

Kasminto karo Vania lan anake entuk mulih. Ora lali Vania diweling doktere kon akeh gerak ben ora ana timbunan nanah nyang bekas luka bagian njero. Bekas luka kudu kena banyu yen wayah adus.  Ora ana masalah soal tagihan, Kasminto karo Vania lan anak-anake bebas ninggalke rumah sakit.

Limang dina, stepler sing kanggo nyambung luka bekas operasi Vania dibuka karo Kasminto. Wis pulih lukane. Ora ana kasus infeksi sing kaya wektu nyang Medan mbiyen.

Kasminto sakwetara ora isa nggendong lan ngudang bayine merga sikile isih durung mari. Nunggu kira-kira 3 wulan, nganti Kasminto sikile pulih.

Awan-awan Kasminto lagi sinau nyang omah, nada telpone muni. Kasminto ngangkat gagang telpon. “Hello, may I talk to mister Kasminto?” suara wanita saka seberang kono.

“Yes this is he”, jawabe Kasminto rada nratab, atine was-was yen ditagih rumah sakit.

“ I am Linda,  from Norman Regional Hospital. Congratulations Mr Kasminto…!!You don’t need to pay the bill for your daughter birth”, ngono petugas rumah sakit meneh kabar Kasminto.

Kasminto ora isa nahan senenge…malah mbrebes mili, dhuwit semono dibebaske, gek ora nganggo repot mrono mrene, cukup dihubungi lewat telpon.  Operasine Vania sing entek sekitar 18.000 dollar kuwi gratis. “Ono apa mas?” Vania krungu gunemane Kasminto.

“Kabar saka rumah sakit, biaya nglairke wingi bebas. Dibayar saka dana charity rumah sakit”.

“Alhamdulillah…”, Vania nyaut karo mbrebes. “Rejekine Sonia”, ngono Vania nyebut jenenge bayine. Sonia Prihatini. Jeneng iki minangka tetenger menawa anake lair nalika bapake lagi nandang prihatin, bingung nggolek biaya kanggo nglairke, malah tambah ngalami kecelakaan sisan.

Kasminto neruske mbantu riset Dr Conway nyang Microbiology. Saben dina munggah mudhun bis nganggo krek. Deweke ngrasake rekasane piye wong cacat sikile. Mlaku susah, sholat susah, adus susah, ganti klambi ya susah. Pokoke beja wong kang apa-apane genep.

Deweke kelingan endah sepira rekasane yen wektu kuwi ora ditulung Dr Conway, wis ora entuk beasiswa, sikile retak, terus kudu mbiayai Vania nglairke. Lengkap rekasane. Nanging untung Gusti Maha Welas, kabeh ana dalane dewe-dewe. Siji-siji diparingi dalan.

*

Anake mbarep wis umur 3 taun luwih, mulai diiloke play group no mesjid. Bahasa Inggrise wis mulai lancar. Kasminto seneng ngrungoke cara ngomong lan logate anake, wis kaya bocah Amerika.

Umur 5 sasi Sonia diajak mulih mamake nyang Medan arep methuk Ratih. Vania perlu wektu kanggo kenal meneh karo Ratih sing wis suwe ora ketemu. Deweke karo Pramu lan Sonia mulih disik. Nyang ndalan Vania kudu nggendong bocah loro, Parmu isih durung wani mlaku dewe. Dadi Vania ngotong-otong anak loro trus nggawa koper gede-gede. Rebyek tenan.

Mengko Kasminto nyusul, terus balik Oklahoma bareng-bareng.

Sakwetara Kasminto ijen meneh. Deweke nggolek kanca kanggo sharing apartemen, ben rada murah. Ketemu wong Emirat Arab, jenenge Umar. Umar iki mahasiswa S1,  bocahe apik, sinaune tenanan. Sayange siji, aduse mung seminggu sepisan. Dadi kringete gandane brang breng. Mungkin nyang negarane banyu larang dadi kudu diirit-irit. Dadi yen Kasminto masak terus nawari Umar mangan bareng rada keganggu ganda kringete. Wis tau dialoke karo Kasminto menawa adus kuwi ndadekake awak seger dadi kudu rutin, nanging ya ora kodal. Wis watak angel diobati, ora kaya watuk.

Kasminto sok-sok kangen ngrungoke tembang Jawa utawa ngomong nganggo basa Jawa. Nggolek-nggolek komunitas Jawa nyang luar negeri lewat internet. Kasminto entuk kanca saka Suriname keturunan Jawa. Ngobrol-ngobrol, jebule wong kuwi ora ngerti Indonesia. Mbahe mbiyen dikirim menyang Suriname tahun 1920-an, durung ana Indonesia. Ngertine ming Jawa. Apa meneh sing dikirm kuwi rakyat kalangan ngisor, ora ngerti berita perjuangan. Ora ngerti Sumatera. Malah akeh sing durung nate weruh Indonesia. Malah deweke crita menawa Didi Kempot sering diundang menyang Paramaribo, ibukota Suriname, yen wis manggung nyang kana, para wanita utawa ibu-ibu ora gelem ketinggalan, kabeh padha nonton. Ibarat Ariel Noah yen nyang kene. Dadi tembang-tembange Didi Kempot kondang menyang Suriname.

Kasminta tau guneman online karo wong Suriname ing Belanda. Wong kuwi ngelola radio basa Jawa. Jenenge rada aneh, Ruben Kartodiharjo. Malah Kasminto terus ngirimi tembang Jawane Koes Plus ben isa diputer no radio streaming sing diurus karo Ruben. Ruben seneng banget nemu kiriman tembang-tembang Jawa saka Kasminto.

Wis 3 sasi Vania karo anak-anake nyang Medan. Kasminto nyusul mulih. Kasminto ora kenal karo anake nomer loro.

“Bang Pramu, kamu dicari mas Kasminto” ngono Ratih niroke Vania ngundang bapake.

Tahun 2003 Kasminto sak keluarga wis ngumpul no Norman. Dadi ngurusi bocah 3. Anake sing mbarep sekolah pre-K nyang Madison Elementary School, sekolah SD negeri cedhak apartemene Kasminto. Akeh murid anak-anake mahasiswa S3 saka pirang-pirang negara sekolah nyang kono.  Sekolah ora perlu mbayar, malah saben dina entuk jatah mangan awan lan susu gratis. Nyang kono bocah sekolah ora entuk milih sekolah adoh saka omah. Kudu nyang rayone dewe-dewe, ben ora nggawe lalu lintas rame, pengawasane gampang lan murah ongos transportasine. Pramu seneng sekolah nyang kono. Sewulan sakdurunge sekolah, gurune  wis kirim kartu pos surasane ngene.

“Hi Pramu, I am looking forwad to teaching you. See you at school.”

Kira-kira isine ngandake menawa gurune wis ora kuat ngampet pingin ndang mulang. Dadi bocah ngrasa dibombong, wong tuwane ya ngrasa seneng merga guru perhatiane nganti semono. Saben dina Parmu mangan awan nyang sekolah,   menune ganti-ganti. Pramu cukup mlaku diterke ibuke nyang sekolah, kira-kira 10 menit wis tekan.

Vania duwe ada-ada masak panganan Indonesia, teus diwenehke para pegawai kafetaria nyang sekolah anake. Mesti padha ngomong “very good…delicious”.

Yen sekolah libur semesteran, jatah mangan awan kanggo bocah-bocah sekolah dibageke ana taman-taman kota. Dadi wong-wong kang butuh, isa njupuk jatah mangan karo dolanan ana taman. Ora perlu kartu ID utawa bukti surat. Kabeh sarwa gampang lan percaya.

Sak kelase Pramu  kira-kira ana 15 siswa, diajar 2 guru. Bocah lungguh nyang kursi nglilingi meja bunder. Ruang kelase nyaman, kaya ruang makan. Ora ana pelajaran hafalan, ora ana itung-itungan utawa nulis. Umpamane kudu ngapalke utawa ngetung, ya digawe bentuk lagu. Pramu diajari lagu iki

Five little monkeys jumping on the bed

One fell off and bumped his head

Mama called the doctor,

And the doctor said

No more monkeys jumping on the bed

Four little monkeys jumping on the bed

One fell off and bumped his head

Mama called the doctor

And the doctor said,

No more monkeys jumping on the bed

Three little monkeys jumping on the bed

One fell off and bumped his head

Mama called the doctor

And the doctor said,

No more monkeys jumping on the bed

Lagu kuwi jane ngono lagu kanggo ajar itung-itungan sederhana. Bocah ora krasa diajar ngetung lewat tembang.

Dadi bocah sinau kanthi rasa seneng ora ngrasa dioyek-oyak utawa ditekan. Bocah dibiasake aktif takon lan ngregani usule wong liya. Menawa wong liya ngomong, bocah liyane kudu meneng, ngrungoke nganti rampung. Kelas ketok rame nanging tertib. Yen nyang sekolah diajari ngguwang sampah, jenis sampah sing isa direcycle, sampah organik, tekan ngomah, bocah wis langsung mrakteke.

Yen mlebu kelas siswa dikongkon baris, antri ora entuk nyalib. Iku jane mbiyen ya diajarke nyang Indonesia, nanging ora tau dikandani yen kuwi iku sejatine ajar antri. Dikiro baris iku olahraga.

Kaget Kasminto meruhi kepiye wong kono negake disiplin kanggo murid-muride. Bab-bab sing ora sopan lan nglanggar aturan langsung ditegur. Dadi bocah dibiasake disiplin awit cilik. Kasminto wis nate pas ngeterke Pramu nyang sekolahan, arep mlebu ruangan, ana bocah bule mlayu terus motong nyang ngarep lawang ndisiki mlebu nyang ruangan. Ana gurune Pramu sing meruhi kedadean kuwi, langsung negur bocah kuwi

“That is not a good manner, crossing other people lane like that is not allowed.” Gurune ngandani kanthi wicak.

“Don’t do that again!” pesen guru marang murid sing nglanggar mau. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.