KEMPALAN: Hobine Kasminto jaman cilik, mancing, kumat. Nyang cedhak apartemen ono kali cilik, ora jero, mbelah dadi loro kompleks apartemen. Kali kuwi asale saka Duckpond, blumbang sing akeh bebeke. Saka blumbang kuwi banyu ngalir nyang kali. Wis bola bali jane Kasminto nglewati jembatan kali sing nyambungke kompleks apartemen. Nanging lagi saiki sadar menawa nyang kali kuwi akeh iwak, pating kecopak, gerak mrono mrene. Iwake gede-gede. kadang ana penyu sing ketok ngampul. Kasminto dadi pingin nyoba mancing.
Kasminto ndeloki nyang internet umpan opo sing cocok kanggo iwak carp utawa iwak emas. Ditemoke roti tawar, campur tetes gula karo mentega. Awan kuwi Kasminto nyoba mancing nganggo umpan ramuane. Ora let suwe pancing dicemplungke, wis disaut iwak. Ra nyangka cepet banget. Nalika umpan disaut iwak kuwi, ndedeti, terus disendal walesane, ketok iwak nggantung nyang sener karo klepek-klepek. Rasa kaya ngono kuwi sing angel dilaleke. Terus Kasminto ngelingi jaman cilik mancing nyang kali etan ndesa. Nganggo umpan cacing, dicemplungke ngisor buk, terus dipangan iwak, disendal walesane, entuk lele gede utawa kotes. Utawa yen pas mancing nyang kali Tempur, kidul Polan, entuke ming uceng cilik-cilik utawa wader. Nanging rasane seneng banget yen wis nyendal walesan terus entuk iwak.
Sakwise pirang puluh taun, Kasminto ngrasake meneh sensasine wong mancing. Nanging saiki entuk iwak carp sing gedene sak telapak tangan wong dewasa.
Dadi tuman, saben dina Kasminto mancing. Nganti kulkase kebak iwak. Asline ngono dilarang mancing nyang kali. Yen mancing kudu nyang danau lan nganggo surat ijin, ora entuk sembarangan. Nanging ya Kasminto ki pancen rada ndregil, wewaler diterjang. Wong ra ono sing weruh, batine ngono. Ora ono wong liya sing mancing ana kali kuwi.
Kaline kuwi kiwa tengena akeh tetanduran suket sing dhuwur-dhuwur lan akeh wit-witan gedhe. Dadi yen ora wong desa katrok mungkin wedi mancing nyang kono.
Sakwijining dina pas lagi bar udan deres, Kasminto nekat mancing. Langit isih peteng, malah isih tlethik. Ning jenenge wong pingin, ora isa dipenggak, Kasminto budal mancing. Nyang cedhak kreteg sing dilewati kali saka blumbang duckpond ana kedung. Lemahe lunyu , kiwa tengen akeh wit-witan gedhe ngubengi daerah kuwi. Dadi yen mlebu rono ora bakal ketok saka njobo, panggonane primpen. Lagi asik umpane digeret iwak, Kasminto nyendal walesane, nanging malah kepleset. Ora isa nahan keseimbangan awake, Kasminto kejegur kali, blung! Pancinge keli. Klambine teles kebes. Pas kono kuwi banyune jero mergo pas ngisor grojogan saka duckpond lan rada santer banyune merga bubar udan. Perengane rada dhuwur. Kasminto ndredeg, cepet-cepet golek gantolan oyot nyang kono terus munggah, saklebatan weruh ula gede liwat. Wah Kasminto ngoplok. Kanthi susah payah Kasminto isa munggah.
Tekan ndhuwur Kasminto lagi sadar kacamatane jiglok nyang jero mbanyu. Kasminto stress. Kacamata kuwi tukune nyang Indonesia. Nyang kono kacamata larang. Arep ditinggal, eman-eman. Akhire kepeksa nyemplung kali meneh. Sikile digerak-gerake ngiwa tengen, muter, nyang njero banyu, telapak sikile nggoleki kacamata,tanpa sandal. Ora ketemu-ketemu. Kasminto wis pingin mentas, nyerah. Ndelok kiwa tengen ngeri yen ono ula meneh. Nanging kelingan yen kacamata kuwi modal kanggo sinau, tur regane larang. Digoleki meneh. Rada suwe. Akhire ketemu, diranggeh nganggo tangan karo klelep awake. Raine gebes-gebes kena banyu buthek. Terus munggah meneh gocekan oyot-oyot tanduran sing kemlewer nyang pinggir kali. Kasminto weruh biawak mencok nyang nduwur oyot, ngoplok meneh. Untung ora nyokot .
Ora ono wong weruh merga panggonane rada ndelik lan ketutup wit-witan gede. Dina kuwi apes Kasminto ora entuk opo-opo.
Liya dina dibaleni meneh. Yen jeneng wong mancing ora gelem kapok.
Sakwise rong sasi Kasminto ngrasake senenge mancing, teka musim dingin. Ora tau sakdurunge Oklahoma suhune nyang ngisor 0 derajat C. Lagi iki, hawane adem, nusuk balung. Dalan-dalan akeh salju. Dina kuwi banyu kali beku. Nganti limang dina hawa lagi bali rada anget. Kasminto wis kangen pingin mancing meneh.
Nanging apa tumon, kali dadi bening, wis ora ana swara kecopak iwak meneh. Kaline resik, iwak-iwak lan penyu padha mati. Kasminto mung isa ngelus dada, wis ora isa mancing meneh. Ketoke Kasminto kudu ndang nggarap disertasine. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi