Selasa, 28 April 2026, pukul : 00:23 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Mei Tahun 2006 gempa Jogja. Gempa kaya ngedhur, bar saka Aceh terus Pangandaran disambung Jogja. Untung wektu kuwi durung ana medsos. Dadi ora ana penemu kang aneh-aneh bab bencana disambung-sambungke karo pemerintah. Kasminto diajak niliki lokasi korban gempa nyang daerah Bantul. Dheweke ndeloki kahanan omah-omah padha ambruk, tembok mlethek, pager gempal, lemah-lemah pecah. Akeh kantor-kantor ing bantul didadeke pusat pertolongan kanggo korban.

Kasminto niliki nyang lokasi pengungsian ngeterke bantuan nggawa jenenge kantore kerja.

Kasminto nduwe sedulur nyang Bantul. Dadi sempat mulih nyang Klaten terus ngajak ibuke niliki besane sing wong Bantul, yaiku maratuwa saka adine Kasminto sing wis lulus saka UGM.

Untung besane ibuke Kasminto iki slamet. Ora ana sing rusak omahe, kajobo tembok kamar mandi benthet sithik . Nanging wektu gempa sempat keweden merga omahe goyang banter lan suwe. Dadi seprene isih kebayang piye rasane gempa kuwi. Dadi yen ana lindu cilik langsung atine nratap.

Bar saka Bantul, Kasminto karo Ibuke lan adike balik nyang ndesa. Ora dinyana , kangmase lan mbakyune padha ngumpul tanpa direncanake. Pas ana libur rong dina. Terus padha njedhul nyang desa.

Ibuke Kasminto seneng anake padha ngumpul. Jarang anake sing wis gedhe-gedhe lan adoh padha kumpul sakliyane lebaran utawa nduwe gawe. Dimasake panganan kasenengane anak-anake. Ana sing seneng jangan kluwih dibobor, ana sing seneng jangan terong, ana sing seneng nangka, jagung godhog. Ibarat kabeh cemepak. Dina kuwi pancen beda karo biasane. Sing ora ana gur mbakyune Kasminto sing mbarep. Ora suwe padha ngumpul.

Bar ngono padha mulih nyang ngomahe dhewe–dhewe. Ono sing nyang Jakarta, Bogor , Surabaya, Bengkulu, Gresik.

Bar kuwi Ibuke Kasminto tilik anake siji-siji. Dimulai sak Surabaya, Gresik, Jakarta Bogor, Cilegon. Kira-kira saben anak diparani seminggu. Dadi kabeh arep diratani. Wis suwe jane pepinginan kuwi ana. Nanging lagi saiki isa kelakon. Pancen ibuke Kasminto seneng dolan-dolan, srawung karo sedulur, srawung kara kanca. Mesti isa ngrasake nikmate ketemu anake lan suasana anyar. Yen jaman bapake mbiyen isih ana, yen dijak tilik anak mesti pingin cepet-cepet bali ora krasan. Yen Ibuke Kasminto gampang sawung lan pinter nggolek kesibukan.

Rada suwe dolan nyang adike Kasminto sing ragil sing nyang Cilegon. Merga anak ragil lan wedok, nyang kono ibuke Kasminto rada suwe.

Bar kuwi terus nyebrang nyang Lampung. Rencanane nyang Lampung kira-kira rong minggu terus dibacutke menyang Bengkulu.

Nyang Lampung seneng nyang anak mbarepe kang ugo wadon.

Dadi ibuke Kasminto betah. Malah bengi kuwi ibuke Kasminto dijak nonton pameran pembangunan. Muter-muter nyang lapangan daerah Way Halim.  Malah bengi kuwi sempat ibuke tuku gereh, jare sesuk arep digoreng.

Kasminto malem minggu ora biasane, pingin nelpon ibuke nyang Lampung.

“Buk piye sehat?”

“Ooo ya berkat doane anak-anak sehat le”,  ngono jawabe.

Terus jagongan ngalor ngidul.

Bubar kuwi kok ya kebetulan mase Kasminto ya nelpon takon kabar ibuke. Terus jgongan suwe lewat telpon.

Sesuke esuk-esuk jane ibuke Kasminto arep nggoreng gereh lan nyambel bawang, gereh sing wingi dituku nyang pameran produk Indonesia.

Nanging esuk-esuk malah mbake Kasminto sing mbarep, nemoke ibuke Kasminto tiba saka kasur. Isih isih ngendika sithik-sithik.

“Adimu ragil celuken mrene”, ngono welinge.

Nanging kuwi terus ilang kesadarane sithik baka sethithik. Langsung digawa nyang Rumah sakit Abdoel Moeloek. Merga kahanane ora sadar, langsung mlebu nyang ICU.

Putra-putrane kabeh dikabari. Padha teka nyang Lampung siji-siji. Padha njujug rumah sakit. Nanging tekan ana durung isa jagongan karo ibuke. Ibuke isih durung sadar. Infus lan bantuan alat pernafasan dipasang. Netrane merem terus, sok-sok kaya wong sare ngorok. Kahanane saya suwe malah saya mudhun kesehatane. Kasminto isih nunggu kabar. Durung nyusul menyang Lampung. Wis 2 dina ibuke Kasminto dirawat ana rumah sakit.

Bengi kuwi Kasminto maca Yassin kanggo Ibuke. Semono ugo Vania maca qur’an, ngaji kanggo ibu mertuwane supaya diparingi sing paling apik karo Gusti Allah.

Kira-kira jam 10 bengi, ana dokter kontrol. Nanging durung sempat mriksa, wis ora ana tanda-tanda denyut jantung utawa nafas. Ibuke Kasminto dinyatake seda.

Suasana sepi, hening. Mase Kasminto lan mbakyune padha mbrebes, ora isa nggunem apa-apa. Mung padha sawang-sawangan ora kewetu tembung apa-apa. Padha kelingan meneh piye ibuke kuwi gemati karo anak-anake. Piye nggulawentah bocah sanga nganti mentas kabeh. Gemati karo suwargi bapake mbiyen. Malah ibuke Kasminto kuwi or gur ngopeni ana bojo, nanging wis tau ngopeni mbah buyut kakung putri, mbah buyut kuwalon, nganti 7 cacahe. Kabeh dirawat kanthi sabar lan telaten karo ibuke Kasminto nganti ditimbali Gusti Allah.

Jarang ana wong sing betah ngrawat wong sepuh kang ora isa apa-apa, ibarat pipis lan e’ek nyang dhuwur kasur. Nanging ibuke Kasminto sabar lan telaten. Ora tau sambat. Kamangka ibuke Kasminto kuwi ya ora longgar wektune. Saben dina kudu ngurusi sawah, wong macul, wong tandur lan wong ani-ani sing padha arep njaluk bawon. Merga nalika semono bapakee Kasminto iku tebasan pari. Dadi yen lagi mangsa panen mesti yen awan akeh sing pada derep terus ditimbangi lan dibawoni. Dadi ibuke Kasminto pancen piyayi sing tangguh, ora tau ngeluh utawa ngendika sing ora becik.

Ibuke Kasminto ugo dadi pepundene wong sak kampung. Yen ana urusan apa-apa mesti Ibuke Kasminto melu repot nyumbangke tenaga, pikiran, sok-sok ya dhuwit. Urusan sepasaran bayi, mantenan, utawa wong kesripahan, Ibuke Kasminto mesti sing dadi andalan kanggo mrantasi samubarange.

Yen ana sing nduwe gawe, adoh-adoh sakdurunge dinane, mesti wis teka nyang ngomahe Kasminto. Terus rembugan urusan dapur, blanja, menu suguhan, piye susunan acara , meh kabeh njaluk pertimbangane. Karo tangga teparo tansah ngemong, ora gampang cengkrah lan loma. Wis biasa yen tanggane ora nduwe dhuwit terus nyilih nyang nggone wong tuwane Kasminto. Yen soal ora nyaur wis biasa. Ora tau diundat-undat.

Ibuke Kasminto ya sregep ngajak pengajian ibu-ibu. Ana gurune ngaji, ya kuwi Budhe Sosro, nanging kudu ana sing ngajak, kudu ana sing ngregengke. Kuwi bagiane Ibuke Kasminto. Yen ora ana ibuke Kasminto pengajian ya kurang rame.

Sedulure, adik-adike lan ponakane ibuke Kasminto ya padha kelangan. Merga mbakyune lan budhene ki yen karo adi-adine ya nglayani lan ngemong. Ponakane ya ngono, ngrasa cedhak karo budhene. Yen karo budhene ya kaya karo ibuke dhewe.

Bengi iku wong kang ditresnani putra putrine, sedulur-sedulure lan ugo tangga teparone kuwi ditimbali karo Sing Murbeng Dumadi. Jebule pertemuan sawise gempa Jogja kae pertemuan terakhir keluargane Kasminto. Ora nyangka menawa iku isa ngumpul bareng nalika ibuke isih sugeng.

Kasminto mung isa nangis nyang kamare. Durung sempat ketemu ibuke sing ditresani kuwi. Nalika telpon kae ora nggraita menawa ibuke arep lunga saklawase. Swarane isih bening, isih sempat guyon. Ora ana tanda-tanda apa-apa. Semono ugo nalika ditelpon mase Jakarta, isih sehat, waras-wiris. Kabeh kedadean sarwa cepet. Malah anake sing paling adoh, ana Bengkulu sing arep ditekani sing pungkasan durung kelakon, malah wis mandheg ana Lampung. Kabeh wis ginaris. Iku perjalanan pungkasane ibuke Kasminto.

Bengi iki ing ndesa Klaten ana ing kampunge kana lagi padha lek-lekan malam 17an. Krungu kabar menawa Ibuke Kasminta seda, acara dibatalke. Tangga teparone ora tega nganake acara melek-melek karo seneng-seneng sawetara keluaragane Kasminta lagi nandang sungkawa. Bengi kuwi ora urung para tangga ya padha nangis kelangan piyayi sing dadi ibuke wong sak kampung, dadi tuladhane wong sak kampung. Padha ngrasa kegelan, kelangan kang jero. Sapa memeh sing isa nggenteni ibuke Kasminto minangka pepundene kampung. Wong-wong iku mikire ngapa ibuke Kasminto kudu ditimbali nyang panggonan sing adoh. Umpamane nyang daleme dhewe kan wong kampung iku isa mbales kebecikane ibuke Kasminto, isa melu ngrawat. Mbok menawa Ibuke Kasminto ora gelem ngrepotke tanggane ing wayah-wayah pungkasan sakdurunge ditimbali Pengeran.

Bengi kuwi jenazah disholatke nyang mesjid kampung panggonane mbakyune Kasminto sing mbarep nyang Lampung kana. Para tangga padha teka lan nyolatke merga ibuke Kasminto mbiyen munggah kaji ya saka Lampung, saka mesjid kuwi. Kajobo kuwi, kangmase ipar Kasminto sing nyang Lampung ugo apik sesrawungane karo tangga teparo, ugo dadi pengurus mesjid.

Kasminto mikir kenapa ibuke dipundhut pas tindak Lampung. Mungkin jawabe kuwi, mbiyen pas berangkat ibadah haji ya didongake saka mesjid kuwi, saiki ditimbali disholateke nyang mesjid kuwi. Terus ditumpake ambulance nuju Klaten. Bakal disareke menyang sarean lor ndesa Karangetan.

**

Bener tekan ndesa tengah wengi. Tangga-tangga lan sedulur wis padha nunggu tekane jenazah. Wong ndesa kana ora tau ditinggal suwe karo ibuke Kasminto. Iki ditinggal sawetara 2 wulan, tangga-tanga jane wis nunggu critane ibuke Kasminto piye. Nanging pas mulih ibuke Kasminto wis ora ana. Dadi padha kuciwa lan kegelan. Kamangka yen lagi nyang daleme, mesti akeh tangga sing teka raketang gur jagongan, ora ana sing wigati. Yen bengi malah ana tangga sing sering ndelok TV, siaran Liga Inggris nyang kana. Ora lali mesti dicepaki teh anget karo karak utawa panganan. Ora tau kendhat.

Awane jenazahe ibuke Kasminto dipethak nyang sarean lor ndesa. Kairingi para tangga lan sedulur.

Pancen kabeh ana titiwancine, yen wis wayahe dipundhut ora isa dinyang. Warga kudu lila kelangan ibuke Kasminto.

Kasminto isih nyang ngarep kubur. Maca donga karo ngelinge jaman cilike nganti gedhe digulowentha ibuke. Dheweke ngrasa getun durung cukup anggone mbales kebecikan kanggo ibuke. Dheweke durung cukup ngabekti marang ibuke. Apa meneh yen eling wektu dikongkon ibuke ora ndang mangkat utawa malah mbantah. Saiki kabeh wis ora isa dibaleni. Mung dedonga supaya dosane ibuke diampuni karo Sing Maha Kuasa.

Kasminto banjur eling nalika karo Dewan Penasehat Jurusan ora entuk budhal menyang Kanada. Umpamane sida budhal Kanada, mbokmenawa malah ora isa sering-sering ketemu ibuke lan ora menangi nalika ibuke seda, isa nyholatke, isa melu nggotong jenazahe, lan isa nyawang praupane ibuke kanggo sing pungkasan. Wis pancen kabeh lagi weruh sawise kedadean. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.