Sabtu, 6 Juni 2026, pukul : 16:44 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Umbul Ingas Cokro salah sijining panggonan wisata ing tlatah Klaten. Kasminto karo Vania sempat dolan mrono sakdurunge balik menyang Jakarta. Umbul kuwi wis atusan tahun ngetoke banyu bening mayuta-yuta  liter ora entek-entek. Banyu mili saka umbul lewat kali kira-kira dawane 80 meter lan akhire banyu dibuang menyang kali gedhe kang nyambung karo kali Pusur. Banyu kang mili kuwi bening kaya kaca, dadi yen nyawang kali mau, wedhi, kerikil lan watu ing dasar kali katon mloho . Kompleks umbul Ingas katon edhum lan asri merga akeh tetanduran wit munggur lan gayam kang umure wis puluhan malah kepara ratusan taun.  Mlaku-mlaku nyang pinggir kali kang ngalirke banyu bening kuwi ndadekake ati ayem lan adhem. Apa meneh yen dikancani wong kan ditresnani.

Ono rong bagian panggonan ing njero kompleks Umbul Ingas, lor kali karo kidul kali. Sing sisih kidul lemahe luwih dhuwur. Saka lor kali ono uwot kanggo nyebrang terus dalane rada munggah. Munggah sithik nyang kono ono panggonan amba. Warga kono padha nyewake klasa lan dodolan panganan. Kasminta lan Vania nyewa klasa, karo jagongan nyang kono sinambi  ngedapi es teh,  pisang, jagung lan kacang godhog kang dipesen saka warung cedhak saka kono. Kasminto rencana arep menyang Medan karo Vania kanggo nembung marang wong tuwane Vania. Yen ngene iki pancen Kasminto mesti terus kelingan meneh karo Wiranti. Akeh kenangan kang dilakoni Kasminto karo Wiranti kalebu kenangan nyang Umbul Ingas kuwi. Ora suwe Kasminto karo Vania ono kono. Terus Vania diajak ndelok umbul Nganten sing nyang pinggir dalan Cokro ngarep SMP Cokro kang nyimpen crita legenda ilange manten loro sing lagi adus nyang umbul kuwi. Dadi nganti saiki ora ono wong sing wani adus nyang umbul Nganten.

Malah jaman semono ono crita ono bocah mancing nyang umbul kuwi. Entuk iwak siji gedhe banjur digawa mulih. Ora suwe ono ulo gedhe kang nyusul nunggoni nyang arep omah. Karo wong tuwane,  iwak kuwi dikongkon mbaleke . Sakwise dibaleke, ulo kuwi lungo. Crita kuwi sumebar ing warga gethok tular saka siji lan sijine. Nganti saiki ora ono sing wani mancing ing umbul kuwi.

Ngarep umbul kuwi ono kolam renang Bale Kambang sing dibangun jaman Walondo, kira-kira bareng karo ngadeke Pabrik Gulo Cokro tahun 1832. Pabrik Gulo panggonane persis sing saiki digawe pasar Cokro. Yen wayah senggang akeh wong Londo podho renang nyang kolam Bale Kambang kuwi.   Vania sajak seneng ndeloki panggonan-panggonan kuwi.

Ora lali Kasminto ngajak Vania mampir nyang omahe Bulike cedha karo umbul Nganten,  sing wasis nggawe roti lan panganan. Bar kuwi Kasminto ngajak menyang Umbul Ponggok.  Kasminto lungguh karo Vania nyang sisih kidul umbul, pas kidule watu gong karo nyawang banyu bening kimplah-kimplah lan dikelilingi wit gayam kang ijo, ndadeake pikiran seger. Wong kuwi padha pesen bakso. Ono watu-watu dhuwur ing pinggir umbul, lungguh nyang kono karo Kasminto nyritake piye asal usule watu gong kuwi. Jaman semono umbule akeh lan banyune nganti luber. Kanggo ngurangi muncrate banyu saka tuk, digoleke ledhek kanggo nggendhong watu, terus ditutupke ndhuwur tuk, panggonan kanggo metu banyu. Bar kuwi banyune ora luber meneh.Mergo watune gedhe bunder kaya gong, pirantining gamelan, terus dijenengake watu gong.Ngono critane asal-usule watu gong.

Jaman kuwi Umbul Ponggok isih sepi lan ora dikelilingi pager. Saka ndalan kolame ketok cetha lan nambah endahe pemandangan.

Sesuke , Dina Kemis, Kasminto karo Vania budhal Jakarta. Terus rencana neruske perjalanan nyang Medan. Tekan Jakarta adike Vania crita menawa Ryan bola bali nelpon saka Hawaii. Ryan takon Vania menyang endi. Venty adike Vania ya crita apa anane menawa Vania diajak Kasminto kenalan karo ibuke lan sedulur-sedulure menyang Klaten. Ngerti ngono ketoke Ryan rada emosi, banjur  bola-bali nelpon.

Nganti awan kuwi Kasminto karo Vania durung entuk tiket kapal menyang Medan. Ora biasa Vania numpak kapal, saksuwene iki mesti numpak pesawat. Gara-gara Kasminto ora nduwe cukup dhuwit, dadi ngajak numpak kapal laut. Vania ya manut wae.

Wis nelpon nyang agen-agen tiket kapal, nanging kabeh ngomong yen dina iki ora ono tiket kang sisa. Malah disaranke teka langsung menyang Tanjung Priok mbok menawa isih ono sisa tiket nyang loket Pelni.

Kasminto lan Vania siap-siap ndang budhal, pesen taksi. Wektu ming kurang 1 jam saka jam 13, yakuwi wektu keberangkatane kapal.  Wong kuwi nekat nyang pelabuhan sapa ngerti isih nyandhak lan ono tiket. Durung temtu wong kuwi  isoh tekan pelabuhan sakjroning 1 jam. Misale waktune nyandhak,yo durung temtu entuk tiket.

Batine Kasminto. ” Yen pancen jodhoku aku mesti entuk tiket”.

Vania jebul ugo mbatin bab sing podho, “yen pancen mas Kasminto iki jodhoku aku yakin aku bakal entuk tiket”.

Taksi mlayune cepet, ngebut..sakjroning 45 menit wis tekan Priok. Kasminto mudhun, mlayu nyang loket Pelni karo nggawa koper. Gage-gage dheweke mlebu nyang kantor Pelni.

“Pak isih ono tiket nyang Medan?”

“o yo kebeneran mas, ono sisa 2 tiket kelas ekonomi. Kapal Sinabung. Piye gelem?”

“iya…loro Pak yo”.

Tiket langsung dibayar karo Kasminto.

Wong loro ketok bungah mergo wis entuk tiket. Wong kuwi ndang mlaku kesusu-susu nuju kapal. Wong tuwane Vania wis dikabari menawa anake arep numpak Kapal Sinabung jurusan Belawan Medan lewat Batam. Wektu tempuh kira-kira 3 dino 2 bengi. Kasminto mbayangke ngaluk-aluk perjalanan saksuwene kuwi. Ngalah-ngalahke perjalanan menyang Amerika.

Nyang kapal wong kuwi entuk panggon rame-rame menyang kelas 3. Sak ruang kebuka amba, di sekat saben pirang-pirang tempat tidur. Ono TV lan isoh bebas mlaku-mlaku. Kanggone Kasminto lan Vania iki pengalaman anyar. Yen masalah kelas ekonomi Kasminto wis biasa, sing ora biasa ki numpak kapal jarak adoh. Yen Vania pancen durung nate numpak kapal, ekonomi meneh.

Sakjroning perjalanan podho sesrawungan karo kiwa tengen. Jagongan kanggo ngenteke wektu ben ora krasa nglangut.

Kasminto ngajak Vania mlaku-mlaku nyang pinggiran geladak, ndeloki pemandangan langit kang biru, ombak sing ngawe-awe. Kasminto takon

“Mengko yen nyang Medan, aku kudu piye?”

“Ya biasa wae mas..kudu  ramah, rada akeh mesem mas”

“hahaha…iku sing aku angel..wis gawan bayi”

“Ojo lali main catur karo bapaku”

“ha? Batak banget!”

“Pancen Batak. ” Wong lor banjur nyekakak bareng.

“Ning ojo lali, sepisan-sepisan kudu ngalah. Yen ora, bapaku isoh mutung”

“haha..sip sip…mutungan kaya anake ya?”

“lho ora kuwalik to?” Vania nyaut.

“Apa wani mas Kas nembung aku marang bapakku?”

“Wah ya mesti wani. Aku wis nate nglamarke sepupuku kok”

“Terus piye?”

“Ditampa no. Sukses”.

“Kira-kira iki mengko sukses nggak ya? Vania mancing.

“Wah..gumantung jawabanmu dhewe to..”

Nganti sore wong loro kuwi jagongan nyang pinggiran kapal. Sore bar mahrib wayahe mangan. Kabeh kudu ngantri njupuk mangan nyang meja. Wis kaya tahanan kae. Vania pisan iki kudu ngempet gengsi, kudu nyocoke karo gayane Kasminto.

Bar mangan ono sing jagongan, nonton TV, maca najalah utawa mlaku-mlaku nyang pinggir kapal.

Kasminto milih maca buku.

Bengi-bengi pas Kasminto lagi turu, Vania mlaku-mlaku ndelok langit kang karias gumebyare lintang-lintang lan ngrungoke swara ombak saka pinggir kapal. Ono awak kapal sing nyedhaki Vania ngajak jagongan.  Vania seneng ono sing ngajak jagongan. Kiwa tengen yo akeh uwong kang padha ndeloki pemandangan wayah bengi.  Kasminto nglilir,  nggoleki Vania ora ketok nyang cedhake. Kasminto keliling nggoleki Vania. Ketemu.

“Ehem…awas ati-ati van” Kasminto ethok-ethok watuk.

“Kenalke iki mas Kasminto..”ngono ucape Vania marang awak kapal kuwi.

Malah awak kapale kuwi lungo. Awak kapale ketoke malah ngrasa wedi. Terus nyingkir. Kasminto nempel Vania terus. Sanajan durung dadi bojone, nanging Kasminto ngert awak kapal kuwi ketok niate ora apik. Pribadine Vania kang ramah soksok ndadekake wong padha salah tampa. Vania dhewe ora tau numpak kapal, ora ngerti dunya awak kapal ki kepiye.

Bengi-bengi wong loro isih nyang njobo kamar. Isih ndeloki langit lan lintang-lintang, kairing swara ombak.

“suk Mas Kas pingin nduwe anak piro?”

“Luwih akeh luwih apik’

“haha…dadi aku kon meteng terus?”

“Yen metenge pancen abot tapi sakdurunge meteng kuwi lho sing ditunggu-tunggu” Kasminto mulai ngeres.

“Ditunggu apane mas?’

“yo enake to..”

“walah..saru.”

Kasminto ngadeg nyang mburine Vania ngadep nyang laut. Telapak tangane Vania dicekel saka mburi karo senderan nyang dadane Ksminto. asminto dhewe sandaran tembok kapal. Sedhela-sedhela Kasminto ngambung Vania saka mburi.

“Ssst ora pareng nakal”, ngono Vania karo manja-manja.

Kasminto mung mesem karo ngrasa rada isin.

“Apa aku suk terus langsung diboyong nyang Amrik mas?”

“iya to…. bar nikah aku balik dhisik ngurus surat-surat kanggo visamu”

“lho dadi ora malam pertama dhisik, langsung balik?’ Vania nggodha Kasminto.

“haha..ya kudu dijebol dhisik lagi balik. Tak bukteke yen aku pancen lanang”

“Ah padhake apa wae..dijebol”.

Wis nganti tengah wengi wong loro kuwi padha asyik ndeloki pemandangan kang langka karo yang-yangan.

Kasminto ora lali nggawa sprei batik sing dituku nyang pasar Klewer. Dadi sanajan dosen, dheweke ya wasis dodolan sprei nyang dhuwur kapal. Sinambi ngobrol karo kiwa tengene, karo tawa sprei. Lumayan ono kira-kira 5 sprei payu. Sisane engko didum kanggo sedulur-sedulure Vania nyang Medan.

Telung ndino nyang kapal Kasminto karo Vania ora adus. Kurang sreg ndeloki kamar mandi kapal kelas ekonomi sing kurang resik. Dadi Kasminto ketok lecek.

Saksuwene perjalanan Jakarta-Belawan, telpone Ryan nyang omah kontrakane Vania ora kendat. Adike Vania sing nampa telpon bola-bali menehi ngerti menawa mbake lagi nuju Medan lewat kapal laut.

Minggu awan kapal wis nglabuh ing pelabuhan Belawan. Bapak ibuke Vania wis nunggu.  Wong loro kuwi yo selak kepingin kenal karo sing jenenge Kasminto. Vania kuwi wis bola-bali dicedhaki wong lanang nanging durung ono sing temenan ngajak nikah. Lagi Kasminto sing wis kewetu arep ngajak nikah sanajan mung lewat chatting, durung adep-adepan langsung.

Saka adoh bapak ibuke wis weruh Vania mlaku karo wong lanang. Nanging isih ragu.

“itu siapa yang jalan sama  Vania?” ngono pitakone ibuke.

“Mungkin orang mau  numpang mobil kita”, bapake nyaut.

“lha cuma dua orang, mana  Kasminto ?”

“Ya itu, mana lagi”.

“Kok kurus pendek gitu.?”

Saya cedhak..saya ketok. Pancen Kasminto kuru, cendek tur rada pucat, telung ndino ora adus, gek mangan yo kurang kopen. Bayangane bapake vania  ba kasminto beda tenan aro nyatane. Dikira Kasminto ki gagah gedhe kaya dedege anake. Jebul kok koyo ngono mau.

Vania disalami lan disun karo bapak ibuke.

“ini pak mas Kasminto..”

“oo ya saya bapaknya Vania..ini mamaknya.”

Kasminto salaman karo bapak ibuke Vania..

“Ayo masuk mobil..” ngono bapake ngajak kasminto.

Kasmito lungguh mburi karo Vania. Wong kuwi ndang budhal nuju omahe no Medan. Kasminto lagi sepisan iki menyang Medan . Nyawang kiwa tengen dalan sing dilewati, Kasminto ngrasake bedane daerah Sumatera karo Jawa. Akeh sawah utawa ladhang kang ditanduri kopi, coklat utawa sawit. Ono ugo sing ditanduri karet. Tanduran kuwi ketok ijo royo-royo, nandake lemahe  subur kaya lemah  pulau Jawa.

Nyang tengah ndalan mandeg mampir dhisik nggolek mangan awan. Kasminto sithik-sithik mulai kenal karo bapak mamake Vania. Sanajan sempat sumelang karo nasibe anake yen kawin karo Kasminto, nanging sithik boko sithik bapake rada uwah panemune. Sakwise jagongan saksuwene perjalanan, ketok yen Kasminto pancen pilihan kang cocok kanggo Vania, bapake Vania wis ora masalahke Kasminto kaya sing diramal dhukun.

Kasminto ketok yen bocah apik. Kira-kira 2,5 jam perjalanan saka Belawan tekan Medan. Akhire mobil rombongan kuwi  tekan omahe Vania nyang daerah cedhak Polonia.

Nyang omah wis ono opunge Vania, tulang-aturang (paklik bulik saka ibu), pakcik-ocik(paklik bulik saka bapak), bouk (budhek),  akeh sedulur nglumpuk, ming arep kenal karo Kasminto. Saksedulure bapake Vania, anak-anake  pancen durung ono sing rabi. Dadi yen Vania iki sida rabi karo Kasminto, iki kalebu mecah endhog soal jejodhoan ing keluarga besare Bapake Vania. Kasminto kenalan siji-siji.

Wong-wong padha kaget weruh Kasminto sing cilik terus raine lecek.

Kasminto diduduhi Vania kamare no lantai 2. Bar ngono langsung adus lan sholat.  Kasminto rada seger saiki. Praupane wis beda, rada wangun.

Sakwetara terus mudhun ngobrol-ngobrol karo keluargane Vania nyang ruang keluarga sing gedhe nyang omah bagian mburi.  Kasminto rada ewuh, soale ngarasa asing nyang tengah-tengahe keluarga besare Vania. Omongane rada angel dipahami karo Kasminto. Butuh wektu sakuntara kanggo mahami basane wong Medan.  Omahe Vania pinggir dalan gedhe, dadi rame akeh kendaran lewat slwar-sliwer.

“Ini pertama ya  Kasminto datang ke Medan?” ngono pitakone opunge.

“ya Pung”, wangsulane cekak.

“Bisa main catur?” pitakone Pakcike Vania.

“Bisa sedikit Pakcik”

Bar kuwi Kasminto diajak main catur karo pakcike Vania.

Rada suwe wong kuwi main catur. Ora lali vania nggaweke kopi kanggo Pakcike lan Kasminto. Ono sing karo main kartu, ono sing sibuk masak.

“ya begini keluarga kami, keluarga besar”, mamake Vania njelaske.

Ono sing ugo isoh basa Jawa, merga manggone cedhak perkebunan kang akeh turunan Jawa. Wong-wong Jawa iki mbiyen dikirim Walondo kanggo nyambut gawe ono ing  perkebunan. Tenaga saka Jawa dikenal luwih telaten lan sregep kanggo nggarap tanah pertanian utawa perkebunan.

“Jadi  Kasminto ke sini punya maksud apa ?”  pitakone opunge Vania.

Biasa wong Batak takon sarwa opo onone. Ora nganggo bisik-bisik, glenak-lenik.

“Ya gini pung, kalau diijinkan saya mau melamar Vania ”, ngono kira-kira wangsulane Kasminto.

“Oo..begitu”.

Keluargane Vania terus nganake rerembugan. Diputuske sesuk dianake lamaran resmi. Kasminto dhewe. Ora diwakili utawa dikancani keluargane.

Kasminto mulai ngenal sedulur-sedulure Vania. Sanajan kekuk ya Kasminto isoh jagongan karo opunge Vania utawa Pakcik lan Ocike.

Ono ing acara kuwi Kasminto ngomong resmi menawa pingin ngajak Vania urip bebarengan..

“ kalau memang kalian sudah merasa  cocok , bapak mamak dan saudara-saudara ya merestui hubungan kalian.” ngono ujare bapake.

“Apa bisa seklian dibicarakan hari dan tanggal nikah ?” Kasminto takon.

“Kasminto kapan balik ke Amerika?” ganti mamake takon.

“Kira-kira tanggal 10 Agustus.”

Bar kuwi keluargane Vania pontang panting nyiapke acara pernikahan. Ming ono wektu kira-kira karo tengah sasi. Ditetapke tanggal nikahe 24 Juli 1998.

Sakwise lamaran wis rampung, acara ramah-tamah karo para tamu. Ing tengah-tengahe acara ramah-tamah, ono telpon muni. Nggoleki Vania.

“hallo, sapa ya?”

“iki Ryan”

“oo  piye Ko?”

“Aku malh arep takon. Jare bar mlaku-mlaku karo kancamu anyar?

“iyo kenalan karo calon mertua.”

“oo selamat yo. Meneng-meneng jebul karo wong liya”, Ryan nyindir Vania.

“Ora meneng-meneng, aku kan wis tau crita yen mulai cedhak karo wong lanang liya”

“Nanging kan ora tau ngomong arep dilamar?”

“ Kan aku ora perlu ngomong karo wong liya”

“Lho aku dianggep wong liya yo?”

“Lha piye meneh? Awit mbiyen hubungane awake dhewe kan yo mung kekancan?”

“oo ngono..dadi saksuwene iki aku gur kanca? Ora luwih blas?

“yo luwih..tapi sing ndadekae aku kudu nganggep kanca kan kowe dhewe”

“Wis saiki ngene, misale aku mulih dina iki kanggo nglamar kowe piye?” pitakone Ryan.

“Yen arep mulih ya monggo. Nglamar ya rapopo. Nanging aku wis nampa lamarane mas Kasminto. Dheweke jelas kenalan, kekancan, terus ngrasa cocok, nglamar , ngajak nikah. Lha kowe awit mbiyen ora ono kemajuan. Ming ngono-ngono wae”, wangsulane Vania.

Vania kelingan menawa liburan Imlek wingi Ryan mulih, nemoni vania diajak dolan nyang ngomahe keluargane ngrayake Imlek. Nanging ora ono tembung wigati sing kewetu.

Nanging ono maneh sakliyane kuwi, keluargane Vania ora setuju karo sesambungane Vania lan Ryan kuwi. Akeh kang rubeda. Keyakinan, sing utama, wis ora padha.

Karo lungguh nyang klasa Kasminto ngedapi suguhan, ora kendat Kasminto ndeloki gunemane Vania karo nguping apa sing diomongne.

Kasminto rada panas. Nunggu-nunggu acara ndang rampung. Telpone suwe mbok menawa ono setengah jaman.

Sawise tamu sepi, Kasminto ngomong karo Vania.

“Telpon saka sapa kuwi mau Van?”

“Saka Ryan mas.”

“ono apa kok sampai setengah jaman?”

“hmm nggak kok gur takon kabar wae” Vania ngupoyo ora crita, wedi Kasminto nesu.

“ora mungkin to yen gur takon kabar. Opo meneh saka Hawaii, kan larang mbayare.”

“Iya dheweke ngomong bersedia nglamar yen aku gelem mbatalke rencana pernikahane awake dhewe”

“lha terus jawabmu piye?”

“Ya tak jawab ora isoh. Wis telat.”

Kasminto mulai mikir jan-jane Vania iki seneng tenan opo ora. Kok jawabe wis telat.

“Menawa mbiyen jan –jane kowe gelem karo Ryan?”

“Ora mas…ora..”, jawabe Vania karo mbrebes.

“Ora cocok mas, beda agama. Keluarga yo ora ono sing setuju.”

“Kudune yen dheweke temenan seneng kowe, ora sah nunggu tak lamar lagi dheweke  arep nglamar. Iku yen jenenge tresna. Yen iki menurutku gur emosi. “

“Bener-bener njenengan mas. Aku yo nduwe panemu ngono. Aku wis sesambungan suwe karo dheweke ananging ora tau ono tembung nikah utawa nglamar kewetu saka dheweke. Rumangsaku dheweke gur nggolek kanca, ora pingin luwih saka kuwi.”

Keluargane Vania pancen kurang sreg. Sing marai ora sreg,  merga beda keyakinan.

Amarga keperluane Kasminto wis cukup dheweke ijin yen sesuk pengin balik nyang Jakarta. Tikete mulih wis disiapke wong tuwane Vania. Kasminto pingin ndang cepet menehi kabar kangmase, mbakyune lan wong tuwane.

Kasminto mampir Jakarta. Nyritake bab lamarane nyang Medan lan tanggal pernikahane. Mas lan mbakyune Kasminto gedheg-gedheg,  gumun kok nekatmen adike iki.

*

Kasminto ndang mulih ndesa nemoni ibuke.

“Piye Le?”

“Anu buk…..wis lamaran buk.”

“Kowe sida nglamar dhewe? Terus ditampa?”

“iya aku mrono dhewe. Wah yen ra ditampa, aku ora mulih ndesa.  Malah wis ditemtoke tanggal nikahe”.

“Oo yo syukur yen ngono …akhire..Le le”, ibuke Kasminto mbrebes ngelingi nasibe anake iki.

Kasminto gage ngabarke rencana nikahe marang sedulur-sedulur. Arep dianake pesta ngunduh mantu. Dadi pakdhe budhe, paklik bulik lan sedulur liyane arep diundang pas acara ngunduh mantu. Ora diaturi tindak Medan ribet wektu lan ongkose.

**

Nalika lagi jagongan karo ibuke no gandok..ono wong teko ngetok lawang ruang tamu.

Ibuke Kasminto sing nemoni.

“Kas..Kas mreneo..” ibuke ngundang Kasminto.

Kasminto metu… dheweke meh semaput sakwise meruhi sapa sing teka. ..ora nyana…sing teka jebul Wiranti….

Kasminto ora isoh ngomong opo-opo, kekuk tenan. Atine isih dheg-dhegan yen weruh Wiranti. Nanging nalare wis nolak.

“Mas…nyuwun ngapunten…” Wiranti karo nangis..

Kasminto ora ngomong opo-opo.

Ibuke mlebu. Ora pingin melu-melu.

“Lha terus karepmu piye”, Kasminto akhire takon karo ngampet rasa anyele.

“Aku njaluk ngapura mas. Aku ngaku salah. Yen njenengan isih gelem nampa penjaluku.”

“ oh ya wis tak apuro Dik. Ning wis semene wae ya sesambungane dhewe.”

“Apa ora isoh dibuka maneh mas atimu kanggo aku?”

“ora Dik. Wis tak tutup”, Kasminto teges.

“Mas…tak suwun mas…”

Kasminto jane ya ragu antarane mesake, isih tresna lan nolak merga wis nduwe janji liya. Ono wanodya telu sing ngisi atine Kasminto, nanging beda-beda rasa kanggone Kasminto. Yen ngadepi Wiranti sing metu rasa kasihane. Rasa pingin njaga, kaya karo adike. Yen nyawang Diana, birahine sing luwih kuat. Rasa tresnane utawa rasa kangene kurang. Kangene kangen merga birahi. Menawa Vania, Kasminto ngrasa loro-lorone ono. Nanging Kasminto ora wani ngaku yen iku katresnan sejati kaya sing dikojahke para penyair lan ahli cinta.

“Ora Dik. Aku wis nglamar wanodya liya. Aku kudu nepati janjiku. “

Saya banter tangise Wiranti. Nyang mburi ibuke Kasminto ora kuat ngampet krungu tangise Wiranti, melu mesake.

“Wis nduk…donya ki amba kok..wis nak Wiranti ndang kondur…engko kabeh bakal mendha dhewe.”

Ibuke Kasminto ngadem-ademi Wiranti. Sanajan ya isih lara ati, nanging dheweke kudu njupuk sikap sing bener ben kabeh ngrasa ayem. Kasminto malah nyingkir saka kamar tamu. Wis cukup ngladeni Wiranti, dheweke menyang mburi, masrahke marang ibuke.

Nyang mburi Kasminto ngrasa sedih kenapa Wiranti ndadak neka-neka. Coba iso njaga kelakuane, kabeh bakal kepenak. ono tutuge. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.