KEMPALAN: Kasminto mulih sak keluarga. Barang-barang sebagian digawa sebagian dikirim lewat jasa shiping. Termasuk barang kasenengane Kasminto, gitar, bass lan amply. Tiket wis entuk, rutene lewat Houston, Taipei, Jakarta.
Nanging ana masalah nalika nyang bandara Houston arep nuju Taipei. Dijaluki paspore anake sing nomer telu merga durung ana waktu check in. Digoleki nyang dompet lan tas, ora ana. Kasminto karo Vania bingung. Terus diterangke menawa mbiyen mlebu Amerika nganggo paspore ibuke. Tengah weng nyang pesawat kasmintokaro Vania wis sempat mikir yen ora isa mulih merga paspor anake siji ora ana. Untung tenan, akhire diijinke mabur, nganggo paspor Indonesia.
Anake sing nomer siji lan telu nduwe double paspor. Siji melu ibuke paspor Indonsia, siji paspor dhewe paspor Amerika. Miturut aturan hukume AS, bayi kang lair nyang kono, masuk dadi warga negara. Lha Indonesia nganut aturan keturunan dudu tempat lair. Dadi nduwe dobel kewarganegaraan.
Kasminto kaya ngimpi. Jaman budhal kuliah durung duwe pacar. Ora ana malah rencana nikah sekjroning masa sekolah. Lha kok malah saiki mulih nggawa bojo, nggawa anak telu, lan nggawa ijazah S telu. Jangkep tenan. Peparinge Sing Kuasa pancen ora isih keduga.
Wulan-wulan awal nyang Indonesia kalebu wulan kang abot tenan dirasake Kasminto lan Vania. Abot bab panggonan lan abot bab biaya urip. Hawane Surabaya panas, gek akeh lemut. Omahe Kasminto padha rusak merga ora diopeni karo sing ngontrak. Gendhenge bocor, sukete dhuwur-dhuwur, durung ana pagere, kiwa tengen rawa. Ora nduwe kendaraan. Arep nyang endi-endi susah.
Kasminto tabungane ora akeh. Kudu dandan-dandan omah, kudu tuku kendaraan. Gek gajine durung dibayar genep merga isih durung aktif statuse. Kudu ngurus dhisik ijazah lan lapor penugasan tekan Jakarta.
Anake ora mudheng yen nonton tv utawa krungu omongane kanca-kancane. Dadi awal-awal, dina-dina anake gur muter video basa Inggris.
Kasminto stress, shock. Kanggo daftar sekolah anake, kudu mbayar larang. Arep ngurus KTP kudu ngurus nyang RT RW terus kudu mbayar pas nyang kelurahan. Yen anak lara, nyang dokter ya mbayar, tuku obat larang. Tuku susu regane ya muni tenan. Listrik larang. Prasasat apa-apa kudu nganggo dhuwit. Gek yen numpak kendaraan padha ngebut, nyalib, menggok sak geleme, nggawe stress. Yen kelingan ngene Kasminto pingin balik meneh nyang Amerika.
Kabeh sarwa gampang lan gratis. yen dadi wong mlarat pancen enak nyang Amerika. Bojone akhire nyalahke Kasminto ngapa kesusu mulih. Nanging Kasminto tetep ngotot menawa mulih kuwi pilihan paling apik. Umpama mulihe diundur nganti suk mben, ya kondisine bakal padha, awal-awal mesti kaget ngadhepi kebiasaan kang beda.
Kasminto dhewe ya atine mangu-mangu ngadhepi biaya urip kang dhuwur lan pemasukan kang minim. Dadi Kasminto ya kegodha atine. Kasminto nyoba nglamar dadi mahasiswa Postdoctoral ana ing manca negara, salah sijine Kanada.
Sakwise nunggu sewulan rong wulan ana balesan saka universitas nyang Kanada. Kasminto ditampa dadi mahasiswa postdoc menyang McMaster University, Kanada. Kasminto seneng banget entuk balesan iki. Tawaran kontrak lan katerangan gaji kabeh wis ditulis. Kasminto bakal dikontrak 2 taun, lan isa didawake meneh menawa sepakat. Kasminto wis pingin banget budhal. Atine kegodha pingin ngrasake urip kepenak nyang negara liya karo ngangsu kawruh.
Nanging nalika pamit njaluk ijin nyang Jurusan, Kasminto ora entuk ijin. Alesane ora pati jelas lan rada ora mutu.
“Arep nyang endi meneh?” ngono pitakone salah sijine anggota Dewan Penasehat Jurusan.
“Arep postdoc Pak”, jawabe Kasminto cekak.
“Ora sah postdoc-postdoc-an” ngono omonge salah sijine dosen penasehat Jurusan mau tanpa takon dhisik arep postdoc nyang endi, sepira suwene. Kasminto ngrasa kok nggak diregani ilmune lan usahane.
“Wis dirasake dhisik rekasane urip nyang kene. Mosok arep lunga-lunga terus”, ngono jare anggota Dewan Penasihat. Kasminto jane anyel, gela. Iki kesempatan ngangsu kawruh sing luwih jero lan nambah wawasan. Mahasiswa doktor ngono pengalaman mimpin riset lan nggawe publikasi isih sithik, durung isa mandiri. Kanthi Postdoc jane isa nyiapke dadi peneliti kang mandiri. Nanging akhire ora budhal. Kamangka Kasminto ketampa iku kanthi nyisihke pelamar sing jumlahe akeh. Akeh pelamar para doktor saka India, China, Korea lan liya-liyane. McMaster kalebu universitas apik, lan bidange ugo menantang, Computational Optimization, bidang kasenengane Kasminto. Dadi rasane sayang ye ora ditampa tawaran kuwi. Kasminto mung isa ngratapi nasibe. Pancen ngene iki urip nyang Indonesia, akeh sing rasane ora mlebu akal nanging kudu dilakoni. Mungkin ugo kuwi ujian kanggo niate Kasminto mbiyen nekat cepet-cepet mulih.
Ora cukup semono, Kasminto nyoba ngirim lamaran dadi dosen ana ing UTM Malaysia. Keberan pas ana lowongan. Lamaran wis dikirim, cukup lewat email karo dijangkepi kabeh persyaratane. Sakwise nunggu pirang-pirang minggu, ana balesan. Diteruske obrolan lewat Yahoo Messenger karo bagian sing arep ngrekrut, yaiku ketua departemen ing Teknologi Informasi. Akhire Kasminto ditawari ngajar kanthi gaji kang kira-kira meh 5xne gajine nyang kene. Isih entuk tunjangan kanggo sekolah anak. Kuwi ya nganggo nyang-nyangan. Kasminto malah wis tau ketemu Wakil rektor UTM nyang Bandung kanggo ngomongke tawaran kuwi. Kasminto kaget nalika ibu iku ngajak ngomong Jawa. Ora dinyana wakil rektor iku mbahe asli wong Surabaya. Mbahe migrasi sakdurunge merdika nyang Malaysia. Nanging durung tau menyang Surabaya. Kasminto wis arep nampa tawaran kuwi. Nanging Kasminto malah akhire diangkat dadi pejabat nyang Fakultas nyang kampuse. Dadi malah ora sida budhal. Pimpinan fakultas saka UTM nelpon bojone Kasminto nyang omah. Isine kon ngrayu Kasminto ben gelem budhal. Nanging merga entuk tugas nyang kantore dhewe, tawaran dosen nyang UTM Malaysia iki ya akhire ora ditekani.
Wis diantepi akhire balik nyambut gawe nyang kampuse. Rekasa kepenak dilakoni. Yen pancen rejeki engko ya suwe-suwe isa cukup. Jaman mbiyen budhal ora nduwe apa-apa saiki mulih wis entuk luwih-luwih, dadi kudu muji syukur. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi