Selasa, 28 April 2026, pukul : 00:24 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Akhir taun 2004, kabar tsunami Aceh tekan Amerika. Saben dina saluran TV-TV gede kaya CNN, FOX, NBC, kabeh nyiake kepiye kedadean tsunami sing dhasyat kuwi nerjang kawasan Aceh. Atusan ewu uwong ninggal, omah rusak, dalanan kota diterjang banjir, saluran listrik rusak, telpon mati, air bersih ora ono. Nganti pirang-pirang wulan berita kuwi durung mandeg. Kasminto saben dina ditakoni kancane nyang mesjid utawa nyang kampus. Kasminto kudu crita dawa Aceh kuwi ngendi, Aceh kuwi nyang bagian ngendine Indonesia. Nganti bosen nyritake Aceh.

Ono wong Indonesia nyang Olahoma asale saka Aceh,  kang crita yen nduwe sedulur nyang Aceh lan keterjang bencana tsunami karo nangis-nangis. Nyang mesjid, nyang endi-endi crita ngono.  Akeh sing mesake krungu crita kuwi terus menehi bantuan dollar. Akhire ngumpul sampe welasan ewu dollar  wong Aceh kuwi bingung, mbuh kepiye carane nyalurke. Lha wong dheweke sak keluarga manggon nyang Oklahoma. Sakdurunge kuwi wis suwe manggon Jakarta. Dadi entuk dhuwit akeh merga crita bencana.

Kasminto waktu rasan arep mulih uwong-uwong kono alok ngapa mulih negaramu lagi kena bencana. Wong-wong bule lan wong-wong manca kuwi ora ngerti Indonesia ki amba. Dikira ming cilik, kamangka Aceh karo Surabaya jarake adoh. Indonesia tambah kondamg merga bencana tsunami. Saben dina Indonesia disebut ana ing berita. Sakdurunge kuwi wong ngertine ming Singapura karo Malaysia. Bencana anggawa nikmat.

Ya bener Kasminto rencana arep mulih yen wis bar ujian disertasi. Nanging isih nunggu disertasine komplit lan ana paper sing isa dipublikasi.

Wulan Mei 2005 Kasminto siap-siap ngadepi ujian disertasi. Pengujine para profesor senior sak jurusan. Ana uga saka departemen Meteorologi lan saka Microbiology. Profesor saka njaba sing nguji wis kenal apik karo Kasminto.  Kasminto ora sepirua wedi.

Sakdurunge ujian Kasminto ora lali njaluk donga saka ibuke. Ibuke ditelpon.

“Buk aku arep maju ujian disertasi. Nyuwun donga lan pengestu” ngono swarane Kasminto lewat telpon.

“Apa kuwi disersi? Aku ora ngerti le. Pokoke ibu tansah ndongake ben kabeh lancar.” Ngono wangsulane ibuke Kasminto saka ndesa adoh kono.

Kasminto karo ngguyu dhewe krungu buke nyebut disertasi karo disersi. Maklum ibuke mung wong ndesa mung lulusan SR. Anake isa lulus sarjana wae wis ora umum bungahe. Lha iki malah arep ujian disersi barang, wis oa isa mbayangke.  Kasminto iya njaluk doa saka ibu bapak mertuwa lan kangmas lan mbayune. Jane arep meneng-meneng nggawe kejutan. Nanging luwih apik menehi ngerti karo njaluk donga, wedi  ndak kuwalat.

Ujianne ora suwe. Nanging ana profesor senior, Profesor Pulat, wong asli Turki,  sing takon petanyaan angel.

Kasminto bingung olehe arep njawab. Pembimbinge malah crita muter-muter. Kasminto bingung piye iki kok malah pembimbinge crita macem-macem.

Akhire Kasminto lagi isa nemoke jawabane sakwise rada suwe mikir. Ana pertanyaan-pertanyaan liya saka penguji liyane. Nanging Kasminto isa njawab kanthi apik.

Wektu ujian kuwi, Vania masak lan nggawe kue nastar karo resoles. Para penguji sidang disuguhi panganan kuwi termasuk uga para skretaris departemen. Dadi Kasminto ujian malah kaya pamer masakan Indonesia. Pengujine ketok seneng ngrasake masakane vania. Padha bolak balik ngemplok nastar lan ngicipi resoles kuwi. Dadi sakdurunge ujian, profesore takon masakan iku digawe saka apa, piye nggawene. Dadi kaya konsultasi masakan.

Mungkin merga ngrasake enak, terus lali takon pitakonan sing angel-angel!

Ora suwe sakwise sidang antarane para penguji, Kasminto dinyatake lulus ujian.

Kasminto seneng banget. Usahane mataun-taun akhire kasil. Sakwise ujian, pembimbinge crita menawa mau crita muter-muter iku ben Kasminto isa mikir jawaban saka pertanyaan profesor Pulat. Wah pembimbinge Kasminto iki pancen jago, omonge alus, ora tau nesu, ning pinter strategi.

Asline babagan paling angel nempuh pendidikan S3 kuwi malah nalika nggarap disertasi lan ngadepi masalah dana, dudu pas ujiane. Kasminto ora ngrasa kaget ngerti hasile ujiane. Kasminto ya wis nduwe publikasi pirang-pirang paper. Dadi wis ora masalah.

Tahun 2005 Agustus resmi Kasminto lulus S3. Ana acara wisuda.  Kasminto diwisuda nyang stadion. Anak bojone melu wisuda. Ketemu karo para profesor saka Jurusane. Kasminto mbayangke menawa ibune ana lan weruh anake diwisuda S3 sepira mongkok atine. Nanging ibuke wis tau ditawani dolan nyang Amerika ora pingin. Mbok menawa wegah adohe, terus mbayangke kudu ngomong basa Inggris, terus mangane piye.

Anak bojone Kasminto krasan urip nyang kono. Nanging Kasminto ora. Dadi bubar wisuda Kasminto dhewe sing pingin ndang balik Indonesia. Kanggone Kasminto urip no AS kurang menarik. Lingkungane pancen tertib, sarwa teratur, apa-apa ibarate luwih mayar. Nanging sesrawungan karo tangga, karo sedulur, kara kanca, isih luwih nyenengke nyang Indonesia. Kaya mlaku nyang pasar ketemu kanca, ana tangga sepasaran bayi diundang, ana tangga netake anake ya diundang. Wah pokok sarwa gayeng.

Durung babagan panganan kang ya luwih maneka warna, cocok karo ilate wong Indonesia. Lunga nyang Solo, isa ngicipi Soto Solo, menyang Jogja ngicipi gudheg, menyang Sulawesi ngicipi ikan bakar. Wah jan sak ndayak yen arep disebut. Mulane Kasminto ngotot kudu balik. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.