Selasa, 12 Mei 2026, pukul : 13:37 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Bengi iki kaya umume manten anyar, wayahe acara ‘belah duren’. Kasminto wis ngempet saksuwene 28 taun. Pingin ngrasake suarga ndonya.  Eee pancen bener, ono sedulure Vania saka kampung, daerah Raja Maligas, teka nggawa duren sekarung. Jare tuku sakuwit saka tanggane, trus manen wohe pira kabeh diunduhi.

Bengi kuwi tamu saka keluarga Klaten disuguhi duren. Mangan duren nyang ngarep omahe tulange Vania sing kanggo nginep keluargane Kasminto. Mbokmenawa lagi kuwi kangmas lan mbakyune Kasminto mangan duren nganti bosen. Kanggo nyegah ben ora kena serangan kolesterol, bar mangan duren padha ngombe banyu sing diilingke nyang kulit duren terus diuyup.

Kasminto eling kedadean wingi awan. Awan kuwi bar nikah lan upacara adat, wong loro kuwi padha kesel. Kasminto karo Vania nyang kamar pengantin. Leren turon nyang kamar, ben seger meneh. Mengko sore kudu siap-siap acara syukuran nyang arep omah.

Lagi kuwi sepisanan Kasminto sak  kamar karo Vania sakwise esuk mau resmi padha bebojoan. Ora sabar nunggu bengi, Kasminto pingin mbukteke kelanangane. Kabeh crita babagan endahe malam pertama pingin ndang dirasake. Kasminto ora pingin malam pertama, nanging siang pertama. Vania sing isih nganggo wedhak , gelungan lan nganggo korset, kuwi wiwit dielus-elus, diambungi, dicekl-cekel. Jane ngono Vania kurang ngrasa nyaman merga nyang njobo isih rame wong sliwar sliwer nyiapake kanggo acara sore.

Nanging ndeloki bojone ketoke brahine lagi njedhul, Vania yo ming manut.  Setengahe lagi ngos-ngosan Kasminto pingin ngrasakake endahing suarga donya, lawang diketok.

“Van.. Van..ayo dirias meneh”, ngono tukang rias penganten ngagete wong loro kuwi.

Ora urung Kasminto mak jegagik kaget,mlumpat saka kasur, mlebu nyang kamar mandi. Ora lali nyaut celana nyang pinggir meja rias.  Dheweke misuh-misuh..jeneng kewan metu kabeh..jangkrik, wedhus, kirik, lan liya-liyane…Batine dheweke “ngapa kesusu dirias..kan iso engko rada sore. “

Vania ngguyu dhewe ndelok bojone kuwi nylametke dheweke saka rasa isin diweruhi tukang rias. Untung Vania isih nganggo busana komplit.

Tukang rias mlebu kamar karo mesam-mesem ngerti apa sing lagi kedaden.

“Ngapa kesusu..engko bengi kan malah dawa wektune, tenang suasanane”.

“Biasa Kak, wong lanang ora isoh ngampet” ngono wangsulane Vania karo ngguyu.

Kuwi mau crita wingi sakwise acara nikah. Kasminto ngguyu dhewe kelingan adegan lompat saka ranjang kuwi. Lha ya bojo-bojone dhewe arep dikapake kan ya terserah, lha iki tukang rias ngganggu wae.

Nanging bengi-bengi sakwise pesta duren, kaya penganten anyar liyane, Kasminto wis iso ngarasake apa sing saksuwene iki mung krungu utawa maca critane uwong.

*

Ora suwe Kasminto karo Vania nyang Medan. Wong loro kudu siap-siap kanggo acara ngunduh mantu nyang desane Kasminto. Sesuk wis budhal menyang Jakarta. Terus numpak kereta jurusan Solo mudhun Klaten.

Wayah iki wong loro kuwi wis bebas arep ngapa wae. Perjalanan kereta bengi Jakarta-klaten bener-bener dadi arena pertempuran Jawa musuh Batak. Kahanan peteng ndhedet, sedhela-sedhela ono sorot lampu saka njobo,  ,gerbang sepi, wong-wong padha turu. Kasminto lan Vania usek dhewe. Kabeh kemampuan ditoke. Ora peduli kiwa tengen. Jawa, amboko cilik ning kekuatane ora kena disepeleke. Saka lambe, dada, nganti bagian sing paling vital kabeh dijelajah karo Kasminto. Vania menggeh-menggeh nglayani serbuan Kasminto. Bengi kuwi wong loro ora padha turu. Lagi esuk cedhak Jogja sakwise Purwokerto lagi padha turu angler.

Keluarga saka Medan nyusul menyang Klaten. Ono bapak mamake, adike lan uwake saka Jakarta. Mertua lan sedulure  saka Medan ora nyangka menawa desane Kasminto ora kaya sing dibayangke. Lewat saka Boyolali, terus menggok kidul arah tulung, Cokro, Karanglo..dalane mulus alus.. Dalan-dalan amba, kiwa tengen dalan katon resik. Beda tenan karo desa-desa ing Sumatera umume.

Sedulure Kasminto saka pihak bapak lan ibuke kabeh padha teka. Ora lali kancane Kasminto saka Surabaya ugo teka.  Nanging ono salah siji tamu istimewa, yoiku Wiranti. Sengaja Wiranti diundang ben ngerti kaya piye bojone Kasminto. Acara ngunduh mantu mlaku kanthi lancar. Tamu salaman siji-siji karo penganten loro.

Kasminto dheg-dhegan giliran Wiranti nyalami. Karepe arep ditanggepi biasa wae. Ananging Wiranti kuwi mesti nggawe atine Kasminto dheg-dgean.

“Selamat ya mas “ karo mbrebes Wiranti nyalami Kasminto.

“Selamat mbak,” sepisan iki Wiranti ketemu Vania.

Karo ibuke Kasminto Wiranti didekep. Padha, Ibuke Kasminto yo isih mbrebes ndeloki Wiranti.

Ora urung Vania takon sapa wanita iku. Kasminto bingung anggone njelaske. Saksuwene iki Kasminto pancen durung crita soal Wiranti. Malah jane ora kepingin crita. Vania gedhe rasa sujanane.

“Mengko wae”, wangsulane Kasminto.

Kasminto karo Vania ora lali tampil nyanyi. Malah lagu sing dipilih ‘Bujangan’. Ora eling dheweke wis ora bujang.

‘hati senang walaupun tak punya uang..oo oo..’

Pas syair kuwi, bulike Kasminto saka Jakarta malah nyeletuk.

“Ngapusi kuwi Kas….endi ono…ra nduwe dhuwit kok seneng”

Batine Kasminto, iku pancen kanggo bujangan wae bulik. Yen dudu bujangan yo ngelu ora nduwe dhuwit.

Bubar pesta ngunduh mantu, Kasminto rencana balik nyang Jakarta karo Vania. Keluargane Vania wis balik nayng Medan.  Kasminto kudu siap-siap kanggo balik neruske sekolah. Vania mengko nyusul. Wong loro kuwi sempat ngrasake adheme hawa Tawangmangu ambako gur sewengi. Wong kuwi padha nginep nyang sakwijining vila ono Tawangmangu kono.Ibuke Vania nate lungo mrono karo ibu-ibu perkebunan saka Medan. Dadi Vania pingin weruh kaya ngapa Tawangmangu sing kondang karo Gerojogan Sewune.

*

Ora kinira, Vania malah ambruk sakuwise mulih saka Tawangmangu. Awake panas, rasane ora karuan. Demam berdarahe kumat. Penyakit sing mbiyen kae teka meneh. Mungkin amarga kekeselen wira-wira Medan-Jakarta-Klaten. Ditambah meneh saben bengi diserbu Kasminto. Awake panas, ngisor kulit rasane kaya ditusuk-tusuk. Trombosite anjlok, awake lemes. Vania dirawat nyang Rumah Sakit islam Klaten. Kasminto nunggoni saben dina.

Sakjane saksuwene iki awake wis rada suwak, nanging ora dirasake.

Pirang-pirang dina mondok nyang rumah sakit. Kondisine mengkhawatirkan. Kasminto ngrasa salah merga kaya meksa kabeh kudu dilakoni ing wektu kang mepet.Wong tuwane vania ish durng teka. Lagi wae tekan Medan.

Awan-awan lagi sepi, Vania turu, Kasminto teklak-tekluk nyang njobo kamar, sandaran nyang kursi tembok kang mbatesi emper karo latar rumah sakit. Ono wanodya teka.

“Mas sapa sing gerah?” Wiranti takon ngirane ibuke kasminto sing gerah.

Kasminto rada karo ngantuk, apal yen kuwi swarane Wiranti. Langsung melek.

“Lho Dik kok kowe ngerti aku nyang kene?”

“Sapa sing gerah mas?”

“Bojoku, Vania”.

“Aku oleh mlebu?”

“o ya.. mangga..” kasmino ngadeg terus mlaku mbukake lawang.

Wiranti mlebu ndeloki Vania isih turu. Wiranti lungguh nyang sampinge Vania, nunggoni Vania sakwetara. Kasminto tetep lungguh nyang emper rumah sakit.

Ora suwe Wiranti metu.

“Mas mbak Vania gerah apa?”

“Keno demam berdarah. Mungkin kekeselen Dik. Wira-wiri terus. Piye kowe kok iso ngerti aku nyang kene?”

“Aku mau tilik kancaku, lha kok aku weruh njenengan tuku obat nyang Apotik ngarep kono. Tak deloki kok bar saka apotik menggok njujuk mrene.”

“Oo..”

“Mas wis dhahar, aku nggawa sega bumbu trancam, saka prapatan Ketandan kuwi. Kersa?” wirant nakoni Kasminto kanthi rasa nglayani.

Kasminto mak dheg, ora isoh nolak. Pancen durung mangan awan.

Wiranti mlebu nyang kamar, Vania isih turu. Bungkusan sing mau digawa, dibuka. Terus dihidangke nyang Kasminto.

Kasminto mangan telap-telap trancam kuwi karo ngletuk karak. Rasane seger , opo meneh sing nggawake Wiranti. Saya tambah nyamleng.

Wiranti mlebu meneh, nunggoni vania.

Vania sedhela nglilir.

Wiranti nyedhaki Vania.

”Mbak aku Wiranti, kanca SMAne mas Kasminto. Mbak arep ngunjuk?” Wiranti njupuk gelas karo sedhotan,  ngelungke nyang Vania. Wiranti trus ngelus-elus telapak sikile lan tangane Vania. Jare yen dielus-elus rasa larane kurang.

Sajak ketok gemati Wiranti nyang  Vania. Vania seneng banget ditunggoni Wiranti sanajan lagi sepisan iki isoh jagongan. Nganti sore wong loro kuwi jagongan. Kasminto amung nyawang saka njobo kamar. Ora nyangka wong loro kuwi padha akur. Kasminto mbatin umpamane….Kasminto ora wani neruske.

“Mas sapa iku wiranti?”

“Kanca cedhak mbiyen sakdurunge aku kenal karo kowe dik”

“Lha kok ora karo Wiranti wae”

“Ono kedadean sing aku ora isoh nampa”

“Lho apa?”

“Pas aku dolan nyang omahe, dheweke lagi karo priyo liya. Aku nyawang kedadean sing ora pantes. kamongko statuse wektu kuwi isih pacarku”.

“oo ngono..terus mas piye?”

“ya aku ora gelem dikuciwaake.”

“Nanging aku ndelok Mas Kas lan Wiranti ketoke isih akrab ?”

“Wis ojo mikir kuwi..sing penting laramu ndang mari. Kudu istirahat.”

Kasminto ora pingin Vania kedawan-dawan takon Wiranti.

Saben dina yen bubar mulang, Wiranti mesti mampir nyang rumah sakit. Ono wae sing digawa, kadang mie goreng, sega urap nganggo sambel tumpang, sop ayam Klaten. Kasminto dadi kopen. Yen bengi nunggoni Vania sering kurang turu. Dadi yen awan Wiranti teka isoh turu sedhela senderan kursi dawa saka semen nyang emperan rumah sakit. Wiranti nunggone  Vania kanthi sabar.

Wis 5 dina kondisine Vania isih munggah mudhun durung stabil. Yen bengi sering demame dhuwur. Saben dina sedulure lan kanca-kancane  kasminto padha gantian tilik nyang rumah sakit. Wong kuwi nyampeke rasa prihatine karo kondisine Vania. Wong tuwane Vania lagi ing perjalanan saka Medan nuju Jogja. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.