Ambane Jangkah

waktu baca 6 menit

KEMPALAN: Sore kuwi Kasminto lagi wae mulih saka kantor. Omahe ora adoh,kiro-kiro 15 menit wis cukup kanggo nempuh jarak soko kantor tekan omah.Teko ngarep omah, pas nyang ngarep lawang, Kasminto meruhi ono surat gemlethak ono nduwur mejo. Atine dheg-dhegan mergo ora biasa nyawang sampul surat werno putih semu coklat lan ono kop surat salah sijining universitas ing Amerika. Pancen sakwetara iki dheweke ngelamar sekolah no Amerika . Ono telung universitas sing didaftar. Wis kiro-kiro telung sasi kepungkur lamaran dikirim lewat pos. Kasminto tansah nunggu-nggu ono kabar saka universitas-universitas sing dilamar kuwi. Ora sronto selak ngerti apa isine, surat kuwi cepet-cepet dibukak lan diwoco kanti teliti.

Kasminto isih ora percoyo moco larik-larik surat sing isine ndadekake atine mongkok. Isi surat kuwi mratelakake  menowo dheweke ketompo sekolah master ono ing Oklahoma.

“We are pleased to inform you that you are admitted in School of Mechanical  Engineering University of Oklahoma”.

Mongso gugur sasi Agustus ngarep iki dheweke kudu wis budhal menyang Amerika. Atine bungah nanging yo bingung kecampur lawan wedi. Wektu persiapan kiro-kiro ono petang wulan.

Kasminto lungguh no kursi ruang tamu, mbaleni maca maneh isi layang sing lagi ditompo kuwi. Dimatke meneh larik-larik lan ukoro ing layang kuwi. Ojo nganti salah maca. Kasminto ngroso bersyukur nyang njeron atine. Pepinginane awet suwe sekolah no monconegoro bakal keturutan. Nanging dheweke durung mesti menowo iso entuk beasiswa. Kudu diurus dhisik syarat-syarate menyang kantore. Mergo tahun iki sisa beasiswa gari siji lan kuwi dinggo rebutan wong akeh.

Kajobo kuwi, dheweke mikir wong tuwane, utamane bapakke sing lagi nandang loro. Wis pirang-pirang taon bapakke loro paru-paru. Dheweke pancen rutin mulih tilik wong tuwo karo menehi dhuwit kanggo tuku obat paling ora rong minggu sepisan. Bapakke seminggu pisan kudu tuku obat semprot kanggo ngurangi sesek. Sanajan Kasminto kalebu bocah nakal, nanging babakan ngabekti marang wong tuwo, isoh kanggo conto. Ora tau lali mikirke kahanane wong tuwane. Saben mulih mesti ninggali duit lan takon opo wae kang dipingini bapak ibuke. Mergo dheweke ngerti koyo ngopo rekasane wong tuwane nalika nggedheke anak-anake lan piye wong tuwane mobat mabit kiwo tengen ben isoh menehi bekal sekolah sing cukup kanggo anak-anake.

Lan ono sing dipikir meneh yoiku pacare sing jenenge Wiranti.

Bocah wadon iki wis 3 taon nduwe hubungan katresnan karo Kasminto. Wiranti iki itungane konco se SMA karo Kasminto. Wiranti dhewe yo nyambut gawe dadi guru ono ing salah sijine sekolah ono ing wilayah Klaten. Menowo sido budhal dheweke kudu nggenahke piye bacute hubungan katresnane karo Wiranti. Opo ndang nikah opo yo cukup hubungan koyo saiki, ora ono tali aturan sing ngresmekke hubungane. Kasminto dudu tipe wong lanang sing gampang tresno marang sembarang wanito. Ngenani urusan katresnan,  Kasminto tergolong ngati-ati, ora gampang janji, ora gampang mblenjani.

Kebetulan dino iki dino Jum’at. Dadi kudu nunggu 3 dino maneh kanggo nglaporke kabar apik iki menyang kantore. Kasminto mikir luwih apik mulih ndeso nemoni wong tuwane kanggo mratelakake kabar apik iki. Sisan nemoni Wiranti kanggo ngrembug piye amrih apike bacute hubungan antarane dheweke. Kabar iki ora isoh cepet-cepet dikandake marang wong tuwane utowo Wiranti. Omahe wong tuwane ora ono telpon . Semono ugo Wiranti yo ora nduwe telpon. Dadi pancen kudu mulih ben isoh ketemu langsung.

Bengi kuwi Kasminto numpak sepeda motor nuju terminal bis antar kota Suroboyo. Koyo biasane sepeda dititip ono ing terminal. Banjur dheweke numpak bis Jurusan Jogja mudhun no Solo. Bis wis mlaku ninggalke terminal Bungurasih, jam 10 bengi, Kasminto ora isoh turu, theklak-thekluk ono njeron bis.  Bis mlayu banter mergo dalan sepi. Nyawang kiwo tengen, penumpang kabeh podho turu angler. Gur Kasminto ndewe kelap-kelip ora isoh turu mikir piye masa depane  yen dheweke sido budhal sekolah. Kepiye suk yen kudu budhal, opo yo isoh dheweke nglakoni urip nyang negoro monco saksuwene 2 taon. Lha saktenane dheweke ora tau menyang luar negeri, boso Inggrise yo isih blekak blekuk, ora tau numpak montor mabur, ora tau mangan pizza, isih seneng gereh utowo sayur asem. Pokoke Kasminto mumet sirahe sanajan atine seneng. Dheweke banjur  kelingan lelakon sing wis dialami saksuwene iki.

Kiro-kiro nem sasi dheweke kursus bahasa Inggris ben bijine mundhak. Wektu iku dheweke kudu mondok no Jogja ninggalke pakaryane minongko dosen. Sakwise kursus 6 sasi,  alhamdulillah bijine bahasa Inggris  wis sakdhuwure 550, biji TOEFL. Kuwi yo wis diewangi nganggo poso Senin-Kamis lan sholat kajad saben bengi ora tau kendhat. Sakwise entuk biji semono, banjur nglamar-nglamar sekolah no Inggris lan Kanada, nanging ora ono sing ketompo. Wis nate nyoba nglamar no Australia, ketompo, nanging karo atasane ora diijinke budhal mergo sekolah sing nompo kuwi jare rada ora apik mutune. Yo wis kasminto nrimo. Sanajan atine yo gelo.

Kasminto nganggep kabeh lelakon mau pancen wis ono dalane dhewe-dhewe. Malah saksuwene nunggu nggolek sekolah kuwi, dheweke isoh mbangun omah raketang mung cilik tur yo sak onone, asal ngadeg.   Dadi yen sakwektu-wektu arep nglamar Wiranti, ono sing diandalke. Omah kanggone wong Jowo iku kalebu sarono kang penting kanggo persiapan urip bebrayan. Nanging nganti saiki yen pinuju ngomongke urip bebrayan, Wiranti mesti ngomong durung siap. Wis ono kaping telu Kasminto nyoba ngajak ngomong Wiranti babakan  hubungane. Biasane pihak wong lanang sing durung siap . Ananging kasuse Kasminto iki malah kuwalik. Dadi akhire Kasminto sok-sok malah mikir kanggo mutus hubungan katresnane karo Wiranti. Opo meneh saiki dheweke arep sekolah ono monconegoro, kanthi wektu sing cukup dowo.Menowo  ora ndang gage-gage nikah, biso-biso malah hubungane tambah ora jelas.  Mbuh mbok menawa bubar  krungu kabar iki terus Wiranti gelem ndang dirabi.

Ora kroso bis wis tekan terminal Tirtonadi. Kiro-kiro jam setengah papat esuk. Terminal mulai rame, akeh sliwar sliwer kendaraan lewat mlebu metu terminal.  Bis-bis soko Jakarta, Bandung  wis mulai teko. Warung-warung sak cedhake kono wis mulai bukak. Ono sing nyetel radio, swara gamelan, uro-urone sinddhen lan suluk dhalang  wayang kulit radio-radio Solo  gembrenggeng. Ndadeke suasono khas kota Solo mulai kroso. Kasminto sadar soko lamunane.

Dheweke cepet-cepet ndang mudhun, nggolek mesjid nyang njeron terminal kanggo nindake sholat subuh. Ono sakwetoro wektu nunggu swara adzan, karo leyeh-leyeh no emper mesjid. Howone isih kroso adhem. Sakjane Kasminto pingin ndang tekan omah ben iso ndang crito karo bapak ibuke. Mesti bapak ibuke bakal mongkok ugo atine. Nanging bis jurusan Jogja jam semene isih durung budhal. Dadi luwih prayogo pancen sholat subuh dhisik, ora usah kesusu.

Kasminto jaman cilikane jane ora ketok yen nduwe bakat sekolah. Senengane yen awan mulih sekolah nggolek iwak no kali. Yen bengi senenge nyuluh nggolek welut. Menawa sekolah, awet SD langganan diseneni gurune mergo ra tau nggarap PR. Malah kerep munggah kelas kanti biji sing pas-pasan. Nanging pancen dheweke seneng kekancan, koncone akeh, kegiatan opo-opo diloni. Ubyang-ubyung ora jelas.  Wong tuwane yo judheg mikir bocah iki. Ning yo isih bejo akhire isoh ketompo nyang sekolah negeri, dadi wong tuwo ora kabotan anggone ngragati. ono sambunge.

(Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

 

BACA LAINNYA

Ambane Jangkah

Kempalan News
1

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Ambane Jangkah

Kempalan News
0

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *