Ambane Jangkah

waktu baca 10 menit

KEMPALAN: Kasminto wis siap budhal menyang Amerika. Ora lali pamitan karo sedulur-sedulure, pakdhe budhe lan paklik bulik no ndeso.  Kanca kantor ugo nylameti kanthi ngajak mangan bareng ono sakwijining restoran no Suroboyo. Acara-acara koyo ngono iku nambah sumedhot atine Kasminto.

Sing paling krasa abot yo nalika pamitan karo bapak ibuke. Nyawang kahanane bapake sing wis suwe nandang lara lan samsaya kuru, Kasminto ora isoh nahan tangise. Apa meneh kudu lunga suwe.

Yeng eling jaman nom-nomane, bapake gagah, yen nyambut gawe kuat, nggolek pari menyang endi-endi ora nduwe kesel. Sok sok yen bengi bar maca koran, wayahe anak-anake podho sinau , bapake Kasminto isih nyempatke asah-asah piring lan gelas nyang mburi cedhak sumur. Piring gelas mesti numpuk merga batihe keluargane Kasminto akeh. Yen esuk sakdurunge budhal nggolek pari utawa budhal menyang sawah, isih sempat umbah-umbah celana lan klambi bojo lan anak-anake. Prasasat ora nduwe kesel. Yen soal kerjo pancen bapake Kasminto jempolan tenan. Iki sing marahi Kasminto tambah semedhot.

Nanging saiki kabeh wis beda, awake kuru prasasat gari balung diwungkus kulit, ora nduwe daya, ora isoh apa-apa. Yo pancen ngono kuwi menangsa, yen Sing Kuasa wis kagungan kersa, ora nduwe daya apa-apa.

“Terus kapan kowe mulih le? “ ngono kuwi pitakone bapake lirih.

“Ya nganti lulus Pak. Kira-kira ya rong taunan.”

“Lha kok suwe men. Lha suk yen aku mati pye le? ‘ ucap bapake ngagetke Kasminto.

Kasminto ora ngomong apa-apa. Gur mbatin apa pancen bapake wis ora suwe meneh arep ditimbali Sing Kuasa. Jane mesake nyawang bapakke lara, paribasan gur sarean nyang nduwur kasur ora isoh menyang endi-endi. Sesasi terakhir pancen kesehatane tambah drop. Ibuke gur nyawang karo mijete sikile bojone. Ora krasa luhe tiba ing pipi, mbrebes ndelengi bojone lan anake.

“Yo wis Pak aku nyuwun pamit. Muga-muga Gusti Allah maringi sing paling prayoga kanggo Bapak“, Kasminto nyalami bapake karo nguculke tembung-tembung sing ora biasa kuwi. Mesti wae pipine yo teles merga ora isoh nahan luhe.

“Ngati-ati yo Le…” welinge bapake kanthi swara lirih. Bapake Kasminto pancen ora pinter wicara. Yen ngomong gur apa perlune.

Bar kuwi Kasminto ganti nyalami ibuke.

“ Muga-muga lancar ya Le. Ibu wong bodho ora mudheng bab sekolah dhuwur, ora ngerti Amerika kuwi ngendi, kaya ngapa. Wis pokoke ibu tansah ndongake ben lancar samubarange , slamet..sukur-sukur ketemu jodhomu”, ibuke ora isoh ngempet tangise. Ibuke nguntabke tekan emper omah. Ora lali Kasminto sungkem ibuke.

Kanggone Kasminto ibuke ki ugo pahlawan. Wong kang gedhe jasane kanggo lelakon uripe. Yen ono uwong sing paling dikangeni sakliyane Wiranti, yo Ibuke. Saben mulih mesti ibuke ndang-ndang nggaweke teh anget legi. Ora lali  krupuk utawa karak lan gorengan kasenengane Kasminto mesti cumepak. Yen lagi pasaran Cokro mesti ibuke ngajak Kasminto diterke menyang pasar. Opo wae kasenengane Kasminto ditukoke. Jangan utawa lawuh sing disenengi mesti ya digaweke. Durung yen Kasminto lara, ibuke sing mesti telaten lan betah njaga nyang rumah sakit. Ngelingi iku kabeh, abot tenan Kasminto njaluk pamit ibuke.

*

Kasminto budhal menyang Jakarta numpak bis saka stanplat Delanggu, gawanane mbreot, rong koper gedhe.  Sewengi nginep nyang omahe mbakyune nyang daerah Mampang. Keluargane, yaiku mas lan mbakyune sing podho manggon no jakarta lan Bogor melu nguntabke. Kasminto mangu-mangu mbayangke perjalanan sing suwene, kira-kira 36 jam. Dongane nyang njero ati mugo-mugo lancar, ora mukok-mukok merga mabuk. Ora lali Kasminto nggawa minyak angin.

Mlebu terminal Kasminto ngrasa sumedhot atine, bakal suwe ora ketemu kanca lan sedulure. Ora iso mangan panganan khas Indonesia. Ora bakal ono acara kumpul-kumpul tangga utawa sedulur. Mbakyu lan kangmase yo rasane ora tega nglepas adike kuwi lunga adoh. Maklum wong ndesa ora tau lunga adoh-adoh. Malah nyawang Kasminto koyo bocah ucul. Sanajan wis gedhe nanging kanggone mbakyu lan kangmase, Kasminto kuwi merga adike, isih dianggep kaya bocah cilik..

Rada bingung Kasminto kudu check in, terus  urusan menyang bagian  imigrasi, dicek paspor, visa.  Ketok cenunak cenunuk. Akhire Kasminto mlebu pesawat. Rasane rada kepiye. Ya maklum ora nate numpak pesawat. Lha iki numpak sepisan, penerbangan Cathay Pasific, pesawate gedhe, gek kabeh pramugarine ngomong bahasa Inggris. Kasminto ngrasa dheweke jan ndeso katrok tenan.

Nyang jero pesawat Kasminto lungguh cedhak wanito bule. Ora suwe pesawate mabur, Kasminto ngajak  kenalan wanito sebelahe. Wanito kuwi suwe manggon no Jakarta dadi rada ngerti Bahasa Indonesia amboko gur sethithik. Obrolan antarane wong loro ketok gayeng. Sanajan isih grothal-grathul Kasminto nekat takon-takon apa wae sing dianggap perlu. Bule kuwi ya  njlentrehke apa wae sing dadi pitakone Kasminto. Wah Kasminto ngrasa beja ketemu bule iki. Akeh informasi sing ditampa kanggo bekal sakjroning perjalanan nuju Oklahoma utawa mangsa awal urip no Amerika.

Mudhun no bandara LA pas tengah wengi. Wanuta bule mau nduduhke dalan-dalane nuju bagian imigrasi. Ora lali menehi alamat email. Mbok menawa sak watah-watah butuh informasi iso takon.

Mangsa summer lagi wae liwat, hawa isih krasa anget. Kasminto clingak clinguk, gumun weruh bandara sing gedhe, akeh wong wira-wiri, maneka warno menungsa ono. Ono wong negro, wong Afrika, wong Jepang, Korea, China, ono wong Hispanic, wong Arab, pepak tenan. Prasasat manungsa apa wae ana.  Kasminto meruhi dunya sing beda katimbang sing saksuwene iki diweruhi. Ing bagian imigrasi Kasminto dilayani  wong kulit ireng sing awake gedhe, omongane angel dingerteni, dadi kelingan film-film Barat nyang TV. Kabeh mlaku kathi lancar.

Kasminto banjur pindah nyang terminal domestik. Tengah wengi  neruske penerbangan menyang Dallas. Ora ngira wayah mudhun ono ing Dallas ketemu wong Indonesia, para dokter sing arep seminar. Sempat jagongan sedhelo, malah kebetulan dikandhani penerbangan nuju Oklahoma saka gate endi. Yen ora, Kasminto mesti ya bingung nggoleki dhewe. Gek Bandarane sakmono gedhene.

*

Esuk-esuk tekan Oklahoma, wis ono sing methuk. Mahasiswa Indonesia sing wis dhisiki sekolah ono kana. Malah Kasmnto ditampung ono ing  omaha ketua Permias sakwetara. Beja Kasminto ketemu wong-wong apik sing menehi pitulungan. Karo nunggu nggolek panggonan dhewe, Kasminto dibantu samubarange ya kalebu carane blanja, langganan telpon, pasang listrik, carane nyuci no laundry, carane numpak bis kota, disilihi komputer lan liya-liyane. Jan Kasminto ngrasa beja tenan.

Ora lali Kasminto nelpon kangmase no Jakarta ngabari yen dheweke wis tekan kanthi slamet. Kuliah wis mulai. Kasminto cukup mlaku saka apartemene menyang kampus.  Meh saben ndina Kasminto sibuk sinau lan nggarap tugas. Kabeh dosen mata kuliah menehi tugas saben minggu. Babakan kuliah, Kasminto isih bingung nangkep apa sing diomongke dosene. Ono dosen sing ngomonge jelas gampang ditangkap, ono sing ngomonge kaya wong nggremeng, ora jelas. Dadi bubar kuliah Kasminto kudu maca buku supaya ngerti apa sing diterangke ono kelas.

Yen pinuju mangan no restoran, Kasminto yo sok-sok isih bingung arep pesen panganan apa, piye carane. Akhire yo gur melu-melu kancane. Misale pingin pesen kenthang karo telur matasapi, rasane ora tau diajari wektu sekolah utawa pas kursus. Dadi yen ditakoni pelayan restoran dheweke gur ngomong

“like him”, kaya dheweke, ngono sing paling gampang mangsuli karo nuding kancane.

Kasminto kadhang ngrasa sepi. Biasane mulih saka kantor akeh kanca dosen sakumuran manggon no omah kontrakan bareng-bareng. Lha iki manggon nyang apartemen dhewekan. Yen bengi kelap-kelip dhewe ora ana kanca jagongan. Sok-sok yo ono mahasiswa Indonesia  sing teka nyang apartemene, nanging ya kadhang kala wae. Nonton TV yo durung mudheng, kabeh basa Inggris, kajobo kuwi acarane yo ora cocok karo kesenengane Kasminto. Ora ono ketoprak Humor, ora ono liga Inggris, ora ono Wayang Kulit. Cekake durung isoh nggathukake kesenengan lan kebiasaan karo acara kang ono.

Ono cukup akeh mahasiswa saka Indonesia, paling ora ono 30an uwong.  Iki gur mahasiswa sing manggon lan sekolah nyang kota Norman kuwi. Kira-kira ana 10an wanita.  Sing wanita iki pancen  yo ayu-ayu, sisan yo ketok pinter-pinter. Umume saka keluarga sugih, sing sekolah no kono mbayar dhewe. Dadi yen disawang dandanane ketok beda karo wong ndesa sing mrono merga beasiswa.

Kasminto pirang-pirang dina mangan lawuh Indomie sing digawa saka Indonesia ditambah karo endog lan sayuran. Sok-sok nyoba nggoreng ayam utawa tuku masakan China. Ben isoh ngirit, kasminto luwih sering masak dhewe.

Yen lagi sepi Kasminto banjur kelingan meneh wong tuwane, kanca-kancane lan oa isoh diselaki, Wiranti. Wong wadon sing saksuwene 3 taun wis ngisi dino–dinone.  Siji-siji lelakon sing endah karo Wiranti wiwit kebayang meneh.

Kenangan rikala dolan bareng menyang Cokro boncengan motor karo guyonan nyang tengah dalan. Sakwise kuwi terus jagongan nyang ngsior uwit munggur nyang pinggire Umbul Ingas kairing semriwinge angin.  Utawa rikala lara nyang RSI klaten terus Wiranti tilik nggawa panganan masakane , terus mangan didulang, utawa mangan gudheg bareng nyang warunge  Bu Amat lor selokan kampus UGM. Durung kenangan mlaku-mlaku menyang Tawangmangu, ndelok grojogan sewu wong loro terus kodanan mlayu-mlayu. Wah jan marakke sedih tenan.

Umpama Wiranti gelem diajak omah-omah terus nyusul mrono, endah senenge Kasminto. Kudune dheweke ora perlu masak utawa nggoreng iwak pitik dhewe. Mangane mesti yo luwih kopen ono sing masakke.  Yen mulih saka kampus mesti ono sing nyambut utawa ono kanca ngobrol. Menawa  bengi ono sing dijak nyanyi karo diiringi petikan gitare Kasminto kaya jaman mbiyen nyang omahe Wiranti yen malem minggu. Menawa dino  Minggu esuk ono sing diajak mlaku-mlaku ngubengi kampus kang asri,resik,  ijo lan ditanduri kembang kang kelire maneka warna. Endah senenge Wiranti ndelok sesawangan kang sarwo asri.

Nanging critone kabeh wis tamat, cuthel. Ora perlu dibaleni utawa diteruske meneh. Kasminto wis janji marang atine dhewe, bakal nglaleake Wiranti. Dheweke kudu mbuka kekancan lan sesrawungan anyar kang luwih akeh.

Pas rong minggu Kasminto ono ing Norman, Oklahoma, kangmase nelpon. Kaget Kasminto, ewodene awan-awan nampa telpon saka kangmase sing jenenge Tunjung. Kangmase kebeneran lagi ono tugas saka kantor dikirim menyang Boston.

“Kasminto?’ swara saka seberang kono.

“iyo Mas. Piye?”

“Aku iki lagi ono tugas nyang Boston. Kas piye kabarmu ono kono?”

“Apik-apik wae mas kabeh lancar ora ono sing kurang. Wis entuk apartemen, entuk silihan komputer.”

“oo yo apik….Kas…..”

“Iyo piye mas?”

“Bapak sedo ki Kas..wingi pas aku budhal”, Tunjung mbacutke.

“lho…?” Kasminto sakwetara ora iso ngomong apa-apa.

“Dadi aku yo ora menangi…aku wis no bandara dikabari “, sambung mase meneh.

Bener sing wingi kawetu saka bapake nalika Kasminto pamitan, bener kedadean. Kasminto sakwetara mung iso ngrasa sedih karo ndonga kanggo bapake. Wong tuwa sing saksuwene iki wis ngragati sekolahe, ngragati wong wolu nganti kabeh isoh dadi sarjana, sanajan mung tani.

Ora mungkin Kasminto isa mulih. Wektune nyrepek tur yo biayane larang.

Uwis suwe bapake nandang lara. Yen dirasake jane ya mesakake nyawang bapake ngampet lara saben ndina. Kontrol dokter, ngunjuk obat lan obat semprot yo ora kendhat kanggo ngurangi sesek. Untung wingi dheweke sempat nitip dhuwit menyang adike sing kuliah no Jogja, kanggo jaga-jaga tuku obat bapake. Kasminto wis ikhlas bapake  dipundhut Ingkang Kagungan Gesang tinimbang ngrasake lara kedawan-dawan  ora mari-mari. Pancen kuwi dalan sing paling apik.

Kasminto awan kuwi nyang lab komputer kampus mbuka email. Akeh ucapan bela sungkawa saka kanca-kanca kantore lan saka kampuse. Kasminto mung isa maca siji-siji karo mbrebes mili. Kiwa tengene ora padha ngerti. Mahasiswa-mahasiwa asing iku padha sibuk dhewe-dhewe nggarap tugas kuliah . Kasminto

arep crita ora ana sing isa diajak crita, mergane kanca-kanca nyang kene kabeh kanca anyar, durung ngerti critame keluargane Kasminto. Iya kasminto mbayangke misale isa mulih, isa ndeleng kanggo pungkasan kepiye wajah bapake, isa melu nyolatke lan nggotong jenazahe nyang sarean. Luwih saka sajam Kasminto nyang lab kuwi ming nangis sesenggukan ora ana sing ngerti.

(Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

 

BACA LAINNYA

Ambane Jangkah

News Kempalan
1

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *