Sabtu, 6 Juni 2026, pukul : 15:01 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Saya apik kahanane Vania. Sakwise dirawat 10 dina, diijinke mulih. Vania dirawat ibuke Kasminto nyang desa. Bubar kuwi Kasminto ngajak Vania karo ibuke Vania menyang Surabaya kareben weruh omahe Kasminto. Sanajan amung cilik, nanging Kasminto isoh karo bangga pamer marang Vania lan mertuane menawa kuwi kabeh hasil keringete dhewe. Kanggone Kasminto iso mbangun omah ki wis pengpengan atase ming dosen, gajine ora sepirua. Dadi wong tuwane Vania yo ora semelang anake bakal kleleran.

Soale wektu kuwi Vania pernah crita menawa Ryan nawani manggon  nyang Jakarta, Surabaya, Sydney utawa California yen Vania gelem nikah. Wong tuwane nduwe omah nyang 4 kota kuwi. Vania malah bingung. Kasminto ya ora kalah ngeyel yen gelem nikah karo dheweke, tinggal milih arep urip nyang Klaten, Surabaya utawa Medan. Ning Kasminto karo cekakakan. Wong omehe gur siji wae cilik gek tanahe negara kok nggaya. NIng vania luwih milih Kasminto.

Sakbanjure Kasminto karo Vania  budhal Jakarta. Kasminto ngurus administrasi beasiwane nyang kantor Kementrian pendidikan. Sakwetara padha nginep menyang omahe kangmase Kasminto nyang kawasan Lebak Bulus.

Bubar Maghrib Kasminto klekaran ana kamar, awake rada suwak. Mungkin yo kekeselen.  Dheweke lagi sadar menawa saiki kudu manggon nyang apartemen dhewe, ora isoh nggabung karo kanca-kancane meneh. Iku artine rega sewane  tikel pindo. Sakliyane kuwi yen ngajak bojo, dheweke kudu nduwe mobil kanggo wira-wiri nyang endi-endi. Kamangka beasiswane ora mundhak. Gek mengko tuku mobil nganggo dhuwite sapa. Terus kudu ngisi apartemene dhewe, kaya kasur sofa lan meja kursi, nganggo dhuwit saka ngendi.

Pas ngajak nikah kae durung kepikir piye engko mbiayai uripe yen ngajak bojo. Pokoke pingin ndang nduwe bojo. Saiki lagi mumet Kasminto.  Awake suwak pikire mumet.

Bengi kuwi Kasminto ketamon kancane mase sing diinepi kuwi. Mase,  Tunjung, kerja nyang BUMN. Iki ono kontraktor saka Korea sing biasa nggarap proyeke BUMN. Tamune arep ngucapke selamat kanggo Kasminto lan Vania sing lagi bubar nikah. Suwe ngajak ngobrol soal anake kang sekolah nyang Michigan. Kasminto jane sirahe rada mumet lan wetenge mules. Rada masuk angin. Nanging kudu ngladeni jagongan merga tamu wajib dihormati. gek tamune ki ya termasu wong penting nyang perusahaan Korea.

“My son is studying at Michigan Unversity”

“Oo I  see. He must be smart, because that university is very good. What field is he at?”

“Oo he is taking  industrial engineeering too. Like you.”

” Haha..yes. He must be very busy”, Kasminto nyaut.

“ Yes you are right. He told me that each professor gives a homework every week. he spent a lot of time to solve the homeworks.”

Kasminto karo kangmase lan tamune jagongan gayeng. Kasminto wis pingin ndang turu. Yen lagi masuk angin matane nggliyut pingin merem, wetenge mual.

Sakwise jagongan kiro-kiro 1 jam, tamune pamitan.

Lagi bar nguntabke tamu kasminto mlebu omah, banjur muntah-muntah nyang ruang tamu. Ora kepenak karo mbakyu ipare, Vania ndeloki kuwi gage-gage nggolek lap ditelesi kanggo ngresiki muntahane Kasminto. Lagi iki dheweke ngresike muntahan karo rada jijik

“Ngene iki yen nduwe bojo”, batine Vania karo nutupi irung ngresike jobin kang reged kuwi.

Tamune mau sempat  menehi amplop minangka hadiah pernikahane Kasminto. Kasminto mikir paling duite ora akeh, yo sekitar 300-500 ewu. Kasminto menehke amplope nyang Vania, dheweke wis turu lemes nyang kamar.

Sakwise resik-resik kamar tamu mau, Vania nyusul Kasminto mlebu kamar. Terus mbuka amplop.

Kaget Vania meruhi isi amplop . Ora nyangka jumlahe semono.

“Mas amplope wis tak bukak. Isine sewu limangatus dollar”, ngono vania ngomong alon-alon. Jaman semono dhuwit semono kalebu akeh.

“Ha..? “ Kasminto sing maune lemes kuwi dadi bregas krungu tembunge Vania. Kira-kira padha karo beasiswane Kasminto rong wulan. Ora diselaki atine Kasminto bungah sanajan awake lemes. Senenge kaya ditebahi ngalu.

Kasminto terus rada padhang pikire. Paling ora, dhuwit semono isoh kanggo tuku mobil bekas no Amrik kono. Siji masalah wis iso diayahi. Dadi yen bojone nyusul mrono ora perlu susah nggolek silihan mobil yen arep lungo-lungo.

*

Sesuke Kasminto  mangkat dhisik menyang Oklahoma. Kuliah wis arep mulai rong dina meneh. Saiki Kasminto wis rada kendel numpak pesawat, ora kekuk meneh.

Tekan Oklahoma dipethuk karo Hadi, kanca akrabe kasminto. Kancane Kasminta padha nyalami dene Kasminto entuk bojo kang kenale diwiwiti saka chatting online. Dadi sakdurnge ono film kanthi judul You’ve got mail kang dibintangi Tom Hanks lan Meg Ryan kang nyritake sesambungan katresnan wong loro, priyo lan wanita, ono ing internet, Kasminto wis dhisikan miwiti, malahan dadi bojo. Kasminto siap-siap pindah apartemen kang bakal dinggone karo bojone. Hadi putrane bapak asisten Menko  mbantu Kasminto nyiapke samubarange.

Kuliah kang sepisan sakwise prei suwe. Kasminto numpak lift arep kuliah nyang lantai 3. Kasminto mak gragap weruh Diana nyang ngarepe.

“Hai Kasminto..where have you been?”..Diana takon karo nyalami lan ngrangkul Kasminto.

Bari kuwi Kasminto weruh raine Diana rada beda. Katon Diana mendem kuciwa.

“What happened Diana? ” pitakone Kasminto.

“Kas, are you married?”

Diana takon mergo weruh cincin kawin nyang drijine Kasminto. Patang wulan kepungkur nalika ketemu pungkasan, Kasminto durung nganggo cincin.

Kasminto bingung anggone nerangake.

“Mmm  ..mmm yes…” Kasminto sarwa salah.

Diana gur meneng krungu jawabane Kaminto. Eseme sing biasane cemepak wis ora katon meneh. Malah metu saka lift ora pamitan.

Sakwetara Kasminto sedih ngelingi sesambungane karo Diana.

Ning kabeh wis kelakon. Kasminto wis dudu bujangan meneh.

*

Kasminto kudu mikir piye nggolek isen-isenane apartemen ben ora suwung blung. Meja makan karo kursine wis entuk lungsuran saka Yopie, salah sijining mahasiswa Indonesia kang wis lulus. Yopie iki asale saka Jambi, putrane bupati salah sijining kabupaten ono Jambi kono. Meja makan bunder karo 4 kursi sing isih apik-apik. Kasminto ya wis entuk TV bekas, tuku saka mahasiwa kang ngiklanke barange nyang papan pengumuman kampus. Nyang kono wis lumrah wong-wong padha masang iklan dodolan barang bekas  nyang papan pengumuman kampus kang disediake ing gedung kuliah utawa student union. Barang bekas ngono kuwi regane murah lan kondisine isih apik. Kasminto isih butuh kasur lan sofa.

Sakwijining dina Kasminto weruh ana kasur diguwang karo sing nduwe merga wis ora kanggo. Kasur didokokake cedhak karo tempat sampah omahe wong sing ngguwang kuwi, gemlethak ono kono. Kasminto mikir menawa kasur kuwi jan-jane isih apik, isih layak dinggo lan pantes. Nanging piye carane njupuk Kasminto isih nggolek cara.

Kasminto ngajak Hadi nggolek silihan mobil bak sing kena kangga angkut-angkut barang gedhe. Ana wong Mesir kang sering menyang mesjid jenenge Karim iso disilihi mobile. Sakwise entuk mobil, Kasminto karo Hadi mara menyang lokasi barang. Sengaja milih wektu rada sore nyedhaki maghrib, ben rada sepi lan ora ketok uwong.  Wong loro kuwi awale plingak-plinguk ndeleng kiwa tengen ono uwng apa ora, merga rada isin.   Ora ketok ono uwong liya, wong loro kuwi ngotong-otong kasur diangkat nyang dhuwur mobil. Wah slamet ora ono sing weruh. Mungkin wae sing nduwe omah weruh, nanging barng kang wis diguwang pancen bebas dijupuk.

Kasur diangkut digawa mlebu nyang apartemen kosong sing bakal dinggone Kasminto karo bojone. Ana lungsuran bed cover sing isih apik mbuh saka sapa sing disimpen nyang partemene Hadi. Kasur kuwi dibungkus nganggo bed cover kuwi. Ketok pantes kaya anyar. Vania ora bakal ngerti yen kasur kuwi hasil saka gresek nyang tempat sampah. Dasar Kasminto katrok wong Klaten sing nekat. Hadi sing anake wong nyait gur mesam-mesem ngerti piye carane Kasminto ngayahi kahanan kang abot.

Liya dina ana wong Indonesia kang weruh  sofa isih apik diguwang nyang tempat sampah kompleks apartemen liya. Wong kuwi ora lali gage-gage ngubungi Kasminto.

“Mas ana sofa isih apik. Diguwang nyang tempat sampah apartemen Summer Pointe. Mbokmenawa Mas Kas butuh”, ngono swara saka Andi lewat telpon.

“O ya. Engko tak deloke dhisik ya.”

“Yen mas Kas gelem engko tak goleke mobil bak”, ngono Andi nawarke bantuan.

Kasminto njranthal numpak mobil nuju nggon sing dimaksud kuwi. Bener ana sofa kang isih apik malah kaya isih anyar gemlethak ono kono. Mbokmenawa sing nduwe arep pindah nyang state liya dadi barang-barange sing ora patek penting ditinggal, kalebu sofa kuwi. Tanpa mangu-mangu, Kasminto ndang marani Andi sing manggon cedhak kono.

“Ndi aku gelem sofane.”

Esuk kuwi sofa ndang diangkut digawa menyang apartemen Bishop Landing panggonane Kasminto. Sofa dipasang no ruang ngarep. Apartemene Kasmino ono 2 ruang gedhe: lamar tidur, ruang tamu, lan ono dapur lan kamar mandi. Saiki wis rada pantes, ono mejo makan, sofa lan kasur.

Kasminto wis ayem , yen Vania teka omahe wis wangun. Ana ugo meja sinau sing digawa saka apartemen lawas, mbuh mbiyen entuk saka sapa. Pokoke akeh barang lungsuran kang turun temurun diwarisi mahasiswa Indonesia.  Termasuk lampu hias ngadeg sing dipasang ana pojokan ruangan iku lan meja belajar nyang njero kamar tidur, ya lungsuran.

Kasminto sakdurunge mulih mbiyen wis ajar nyetir mobil. Reza kancane sak apartemen sakliyane Hadi, nduwe mobil sedan Honda. Saben dina Kasmito diajari nyetir nganti wani nyetir dhewe.  Kasminto ya wis tes SIM nanging ora lulus. Dadi nganti saiki durung nduwe SIM. Nyetire gur wani sing cedhak-cedha wae. Merga arep ngajak Vania nikah mbiyen dadi kasminto mikir ajar bab-bab anyar sing sakdurunge ora kepikir.

Kasminto uga ngurus surat-surat penting ono ing kantor International Office, University of Oklahoma  kanggo nyengkuyung Vania amrih iso entuk visa menyang Amerika. Surat-surat sing dibutuhke ndang dikirim menyang Indonesia.

*

Arep nyusul menyang Amrik, Vania diterke wong tuwane numpak mobil lewat darat saka medan tekan Jakarta. Nyang Jakarta Vania kudu ngurus visa dhisik menyang kedutaan besar AS.  Saksuwene perjalanan Vania ngrasake wetenge krasa ora kepenak, antarane mual, kaya diplintir-plintir.  Dheweke bar ngombe jamu galian singset. Awake krasa ora kepenak. Sawijining rasa kang durung dirasake sakdurunge. Vania ora kendhat anggone dedonga lan maca wirid minangka upayane ben isoh lancar sawektu nggolek Visa.

“Besok lagi nggak usah minum jamu itu”, pesene ibuke Vania.

Esuk uthuk-uthuk bar subuh  Vania ngantri nyang Kedubes Amerika jl Merdeka. Ana atusan uwong kang padha ngantri nggolek visa. Akeh-akeh warga keturunan. Uwong-uwong kuwi padha trauma karo kedadean wulan mei telung sasi kepungkur.Wis padha ora nduwe apa-apa maneh kajobo tabungan.  Omah-omahe wis rusak diobong. Malah ana sing diperkosa lan disiksa. Wong-wong kuwi padha bingung jane apa salahe. Omah diobong, mobil dirusak lan ana wong-wong wadon sing dipateni sakwise diperkosa.

Vania nduwe kanca sing adike malah ninggal merga dipateni wong kang ora dikenal. Adike kuwi karo ibuke, jan-jane  wis arep budhal menyang Amerika kanggo menehi kesaksian nyang ngarep salah sijining badan PBB urusan hak asazi. Merga dheweke dianggep ngerti babagan kasus pemerkosan lan penyiksaan sekitare wulan Mei wingi.

Merga akeh penjaluk visa kang teka nyang kedutaan, pihak kedutaan nerapke tarif tambahan, tarif pendaftaran visa lan tarif sakwise visa disetujui. Ngono kuwi ya tetep akeh sing padha nglamar nggolek visa AS.

Vania mung diwenehi dhuwit karo Kasminto kanggo pendaftaran visa wae. Dadi pas tes wawancara visa, dhuwite kurang. Vania ya bingung kok aturane dadi wis owah.

“Why  do you want to go to US?”, ngono pitakone ibu-ibu sing nguji wawancarane Vania kanthi ramah. Rasane ora kaya wawancara sing kaya dicritakake uwong-uwong kang kesane medeni.

“ I want to join my husband”, jawabe Vania karo menehke surat-surat  sing dikirim Kasminto saka AS.

“Did you just get married? Congratulations” ngono malah sing wawancara nylameti Vania.

“What is your husband doing there?”

“Oo he is taking master degree at Universiisty of Oklahoma”, jawabe vania kanthi basa Inggri ssih fasih lan lancar, luwih fasih ketimbang Kasminto. Yen Kasminto sanajan wis manggon nyang Amerika kira-kira setahunan, nanging basa Inggrise ya isih medhok logat Klaten.

Nunggu rada suwe, Vaia isih ngadeg nyang arep loket wawancara.

Vania wis meruhi dhewe pirang-pirang uwong ditolak Visane. Akeh sing ditolak visane tanpa alasan. Pancen dadi  kewenangane para petugas kedutaan AS kanggo nolak, lan ora isoh ditakoni apa penyebabe. Wong kuwi wis nduwe aturan lan prosedur dhewe kanggo nrima utawa nolak. Sisih-sisihe Vania ngantri wis akeh sing gagal. Kamangka wis padha siap dhuwit dollar kanggo biaya urip nyang Amerika kono. Vania gur nggawa kertas jaminan menawa Kasminto iso nanggung biaya urip kanggo setahun. Kuwi ya merga Kasminto nyilih dhuwit kancane terus dileoke rekening bank. Bar metu surat keterangan saka bank yen Kasminto nduwe dhuwit cukup, dhuwite mau ditarik meneh dibalekke kancane. Vania wis mikir angel iki nyusul Kasminto merga akeh uwong sing kondisine luwih apik wae padha ditolak. Lha Vania malah ora nggawa dhuwit kanggo mbayar visa yen umpamane disetujui. Malah mau satpame wis nelingke yen angel ditampa visane yen ora nggawa cukup dhuwit.

Ora dinyana, Vania krungu swara saka njero loket.

“Mam, your visa application is approved. Congratulations”, ngono ibu-ibu saka njero menehi ngerti Vania.

Vania ora nggraita visa kanthi gampang disetujui.

“Tomorow you can come and see me, bring your money to pay the visa,” ono ibuke kuwi menehi pesen.

Vania mesam-mesem, ing njero atine bungah. Saksuwene iki dheweke ora tau ngimpi bakal iso urip nyang daratan Amerika. Pancen wis nate diramal karo wong pinter. Menawa dheweke mengko bakal urip nyang negara kanti patang musim. Mikire dheweke bakal kawin karo Ryan sing wis suwe sekolah nyang Hawaii lan nduwe omah nyang California utawa Sydney. Ora ngira jebul kawin karo Kasminto wong saka Klaten. Ora ngira ugo visane dikabulke, kamangka dhuwite cekak.

Sesuke Vania mlebu latare kedutaan terus ijin satpam arep nemoni miss Stephanie kanggo njupuk visa. Kaya welinge wingi.

“Ora mungkin bu. Iki lho wong-wong padha ngantri. Bayar visa ya kudune wingi sakdurunge dikabulke,” ngon satpame ngandhani.

Ora let suwe, Vania wis ketemu miss Stephani.

“oo are you vania? “ ngono pitakone Sephanie karo mesem.

“This is your visa. You can join your husband and enjoy your honey moon there”, Stephani grapyak karo ngelungke paspor sing wis ana visa AS.

“Thank you vey much mam ” Vania mangsuli kanti lega. Nalika Vania metu satpame mau gur mlongo karo mbatin  “Kok iso ya, gek iki bojon apa kok sekti?”

Vania gur mbatin mbok menawa iki dongane ibuke lan ibu maratuwane. Iya ugo dongane Kasminto, sing uripe prihatin kuwi. Biasane dungane wong kang aniaya iku mandi. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.