Ambane Jangkah

waktu baca 6 menit

KEMPALAN: Kasminto sibuk karo tugas-tugas kuliah. Lagi saiki ngarasake kuliah tenanan. Saben minggu ono tugas, kudu digarap lan dikumpulke. Yen ono tugas sing dikumpul minggu iki, minggu ngarep mesti wis dibaleke lan dibiji. Mangkane dadi semangat nggarap tugas. Ono asisten dosen sing tansah siap ditakoni masalah kepiye karepe soal kuwi utawa njlentrehke bab khusus sing dosene kurang jelas anggone nerangke. Kasminto termasuk sregep ketemu asisten merga akeh soal sing ora jelas utawa angel.

Kancane kuliah Kasminto kalebu akeh, ono wong Korea, Thailand, India, Arab, Nigeria, Kolumbia, Rusia. Cekake maneka warna bangsa ono nyang kono. Lan kemampuane yo ora perlu dipaido. Bahasa Inggrise Kasminto mulai rada lancar. Yen menyang restorant utawa supermarket wis mulai mudheng piye cara ngomonge. Maklum wong ndesa.

Ono salah sijining kanca kuliah sing akrab karo Kasminto. Wanito saka Kolumbia. Yen ndelok wanita iki, jenenge Diana, dadi marake eling Maria Marcedes ono sinetron RCTI. Bocahe ayu, irunge mbangir, rambute rada coklat, mripate  semu biru, kulitane putih coklat, ramah lan awake sintal utawa montok. Koyo umume wong keturunan Spanyol. Diana iki ora sepiruo pinter. Dadi sering takon marang Kasminto tumrap soal-soal PR. Diana sering dolan menyang apartemene Kasminto. Mergo kuwi Kasminto dadi tambah semangat anggone sinau. Kanggo njagani yen sakwayah-wayah ono pitakon saka Diana, dheweke wis siap-siap jawabane. Sakwijining dino Diana teko neng omahe Kasminto. Arep njaluk diajari babakan matematika.

“Hello..” kuwi ucapanae Diana karo salaman terus ngesun pipine Kasminto karo dirangkul.

Kasminto dag dig dug atine. Ngimpi apa mau bengi kok disun kenyo ayu ngene, batine Kasminto..

Bari diajari nggarap PR,  Diana  muji Kasminto.

“Kasminto…You are very smart”, ngono pujiane. Wah Kasminto dadi mongkok atine.

Ora gelem kalah kasminto yo muji Diana.

“yes, You’re very beautiful..”

“Really?”

“Yes, really..”, Kasminto kanthi gaya sing meyakinkan. Amboko wong ndeso kluthuk yo sekali-sekali wani nggaya.

Yen ketemu mesti Diana ngajak salaman terus dibacutke sun pipi. Kuwi wis adate wong Amerika latin. Sanajan awale kaget, suwe-suwe Kasminto biasa. Kasminto tambah akrab karo Diana. Kasminto sok-sok dadi ngguyu dhewe nemoni  lelakon iki. Kok iso wong ndeso mencit saka Klaten pakanane gereh karo sayur bobor, ketemu kenyo ayu saka Kolumbia, terus muruki sinau gek diambung barang. Wah gek ketemu pirang perkara.

Nanging ora mung Diana sing sering takon, ono uga kanca saka India sing sering takon karo Kasminto utamane yen soal sing ono sambungane karo matematika. Nanging yen nyangkut pelajaran sing akeh critane, Kasminto nyerah. Bahasa Inggrise ora nututi. Kasminto seneng nduwe kanca saka manca negara.

Saya suwe tambah krasan kasminto nyang kono. Akeh kancane wong Inonesia sing apik-apik.merga Kasminto ora nduwe mobil, yen mrana-mrene akeh sing saguh ngeterke. Kancane iki saka kalangan sing werna-werna. Ono sing bapake asisten menteri, gubernur Akabri, Bupati, Dokter. Jaman semono jabatan-jabatan kaya ngono kuwi wis ngedab-edabi. Dadi yen ngerti iki, Kasminto ngrasa beja tenan atase anak tani isoh nduwe kasempatan sekolah mrono.

Sakwijining dina ono kancane ketekan bapake sing lagi tugas no Washington terus mampir Oklahoma. Kancane iki jenenge Hadi. Bapake iki  pejabat ing kementrian Ekuin. Piyayine ora ngetok-etoke minangka pejabat dhuwur. Biasa wae solah bawane. Dadi kasminto yo luwih enak anggone ngadepi.

“Mas Kasminto asline ngendi?” ngono pitakone bapake pas lagi ditraktir mangan nyang restoran ono ing tangah kota Norman.

“Dalem saking Klaten Pak..’jawabe Kasminto polos.

“Waladalah kok podho..aku yo saka Klaten mas”.

“Sebelah pundi Pak Klatenipun pak?”

“Klaten kota mburi gedhung bioskop Rita jaman mbiyen.  Wah aku isoh nitip Hadi dijaga ya mas”, ngono kuwi welinge Pak Asisten menteri.

Kasminto ngrasa diuwongke, dianggep wis luwih dewasa. Hadi ugo kuliah ing jurusan sing podho karo Kasminto. Bocahe yo apik, ora anggak sanajan anake wong gedhe. Malah Kasminto sering dijajake. Ora suwe bapake tilik, banjur mulih Jakarta.

Sakwise pirang pirang wulan manggon no apartemen dhewe, akhire Kasminto gabung karo kanca-kancane nyewa apartemen bareng-abreng. Sakliyane murah ya dadi regung ora sepi. Sak apartemen wong telu. Salah sijine yo putrane pak asistem menteri kuwi. Kasminto akeh kebantu mergo kanca-kancane sarwa cukup dene Kasminto gur pas-pasan beasiswane. Kasminto rajin masak kanggo dipangan bareng-bareng.

Sakwijining dina bapak asisten menteri kuwi nelpon

“mas kas,piye kabare?

“oo sae pak. Wonten wigati menapa kok kadingaren tilpun?”

“ ora kok mas..iki arep takon mas Kas kuwi entuk beasiswane  sesasi piro?”

Ora mikir rena-rena, langsung wae diwangsuli.

“Wolung atus pak” wangsulane Kasminto, maksude wolung atus dollar.

“Oo sakmono, cukup ya?”

“Inggih cekap pak. Napa malih menawai apartemenipun nggabung , urunanipun langkung mirah”

Ora nyangka jebule bapake kuwi madik-madik nggolek informasi. Saksuwene iki dheweke menehi duwit wulanan kanggo anake kakehan. Ora merga ora nduwe duwit, nanging bapak kuwi wedi anake malah ora nggenah uripe, royal, bral-brol. Pungkasane malah sekolahe ora nggenah.

“mas  apa papah nate nelpon mas kas?” ngono pitakone Hadi sakwijining dino.

“iya, kenapa Dik?”

“Haha…duwit wulananku dikurangi mas. Jare mas Kas beasiswane adoh dibanding duit sanguku mas”, ngono Hai njelntrehke masalahe.

“Waduh..maaf tenan..aku ora ngira ono hubungane karo uang sangumu. Tak kiro bapak iku nelpon aku ono hubungane karo penggawean, kanggo ngrubah kebijakan beasiswa opo piye. Wah sori tenan”, Kasminto ora kepenak karo Hadi. Mungkin bar kuwi kasminto dadi arang dijajake karo Hadi. Nasib…nasib…

*

Kasminto diajari chat utawa ngobrol online  lewat internet karo kancane. Kanca-kancane akeh-akehe luwih enom, mahasiswa tingkat sarjana. Dadi Kasminto dianggap senior, apa meneh dosen pakaryane. Ngobrol online nganggo sarana sing dijenengke MIRC. Yen bengi ngepasi ora ono tugas kuliah , Kasminto ngobrol ngalor ngidul karo samubarang uwong sing lagi padha-padha online saka Indonesia. Ono sing saka Jakarta, Bandung, Suroboyo. Ono sing cocok diajak jagongan, ono sing gur guyon. Sing penting on hiburan lan nambah kanca. Umpama diapusi, Kasminto yo ora ngerti amarga sing online isoh nggawe jeneng apa wae lan ora ketok gambare. Jaman semono wong nganggo internet wae isih arang. Jenenge usaha, yo ora ono eleke Kasminto nyoba golek kanca.

Sakwise nyoba chat karo wong-wong sing gonta ganti, ono rong  jeneng wanita sing sering metu ono MIRC. Kasminto wis takon-takon asal usule, sekolahe apa, kerja no ngendi. Kasminto dadi ketagihan chat saben ndino. Malah Kasminto wis nate nyoba nelpon barang. ketoke mulai ono sing tambah akrab.

Diana saya suwe ya tambah akrab. Kasmino sering diajak nekani acara mahasiswa saka Amerika Latin, dikenalke karo kanca-kancane Diana.. Yen ono sepuluh wanita mungkin gur siji sing elek, liyane mesti kinyis-kinyis gek ramah-ramah. Kasminto ngrasa tambah percaya diri, ora minder kaya kawitan teka kae. Malah sering dikongkon main gitar terus wong-wong Latin kuwi podho nyanyi. ono sambunge.

(Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

 

BACA LAINNYA

Sebuah Pertaruhan

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
1

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Ambane Jangkah

News Kempalan
0

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *