Sabtu, 6 Juni 2026, pukul : 16:28 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Vania karo Pramu wis siap budhal nyang Oklahoma. Kabeh surat lan barang wis siap. Bapak lan ibuke Vania ngeterake nyang bandara. Nalika arep mlebu nyang ruang check in, bapak ibuke lan Vania dewe ora isa nahan sedih.

“Baik-baik ya nang”, ngono ucap bapak ibuke Vania.

“Opung nanti rindu kali ini sama Pram”, ngono opunge Pram ngesuni pipine karo ndekep putune kuwi bola-bali karo mbrebes.

“Pram mau nyusul bapak”, ngono Pramu ngomong karo opunge.

Ratih, sing isih umur 10 wulan,  kang digendong opunge wedok, ndeloki Vania karo abang Pramu. Deweke gur  meneng wae, ora nangis ora ngguyu.…sajak ngerti yen arep ditinggal mamake, nanging durung isa ngomong. Vania karo Pramu ninggalke bapak ibuke lan Ratih, karo ndada…opunge Pramu ngrasa abot ditinggal anak lan putune. Ora isa nahan tangise….

Kanggo siap-siap nyambut anak bojone, Kasminto pindah menyang apartemen kampus sing kanggo keluarga. Apartemen kampus, sakliyane amba kamare, ugo rada murah ongkos sewane. Dadi lumrah yen akeh wong kang pingin manggon kono, ndadak antri dhisik.

Musim panas 2001. Vania karo Pramu nyusul Kasminto nyang Oklahoma, kira-kira wulan Mei. Kasminto methuk nang bandara. Sakwise tekan apartemen, Vania ngabari menyang Medan yen wis tekan omah kanthi slamet. Opunge crita menawa bubar ditinggal mamake, Ratih ora gelem ngombe susu, meneng wae nganti pirang-pirang jam, ora ana guyune, tur ya ora nangis. Opunge bingung, mesake bocah semono kudu pisah karo mamake.

Pramu wis umur 2 taun. Ketemu bapake ora pangling. Terus njaluk gendhong. Bapake ndang ngajak tuku susu bayi kanggo Pramu. Nanging sejatine Pramu isih entuk jatah Kupon WIC kanggo anak-anak. Dadi saben wulan entuk jatah kupon sing iso diijolke makanan pokok yaiku susu, endog, cereal lan keju. Merga Pramu iku kelahiran AS dadi diakui minangka warga negara. Apa-apa gratis. Priksa kesehatan ugo gratis. Dadi sanajan ora sugih, nanging soal kebutuhan dasar Kasminto ora kurang.

Pirang-pirang dina yen bengi, Pramu nglilir terus nangis. Wis iso ngomong sethithik-sethithik, nanging durung iso nerangke kenapa nangis. Mungkin kangen karo opunge nyang Medan sing sok nyurung stroler sakdurunge mapan turu. Utawa durung biasa karo suasana anyar ing apartemen. Nanging orra suwe akhire wis omah, wis biasa karo kahanan ana kono.

Yen awan Pramu diajak mlaku-mlaku nyang duckpond cedhak kompleks apartemen kampus. Pramu seneng yen dijak dolanan nyang duckpond kuwi. Mlayu-mlayu rono–rene karo ngguyu-ngguyu ndeloki bebek sing padha nglangi nyang blumbang.  Duckpond kuwi blumbang gede kang dikelilingi lemah amba kang dithukuli suket ijo sing dipotong cendhek rapi.  Blumbange akeh iwak lan sejenis bebek, kaya angsa utawa banyak. Kaya banyak nanging gulune ora dawa lan isa mabur cepet lan dhuwur.  Yen pinuju mangsa ketiga utawa musim panas, bebek-bebek iki rame teka menyang duckpond kuwi. Mengko yen pinuju musim dingin padha mabur lunga mbuh menyang endi. Biasane mabur sak rombongan nuju arah kidul, mbok menawa nggolek daerah kang hawane luwih anget. Yen awan utawa sore akeh wong padha mlaku-mlaku nyang duckpond.

Ana sing nggawa karpet utawa klasa kanggo lungguh nyang ngisor uwit nyang lapangan pinggir blumbang kuwi. Ana sing nggawa bola kanggo main lempar-lemparan. Ana bocah sing dolanan playon mubeng-mubeng nyang lapangan kono. Dadi kawasan duckpond iki rame ditekani wong kanggo rekreasi.

Ana ugo uwong-uwong enom lan anak-anak  padha nyang pinggir blumbang kuwi menehi pakan bebek. Cereal utawa roti  disawurke nyang kolam, terus bebek padha nglangi rebutan nyosori cereal sing kampul-kampul  nyang nduwur banyu . Dadi bebeke pada seneng.

Nyang njero blumbang iku akeh iwake. Kadang iwak nyang ngisor banyu ya melu metu rebutan mangani cereal utawa roti kang ngambang nyang banyu. Iwake kuwi ana sejenis nila utawa kakap lan lele. Nanging sayange dilarang dipancing. Najan dilarang sok-sok Kasminto nekat sore-sore nggawa pancing. Yen wong liyo mancing iwake dibalekake meneh, Kasminto ora, lele kang wis ketangkep terus dileboke plastik digawa mulih. Pancen ngglidhik tenan.

Nyang tengah blumbang sing amba iku ana gundukan lemah, dadi kaya pulau nyang tengah danau.

Wis tau Kasminto nekat nyebrang blumbang kuwi, ora jero, terus mlumpat nyang lemah tengah blumbang kuwi. Ora nyana tibake nyang kono akeh endog bebek pating glundung, gede-gede. Ning sing nggawe mak tratap , nyang kono ugo akeh ula. Ana bebek kang padha ngengremi endog. Akeh ula sing padha meneng, mlungker no sela-sela suket lan tanduran ana kono. Dadi Kasminto ndredheg keweden, cepet-cepet deweke nyebrang meneh balik nyang lapangan suket. Karepe arep njupuk endog bebek sing gemlundhung nyang nduwur lemah kuwi. Ora ana wong kang njupuki endog. Kasminto wae sing ndregil nekat njupuki endog kuwi. Dasar wong ndesa.

Deweke ngrasa sayang meruhi akeh endog ming gemlundhung nyang lemah gek cacahe akeh. Wis tau Kasminto njupuk loro, terus digoreng Vania. Ning rasane amis kurang gurih, lan rada mambu. Mungkin merga wis suwe gemlethak no kono.

*

Durung suwe Vania nyang kono, ono kedadean 11 September 2001, gedung Twin Tower New York dibom. Esuk-esuk kabeh channel TV berita, nyiarke peristiwa 9/11 iki. Tekan kampus wong-wong ya padha ribut ngomongke ambruke Twin Tower.

“Kas, if something happen to you, please let me know” ngono welinge Dr Trafalis nyang Kasminto soal kedadean kuwi.

Ana wong Indonesia, jenenge Mustafa, sering banget entuk telpon sing jare saka FBI. Untung Kasminto jenenge jan njawani tenan, dadi bebas saka kacurigaane FBI, kamangka Kasminto ya rajin saba mesjid. Awit ana peristiwa pengeboman kuwi pemerintah dadi ngati-ati tenan karo wong asing utamane yen ana jeneng mambu-mambu Arab.

Yen ngono kuwi mesti nyang kantor antarane Kasminto, pembimbinge lan ko-pembimbinge dadi diskusi rame.  Untung wektu kuwi ana wong Mesir sing aktif nyang mesjid nduwe ada-ada nganake acara Open House. Wong-wong Amerika sing non-muslim diundang nyang mesjid dikenalke iye sejatine Islam, diajak buka puasa nyang mesjid. Ora kabeh wong Islam iku medeni lan teroris. Akeh wong Islam sing semanak lan ngregani paseduluran tanpa mandang agama lan ras.

Ana kancane nyang mesjid, Hussein, warga Saudi, kang ditangkap FBI tanpa diadili. Gara-garane deweke pernah ngeterke Zacarias Maoussaoui, tersangka 9/11, saka Oklahoma nuju nyang state liya numpak mobil. Zacarias, warga negara  Perancis iki,  pancen sering sholat nyang mesjid cedhak omahe Kasminto. Wonge ora akeh ngomong, api sumeh. Saben arep sholat mbageke minyak wangi khas Arab, didulit terus dioleske nyang tangane kanca-kanca jamaah sholat. Ya mung gara-gara ngeterke kanca kuwi, Hussein malah dadi korban.

Nanging Hussein ora nganti disiksa utawa dipulasara. Najan ditahan nanging diperlakukan kanti apik. Kasminto ngrasake piye sikap pemerintah lan masyarakat umum marang wong-wong pendatang sakwise serangan 9/11.

**

Kanggo nyegah ben ora bral-brol jur manak wae, Kasminto ngajak Vania menyang klinik. Nyang klinik kuwi ana perawat utawa bidan sing isa mbantu menehi alat kontrasepsi. Vania diwenehi pil. Vania rutin ngombe pil ben ora hamil meneh merga anake isih cilik. Saben wulan kontrol. Iki wulan kalima sakploke nyang kono, wayahe kontrol karo njaluk pil meneh. Kasminto ngeterke Vania menyang klinik. Ora dinyana

“Mam, you are pregnant” ngono bidane ngabarke menawa Vania wis isi meneh kandungane.

“Really?”  Vania takon meneh ora yakin.

Oalah jebule Vania pancen wis meteng meneh. Dadi dina kuwi ora sida diwenehi pil. Malah dipriksa kesehatane. Mbuh jalaran Vania lali ngombe pil, apa pancen Kasminto sing terlalu rosa. Dadi, najan ngombe pil tetep ora kodal nahan gempurane Kasminto.

Kamangka miturut rencana, sakwise setahun, Vania arep mulih methuk anake nomer loro. Lha iki durung setahun malah meteng meneh, kepeksa rencanane owah. Kudu nunggu anake lair dhisik lagi iso mulih.  Vania ndang ngubungi wong tuwane kanggo menehi kabar iki.

“Mak, nggak jadi pulang, hamil lagi.”

“Lho?”

Kanggone wong tuwane iki kabar apik, arep nduwe cucu meneh. Malah cucune nomer loro saya suwe isa diopeni nyang Medan. Pancen dadi cucu kesayangan opunge.

Yen Vania pinuju kangen anake nomer loro, terus nelpon nyang Medan ngobrol karo ibuke. Engko dicritane anake wis isa apa, lan piye kebiasaan anake kuwi. Trus krungu swara anake kuwi, Vania  wis ayem, kanggo tamba kangen.

Kasminto jane ya rada isin. Anake lagi umur 3 tahun wis arep nduwe adik loro. Untung, pancen rejekine opunge, sing siji lair nyang Medan, dadi malah isa kanggo panglipur opunge.  Yen ora, Vania kudu ngopeni bocah cilik-cilik telu, sepira repote.

Awan kuwi kaya biasane Kasminto ngumbahi sandangan nyang laundry nganggo mobil. Nggawa sandangan reget nyang laundry room. Sandangan dileboke nyang mesin, terus nyemplungi koin, dipencet tombol power,  mesine muter. Ditinggal mulih kira-kira 1 jam. Terus balik meneh kanggo mindah kumbahan nyang mesin pengering, karo nambah koin meneh. Kira-kira 30 menit, Kasminto balik meneh kanggo njupuk sandangan sing wis garing, sisan dilipati, ora perlu disetrika.

Ora let suwe sakwise Kasminto nyang ngomah, Pramu bengok-bengok saka njobo.

“Pak there is a police…”, ngono Pramu nyritake yen ono polisi nyang ngarep apartemen nggoleki Kasminto. Raine Pramu ketok rada pucet.

“But, the police is good, he is smilling at me ”, ngono Pramu neruske, maksude polisine ramah..

Kasmito ndredeg. Aja–aja Polisi arep nangkap deweke merga sering saba mesjid.

Kasminto ndang metu. Pas nyang ngarep lawang.

“Hello…good afternoon, are you Kasminto?”

“Yes I am”.

“Is this your wallet?”, polisine takon menawa kuwi dompete Kasminto. Polisi ngelungke dompet.

“Yes that’s mine” jawabe Kasminto kar ndeloki isi dompet.

“Ok thank, see you” polisine pamit.  Kasminto isih kami tenggengen merga kaget. Lha kok ana polisi teka gur menehke dompet tanpa njaluk apa-apa. Kasminto ora nyangka polisi bakal ngeterke dompete sing keri nyang kamar laundry. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.