Ambane Jangkah
KEMPALAN: Sore kuwi Kasminto karo Diana nggarap tugas nggawe paper ana ing perpustakaan universitas. Perpustakaane guedhe lan megah. Luwih megah tinimbang kantor rektor, utawa presiden universitas. Gedung perpustakan petang lantai. Ing bagian ngarep dilengkapi sofa-sofa empuk sing jumlahe akeh. Wong-wong sering sampe keturon nyang ndhuwur sofa sawise sinau utawa nggarap tugas. Sengaja perpustakaan digawe nyaman ben wong-wong betah sinau utawa maca buku.
Akeh mahasiswa kerja paruh wektu ana perpustakaan. Ana sing nata buku, nglayani pengunjung, utawa resik-resik rak buku lan karpet.
Kasminto karo Diana lagi nyang lantai 3. Akeh rak-rak buku dijejer lan lorong-lorong kanggo nggoleki buku. Sebelah rak-rak kuwi disediake meja kursi kanggo sinau. Wong loro kuwi serius maca buku lan nggawe catetan sing disareke saka buku. Sedhela-sedhela padha guneman. Sok-sok padha ambung-ambungan nyang sela-sela rak buku ben ora konangan wong liya.
“Kas are you hungry?’ ngono pitakone Diana yen dijawake.
“Yes. How about you?”
“yes me too. I will get down there to get some sandwiches and drink. You just wait here”.
“Are you okey?”
“Okey no problem”, ngono guneme Diana.
Kasminto nglamun karo nunggu Diana tuku panganan.
“Umpama Diana gelem tak jak rabi “, ngono batine. Nanging Kasminto ora wani mikir sing adoh-adoh. Lha soale keyakinane beda. Trus wong tuwane Diana ya durung temtu ngijinake. Misale iya, arep manggon nyang endi suk mbene. Diana apa ya isa diajak urip rekasa cara wong Jawa. Ibuke Kasminto apa ya mathuk. Wah isih akeh sing kudu dipikir.
“Hai..Kas this is your order, what are you thinking about?”, Diana teka nggawa bungkusan sandwich karo Coca cola ngagetke Kasminto sing lagi ngalamun ngadep buku.
“How do you know I am thinking something. I am reading this book. Thank you Diana”, ngono wangsulane Kasminto.
“Kas, do you want to go home for good when you finish your study ?” Diana takon apa Kasminto pingin balik mulih saklawase sakwise lulus, karo sinambi mangan sandwich.
“ Yes, because I got scholarship from my government. So…I have to go back. I have to work there.“
“What are going to do there?”
“I am a lecturer, I teach in university.”
“Oo..I see, got it. No wonder you are smart and hard worker,”Diana neruske.
“Ohh..no… I need to learn more. In our class, there are many good students”, wangsulane Kasminto karo ngigit sandwich.
“ But not all of them will answer my questions about the courses. Different with you.”, Diana ngomong menawa nggak kabeh gelem ditakoni soal pelajaran.
“Because you are beautiful!” jawabe Kasminto karo nyekel irunge Diana.
“Ah really? Many sudents also asked you about our courses? ” Diana neruske menawa Kasminto ugo njelaske pelajaran marang kanca liya, karo mesem seneng dilem karo Kasminto.
“Yes..but big different. If it is you that asked me then my heart is feeling something different.” Kasminto njelaske menawa yen sing takon Diana rasa atine beda.
“ Something what?” pitakone Diana rada-rada karo manja.
“Yes I feel happy to explain to you”, mengkono wangsulane Kasminto karo nyekel irunge Diana sing mbangir meneh. Dadi abang irung lan raine Diana.
“Sssttt..people are looking at us.”, Diana sok jual mahal, jare Diana akeh uwong sing nyawang wong loro kuwi.
“No one is looking at us ”, jawabe Kasminto nekat, jare ra ana sing nyawang.
“Hi..study first”, Diana setengah ngongkon karo njewer kupinge Kasminto, kon sinau aja malah ngrayu.
Diana iki bapake ugo dosen nyang negarane, Kolumbia. Dheweke sekolah kanthi beasiswa saka pemerintahe. Dheweke anak tunggal.
Wektu wis saya bengi. Tugase wis rampung. Kira-kira jam 9 wong loro kuwi ninggalake perpustakaan. Omahe Diana sisih kidul Universitas, dene Kasminto sisi sebelah lor Universitas.
Sasi Januari hawane wis adhem. Menyang endi-endi kudu nganggo jaket lan kaos tangan. Kasminto ngeterake Diana mulih. Wong loro iku mlaku rangkul-angkulan merga adhem. Kasminto kalah dhuwur, dadi rada angel ngrangkul Diana. Malah Diana sing ngrangkul Kasminto. Kasminto ngrasa kaya bocah cilik dirangkul mbakyune. Wong kuwi mlaku alon-alon sanajan adhem karo crito apa wae. Bab kuliah, ngrasani dosen, bab panganan, lan apa wae.
“In your country, do you feel safe to work alone at night like this?” pitakone Kas.
“No. My country is not as safe as here “.
“do you feel safe walking with me?” guyone Kasminto.
“Yes sure. If you try to act naughty , I’ll kick you..hahaha”, Diana malah bermanja-manja karo ngrangkul Kasminto. Sengaja mlakune alon-alon ben isa suwe padha jagongan. Ora suwe Kasminto karo Diana wis tekan ngarep omah.
“ See you. Thank you very much Kasminta for accompanying me.. “Diana ndekep Kasminto karo ngesun pipine.
“Though you are shorter than me, I know you are brave enough to go home alone”, pungkase Diana bengi kuwi karo ngguyu, rada ngenyek awake Kasminto sing cendhek.
Kasminta mlaku dhewe nuju apartemene karo kadhemen. Atine Kasminto berbunga-bunga.
“Kok ya ana wanita ayu kaya ngono gelem kekancan karo aku. Cilik elek, rada ireng”, batine Kasminto.
*
Awan kuwi bar presentasi tugas, Kasminto ngajak Diana mangan kebab nyang warung Yunani pojok kampus. Daging wedhus kang dipanggang terus disisir tipis-tipis dipangan karo kentang lan saos tomat, dicampu salad. Rasane joss tenan. gandane wae saka kampus wis krasa, sedep.
“Diana, are you going home now?”
“You have an idea?”
“Let’s have a lunch at Gyro’s.”, Kasminto ngajak mangan no Gyro’s.
“Oo that sounds okey”.
Wong loro kuwi mlaku nyebrangi dalan sebelah gedung kuliah. Nyang pojokan ana restorant Yunani sing tekenal. Kebab daging kambinge enak lan regane murah.
Kasminto pesan rong porsi ukuran cilik. wis cukup wareg kanggo wong Asia utawa wong wadon.
Wong loro padha lungguh adep-adepan karo mangan kebab. Kasminto ketok dhokoh tenan.
“Do you like it?”
“Very much”, jawab Diana mantep.
“So do I”, Kasminto nimpali.
Kira-kira setengah jam wis padha rampung.
“Thank you Kas for treating me”, ucape Diana.
*
Wis setengah tahunan Kasminto ora potong rambut. Rambute gondrong lan ora temata. Arep nang tukang cukur rasane eman-eman kok larangmen bayare. Pikir Kasminto, cukur wae kok ndadak larang-larang. Mula dheweke nduwe ide piye yen njaluk tulung Diana kon motong rambute. Dheweke ngomong nyang Diana pas lagi mlaku bareng. Ora ana kuliah bar iki.
“Diana ..hhhm…could you…..”
“What Kasminto? Do you want me to do something for you?”
Yes…but…emmm. I don’t know if you could do that”.
“For you, I’ll try,,,, Kas” jawabe Diana karo mesem.
“Could you cut my hair?”
“ooo of course. I am pleased to do that. That’s my hobby and my skill”, gumregah suarane Diana.
Ora suwe wong kuwi mlaku njujug apartemene Kasminto.
Kasminto lungguh nyang kursi, sirahe didemok-demok Diana karo dipotong rambute krak krek nganti cendhek.. Nganti setengah jam akhire rampung.
“How it looks?” Diana njaluk petimbangane Kasminto karo ndelok nyang kaca pengilon.
“Look more handsome”, wangsulane Kasminto karo ngguyu.
“Yes I agree…” Diana bangga isa nyukur rambute Kasminto..
“But, can you make it a little shorter. So I can save more money not to cut my hair in the next longer time”
“Haha…yes of course, if you want I can cut again your hair in the next 3 or 4 months. Now, I think you look handsome. Don’t make it shorter.”
Akhire Kasmnto ngalah. kapan-kapan isa njaluk potong maneh. Awan kuwi Kasminto ngrasaake meneh ayeme ati nduwe kanca Diana.
**
Adoh ing Klaten, Wiranti sok-sok ngrasa getun kenapa mbiyen ndadak neka-neka seneng karo kanca pepadha guru. Umpamane gelem karo Kasminto saiki jane wis kepenak ngrasake urip karo wong kan ditresnani. Getun tenan jan atine Wiranti. Apa meneh yen eling nalika dolan wong loro menyang Cokro utawa menyang Tawangmangu. Wis thirik-thirik ngrancang masa depan.Tambah meneh Mas Kasminto ki jane yo ora salah apa-apa. Najan ora romantis nanging dheweke priya kang gedhe rasa tanggungjawabe, gek ya gemati karo wong tuwa, lan sing jelas lan kuwi sing dibanggake Wiranti, Kasminto kalebu wong pinter. Jan Wiranti paling bangga yen crita karo kancane yen pacare iku dosen, lulusan perguruan tinggi top. Nanging ya wis garek kenangan.
Karo ndelengi potone pas dolan menyang Tawangmangu karo Mas Kasminto, Wiranti mbrebes .
Mbuh bengi iki kok atine Wiranti ora kaya adate. Malah kelingan Mas Kasminto terus. Arep takon kabare mas Kasminto ora ngerti kepiye carane. Arep menyang omahe kok ya isih gojak-gajek ora kepenak. Isin. Jane pingin ngerti saiki mas Kasminto piye. Nanging Wiranti jan-jane isih tresna marang Mas Kasminto. Dheweke nduwe niat kapan-kapan arep sowan nyang ibuke Kasminto. Sapa ngerti isih ana nasib apik kaya donga lan pemujine nganti saiki.. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)









