Sabtu, 6 Juni 2026, pukul : 18:43 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: “Kas..Kas…bangun-bangun…”, Pakcike Kasminto  nggugah Kasminto sing turu angler nyang pojok kamar. Pakcike sing awit mau mbengi ngancani Kasminto njaga Vania nyang rumah sakit ndeloki Kasminto turu angler nganti ngorok grak grok sewengi.

Vania awit mau nyeluki Kasminto nanging ora krungu. Kasminto tangi gregah, kaget weruh Vania wis isa tangi. Isa lungguh.  Kamangka bayangane dheweke, Vania wis ana njeron kubur. Kasminto ngucek-ucek mripate lan namatke meneh kahanan sekelilinge. Iya nyata pancen iku Vania. Nyang sebelahe ana pakcike.

Impine Kasminto dawa banget malah kepara kaya nyata. Atine bungah tibake kabeh mau gur ngimpi. Nanging ana ugo sing digelani, tawaran dana saka Dr Trafalis mau ya gur ngimpi.

Kasminto crita karo Vania menawa bar ngimpi lan kepiye isi impine. Vania kaget kok isa ngimpi dawane kaya ngono. Krungu crita kuwi mau malah Vania iya wis mikir umpamane dhweke ora ketulung, yen isa Kasminto nikah karo adhike.

Kasminto malah ngguyu. Kok kaya apa wae, mbake ora ana terus digathuke karo adhike. Padhake sepatu wae.

Bener sakwise obat antibiotike diganti pancen Vania iso turu angle lan ngetokake kemajuan sing cepet.

“ Ya wis mas kana ndang ngecek email sapa ngerti Dr Trafalis wis mbales emailmu”, ngono Vania ngelingke. Pancen wingi Kasminto sempat nyang warnet kirim email kanggo dosene, sakdurunge Vania diwenehi obat antibiotik sing anyar.

Kasminto gage-gage mangkat nyang warnet awan kuwi. Terus ndang mbuka browser ngecek email. Bener ana balesan saka Dr Traflis. Surasane persis kaya nyang impine mau bengi.

Dear Dr Trafalis,

Thank you for your offer. I really appreciate your kindness. I will see you at the first day of school.

Ngono Kasminto mbalesi emaile Dr Trafalis. Kasminto langsung mbalik nyang rumah sakit.

“Van , bener Dr Trafalis mbalesi emailku”.

“Apa jarene Dr Trafalis?”

“Ya aku kon ngadhep dheweke.  Arep diajak rembugan soal bantuan dana”.

“Wah syukur mas..muga-muga gelem ndadeke kowe asistene”.

“Iya ..nanging Dr Trafalis lagi njanjeke arep ngomongke lho, durung pasti”.

“Ya sing penting ketemu dhisik. Iso mbok jelaske keadaanmu. Anakmu loro. Ngono..” Vania nyaut.

Iya..ya ..terus bojone piro hayo?” Kasminto karo cekakan.

Vania ora nesu. Malah melu ngguyu.

“Pingin ya?”

“ Ya yen pancen pemegang sahame ngijinke..aku budhal, ngono saute Kasminto.

“Dasar wong lanang ! memang payu to mas?”

“Haha..iso digoleki no”.

Larane wis mulai surut, Vania ora adhem panas meneh.

Wis genep 2 mingu Vania dirawat no rumah sakit sakwise operasi. Wis diijinke mulih karo dokter. Telung dina meneh isih kudu kontrol sepisan meneh.

Kasminto ayem. Nyawang bojone mulai sehat. Anake loro seger-seger. Pramu isih nyusu ibuke. Bayine ya isih nyusu. Dadi wong loro rebutan. Bapake ora entuk melu rebutan. Nanging welinge wong tuwa ora entuk anak loro nyusu bareng , dadi siji kudu disapih.

Nanging saiki Pramu wis nduwe saingan. Yen wingi kabeh padha ngendhong-nggedhong dheweke saiki[ padha rebutan adhike. Mesake nyawang Pramu isih umur setahun luwih sithik wis nduwe adhik. Kasminto pancen digdaya.

Sakwise rada sela, Kasminto mulih nyang Klaten. Nduduhke anak-anake marang ibuke. Ibuke Kasminto ketok ayem ndeloki anake Kasminto seger-seger, sehat-sehat. Anake wedok dijenengake Ratih Pramesti. Jane ngono tugase Vania nggolek jeneng merga anak wedok. Nanging ditunggu pirang-pirang dina, Vania ora nemu jeneng sing sreg. Akhire Kasminto meneh sing njenengake. Opunge lan sedulure Vania sempat protes kok jenenge putune Jawa kabeh. Kasminto wis nduwe alasan

“Karena lahirnya sudah di Tanah Batak, namanya sekarang gantian Jawa pak” ngono Kasminto menehi alasan. Bapake Vania ya ngalah.

“Pandai kali kau bicara Kas..macam pengacara Batak saja kau ini bah” ngono bapake Vania nanggepi Kasminto.

Tekan desa Kasminto menyang desa Jimus nggolek syarat kanggo nyapih anake mbarep. Diwenehi endog terus kon menehke bocahe.

Pancen mandi tenan syarat saka wong Jimus sing  spesialis nyapih bocah kuwi. Pramu wis ora njaluk nyusu meneh bar kuwi.

Kango slametan menawa anake wis dijenengi, mbahe putri  Ratih ngeneke bancaan.

Digae tumpeng lan isen-isenane. Ana gudhangan utawa urap, nganggo pelas lan bubuk dhele. Bocah-bocah diundang kanggo ngamini dongane.

“Bancaan cah..bancaan’’ ngono adhike Kasminto bengok-bengok nyang pinggir dalan ngarep omah. Bocah-bocah padha mlayu gemruduk.

“Bancaan..hore….bancann..hore…”, ngono bocah-bocah padha surak-surak karo nyangking godhong. Ana sing nggawa godhong gedhang, ono sing nggawa godhong ganyong.

Tumpeng diselehke no emper dirubung bocah-bocah desa kono. Terus diomongke menawa bancaan kuwi kanggo slametan anake Kasminto. Anake dijenengke Ratih Pramesti saka tembung rati artine kesenengan utawa kabagyan, lan pramesti  artine putri/permaisuri sing apik atine. Vania nggendong Ratih nyang cedhak tumpeng kuwi.

Bar ngono saben bocah entuk bagian sewungkus sega, isi urap lan endog sakdulit karo gereh lan tahu tempe. Merga endog siji dipara wong rungpuluhan. Nanging ora isa diselaki, sega urap saka bancaan pancen rasane ora ana sing ngalahke, sedhep.

Kira –kira seminggu nyang Klaten terus Kasminto budhal meneh menyang Medan sak keluarga. Kabeh ongos tiket ditanggung karo maratuwane Kasminto.

Kasminto neruske laku menyang Oklahoma, sakwise nginep kira-kira 3 dina nyang Medan.

Vania karo bapak ibuke ngajak bocah loro nguntabke Kasminto nyang Polonia. Kasminto ngrasa sajak sumedhot ninggalke anak lan bojone. Rasane wektu 2,5 bulan isih kurang suwe. Perjalan sing mangan wektu kira-kira 36 jam, krasa ngaluk-aluk.

Sakwise perjalanan sing dawa mau Kasminto tekan Oklahoma.  Esuk kuwi Kasminto langsung budhal menyang kampus. Biasane yen lagi teka ngno isih krasa ngantuk merga ana selisih waktu sekitar 12 jam. Kira-kira jam 9, utawa jam 9 bengi nyang Indonesia, Kasminto menyang kampus. Jane rasane isih ngantuk, nanging eling merga kudu nemoni dosene Kasminto nahan ngantuke. Kasminto ketemu dosene kanggo ngomongke soal dana bantuan kanggo nyokong kuliahe Kasminto.

Kasminto nunggu nyang kantor sekretariat School of Industrial Engineering sinambi jagongan karo sekretaris departemen. Ora suwe Dr Trafalis liwat.

“ Hi… Kasminto.. come on,  we can talk in my office” ngono Dr Trafalis ngajak Kasminto karo mesem ramah.

Dosene kuwi asli Yunani, bahasa Inggrise cetha, gampang ditampa. Keahliane ana ing bab matematika lan optimasi.

Kasminto bungah banget…senenge kaya dtebahi ngalu.

“So you want to apply as a research assistant?”

“ Yes I do”, Kasminto mangsuli.

“ I know you are good in optimization and data mining. Okey I will appoint you as research assistance with 0.25 appointment”, ngono Dr Trafalis.

Kasminto ngerti maksude. Dheweke ditunjuk dadi asisten penelitian kanthi skema 0.25. Iku artine seminggu dheweke kudu  kerja 10 jam kanggo mbantu risete Dr Trafalis, lan entuk  gaji 450 dollar sesasi. Iku skema wis standar nyang jurusane Kasminto.  Menawa ana sing beda, mungkin soal gaji asisten munggah mudhun ora akeh.

Kasminto seneng krungu tawarane Dr Trafalis. Kasminto ngrasa tawarane Dr Trafalis jane isih kurang. Nanging Kasminto ora wani ngomong meneh wektu kuwi.

“Thank you very much for your decision”, Kasminto ngucapke maturnuwun merga Dr Trafalis wis mutuske nunjuk dheweke minangka asisten. .

“ You will have an office in the third floor”, Dr Trafalis nerusake soal ruangan kerja kanggo Kasminto. Iya saben asisten entuk ruang kerja lan dilengkapi komputer.  Terus Dr Trafalis ngundang sekretaris supaya diproses surat-surat pengangkatan Kasminto minangka asisten risete Dr Trafalis kalebu tugas, kewajiban lan hak-hake minangka asisten riset.

“Shirley, please proceed the documents for Kasminto. I appoint him as my Rseerach Assisance with 0.5 appointment”, ngono instruksine Dr Trafalis marang sekretaris School of Industrial Engineering.

Sakwise mulih menyang apartemen, Kasminto mikir-mikir menawa dhuwit 450 dollar sewulan kuwi isih kurang. Dheweke ngetung kanggo mbayar apartemen, kanggo mangan, kanggo mbayar SPP, isih kurang akeh. Apa meneh yen dheweke pingin ngajak anak bojo, isih kudu tombok dana akeh. Dadi Kasminto  pingin nganyang meneh,  sapa ngerti  Dr Trafalis isih isa ngundhake dadi skema 0.5.  Kanthi skema iki asisten iso kerja full 20 jam saben minggu. Dadi 20 jam kanggo kerja, 20 jam kanggo kuliah, totale ana 40 jam.

Liya dina Kasminto manek-maneke ketemu Dr Trafalis. Nemoni nyang ruangane, Kasminto ngomong.

“Dr Trafalis, can you give me 0.5 appointment? Because I still have to pay my tuition, housing and food ”, ngono Kasminto nganyang. Dr Trafalis mikir sedhela karo ethok-ethok mbuka-mbuka dokumenr nyang internet. Ora let suwe trus dheweke ngomong

“Okey I will give you 0.5 appointment. But,…. you have to produce at least one paper this semester”, ngono tantangane Dr Trafalis.

Kasminto ngerti menawa Dr Trafalis iku wong apik, ora pelit lan ora akeh penjaluke.

Dadi Dr Trafalis saguh menehi nunjuk Kasminto minangka asisten kanthi skema 0.5 utawa 20 jam kerja seminggu. Kanthi skema kuwi gajine Kasminto mudhak dadi  1000 dollar sesasi.

Atine Kasminto endah senenge krungu dosene akhire ngundhake bayarane.

‘ Yes..yes…!’ jare Kasminto nyang njero ati, karo ora lali muji syukur.Langsung Kasminto mbayangke semester ngarep dheweke iso mboyong bojo lan anake nyusul. Kasminto mulai entuk ruangan. Gaweyane mbiantu risete Dr Trafalis. Saben dina teka jam 9 terus kuliah yen ana jadwal kuliah, yen ora ana ya nyang kantor nggarap penelitian. Yen esuk mesthi Kasminto meruhi wong-wong bule petugas janitor (tukang resik-resik) , ngresike ruangane, nyedhot karpet, terus ngepel jubin ngarep ruangane.

“Morning …” ngono sapaane bule-bule kuwi nyang Kasminto. Kasminto sakruangan karo wong Jerman.

Saben wulan nompo gaji 1000 dollar lan kanggo biaya pendidikane, Kasminto gari mbayar seprapate. Terus Kasminto entuk asuransi gratis saka kampus, ora perlu mbayar premi.

Kasminto saiki ora perlu keraya-raya kerja nganti bengi numpak sepeda adhem-adhem, terus isah-isah, utawa ngepel jubin. Saiki kerjane wis alusan,  nggunake otak lan keahliane. Rada isa pamer.

Sesasi rong sasi Kasminto mulai temata nyambut gawene. Ketoke penjaluke profesore bakal isa dituruti. Dr Trafalis ya seneng nyawang sregepe Kasminto. Kasminto kudu nyambut gawe bareng karo mahasiswa saka jurusan meteorologi.  Merga data-data sing kanggo penelitian nduwe sesambungan karo masalah cuaca. Ko-pembimbinge Kasminto dosen saka meteorologi, kang asline wong Yahudi. Dosen iki luwih akeh ngomong tinimbang Dr Trafalis. Dadi Kasminto dhewe muslim, pembimbinge Kristen/katolik lan ko-pembimbinge Yahudi. Yen wong telu kuwi lagi jagongan soal politik iso dadi gayeng lan panas. Apa meneh wektu kuwi AS lagi nyerang Irak lan Afghanistan. Nanging jagongane malah ndadekake akrab ora congkrah. Yen pas nulis paper ya padha rukun.  Malah hubungane dheweke karo dosene kaya kanca. Wis tau diundang nyang omahe kanggo dinner, lan ugo ditraktir mangan.

Kasminto yen pinuju butuh buku apa wae, tinggal aba karo petugas perpustakaan lan ngomong menawa dheweke dikongkon Dr Trafalis. Ora suwe mesti buku wis teka.  Yen ana kesulitan isa didiskuseke karo pembimbinge.  Dadi ora ana alangan kang wigati. Kabeh sarwa kepenak.

Jane Kasminto kalebu wong beja. Yen ndelok pintere, akeh mahasiswa liya sing luwih pinter. Kasminto ming kalebu biasa wae kemampuane. Nanging iki ngono soal ati, soal kecocokan lan mungkin ugo mujur, soal rejeki. Sakwise nduwe anak loro, mbokmenawa iki rejekine anak sing nomer loro. Utawa mungkin ya rejekine bojone, Kasminto ming kanggo janglaran wae.

**

Wis saksemester Kasminto entuk tugas minangka asisten dosen kanggo penelitian. Kadang Kasminto ugo dikongkon mbantu dadi asisten mata kuliah. Dadi sakliyane neliti, Kasminto ugo nduwe tugas mbiji tugas-tugas mahasiswa sing njupuk kelase Dr Trafalis. Ora mung mbiji, nanging ugo kudu siap nerangke umpama ana mahasiswa kang takon bab materi kuliah lan PR. Dadi Kasminto kenal karo mahasiswa saka Vietnam, Thailand, Timur Tengah lan Amerika dhewe.

Kasminto wis nyiapke tiket kanggo Vania lan Pramu ben iso nyusul. Kira-kira Pramu wis umur rong taun, lha yen Ratih lagi umur 10 wulan. Dadi ratih ditinggal Medan kanggo kanca lan ngibur opunge. Pancen abot ninggal anak kandunge pisah adoh. Nanging luwih becik ngono kareben Ratih  luwih kopen, akeh sing mbantu momong. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.