Sabtu, 7 Maret 2026, pukul : 03:38 WIB
Surabaya
--°C

Ambane Jangkah

KEMPALAN: Wis pirang-pirang taun Kasminto ngalami wulan pasa nyang Amerika. Nanging sakwise keluargane ngumpul, rasane beda pasa ing kana. Yen bangun, tangi karo anak bojo terus sahur bareng. Anak-anake gur pasa nganti dhuhur. Yen pas musim panas ngene, pasane nganti jam 9 bengi. Bar kuwi sholat isya wis bengi jam 10an. Engko jam 3 wis kudu tangi, sahur. Dadi turu bengi gur sedela. Pasa wektu Summer kira-kira 15-16 jam dawane.

Kasminto karo anake lanang buka nyang mesjid. Biasane jamaah giliran nyediake mangan kanggo buka. Wong Arab utawa Pakistan senenge nyediani sega mandi, karo sejenis kare utawa gule kambing tapi tanpa santen. Terus dicampur karo salad. Menu kuwi kasenengane Kasminto, rasane jan nyuss tenan. Terus bar kuwi ngombene Coca Cola utawa Pepsi. Wah jan cocok.

Kasminto entuk giliran sedina nyediani bukaan.Lagi pas entuk giliran, Vania masak soto. Iki beda tenan karo menu biasane, sing tansah sega kuwah gule lan daging kambing.

Sega soto, duduhe akeh, daginge ayam disuwir-suwir, dicampur sayur kobis lan tauge, terus diwenehi perkedel kentang karo daging. Ora lali krupuk urange. Menu sing cukup beda karo biasane. Sakwise maghrib, suguhan wis siap. Piring diedarke mubeng kanthi lanturan. Ono wong Mesir sing weruh soto diwenehi sambel abang-abang ketok menarik, langsung disendok sing bagian abang kuwi, dikiro saus. Langsung diemplok, gebes-gebes deweke, kepedesen. Bingung golek banyu trus diombe kanggo tamba. Kasminto ngguyu, ning yo karo ngrasa salah. Arep ngandani ora ngono carane mangan, tapi wong akeh, ora isa siji-siji dikandani. Sakwise ngerti cara mangane , lagi dhoh manthuk-manthuk..ketoke ngrasake enak. Nanging pancen beda karo mangan sega mandhi lan gule sing krasa luwih manteb, maregi.

Bar buka terus nunggu sedela disusul sholat isya’ lan terawih. Yen terawih kudu siap-siap stamina. Saben wengi sholat terawih ngenteke 1 juz. Dadi kudu ngadeg kira-kira 2 jam. Imame ditekake saka Timur Tengah, Afrika utawa saka India, Pakistan. Digoleki sing apal Qur’an. Dadi yen arep sholat kudu siap-siap betah ngadeg. Ana sing karo nyekeli qur’an cilik sinambi sholat karo nyimak wacanane imam. Kaya ngono kuwi nganti sewulan, dadi pas 30 juz entek ing pungkasane wulan Ramadhan.

Yen rampung pasa terus lebaran. Dina riyaya kuliah ora prei. Nanging ana aturan nasional menawa kampus kudu ngormati hari besar saben agama saka mahasiswa sing ana. Dadi Kasminto lan wong-wong muslim ijin ora kuliah dina kuwi. Nyang kono kuliah ora diabsen. Nanging ora ono wong mbolos yen ora kepepet tenan. Biasane sing seneng mbolos ora bakal isa lulus kuliahe.

Ora pati krasa lebaran nyang kana. Kanggone wong Arab lan Pakistan lebaran ora dirayake geden-geden kaya wong ndonesia. Dadi mung sholat Ied terus salaman karo umat muslim liyane, ngombe teh campur susu, susu, kopi bareng karo mangan donut. Yen lagi ngono terus mesti kelingan Indonesia. Nyang Indonesia, lebaran kuwi dina kang ditunggu-tunggu. Kabeh urusan kudu mandeg yen wis lebaran. Arep rapat, deadline penelitian, kunjungan daerah, tugas apa wae, kabeh leren. Lebaran kuwi dina kang sakral, ora ana gantine. Yen kasminto eling pas ujung nyang tangga lan sedulur, terus diwenehi pitrah.

“Mbah ngaturaken sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangpunten. Mugi dosa kula lan dosa penjenengan dipun lebur ing dina riyaya menika.”

“Iya le..semono ugo aku yen ana salah mbuh sing sengaja utawa ora sengaja ya njaluk pangapura. Muga-muga gegayuhanmu isa kasembadan ya le…”. Ngono terus biasane diwenehi pitrah karo ngicipi tape ketan, kacang asin utawa panganan khas liyane. Nganti awan wetenge kewaregen. Terus ngetung entuk pitrah pira, dibandingke karo kancane. Nyang kono ora ana ujung utawa tilik nyang omah tangga lan sedulur. Dadi sepi.

*

Kasminto balik meneh kerja karo pembimbing utamane, Dr Trafalis. Dr Trafalis wis balik nyang Oklahoma saka Yunani. Dadi 4 wulan Kasminto kerja karo Dr Conway. Malah ana sewulan-rong wulan, Kasminto entuk bayaran dobel, saka Dr Conway lan Dr Trafalis. Disertasine digarap karo mbantu riset dosene.

Sakwise kerja suwe nyiapke disertasine, Kasminto pirang-pirang minggu ngalami masalah. Deweke kudu gawe program komputer. Wis diotak-atik pirang-pirang minggu, durung isa mlaku kanthi cepet. Yen soal gawe program pembimbinge ya ora isa mbantu. Dadi Kasminto rada stress mikir disertasine.

Kasminto coba takon-takon kancane, ning ya padha ora ngerti. Kasminto nggolek-nggolek kontak nyang internet sing penelitiane mirip.

Sakwise usaha mrono mrene, Kasminto kenal karo profesor saka Swedia. Bar diskusi lewat email, kasminto diwenehi ide piye nggawe program ben isa cepet ngitunge. Terus dicoba karo kasminto, mlaku! Isih salah. Kasminto maca meneh penjelasane profesor Swedia mau. Terus dicoba bola-bali. Akhire isa, sakwise didandani nganti rong dina. Kasmino seneng banget. Persoalan sing wis wulanan ora isa dipecahke saiki wis ketemu candhakane. Kasminto gari nglakoke percobaan lan nyatet hasile. Bubar ngono digawe analisa lan kesimpulan. Dadi disertasine wis 80% rampung.

Kasminto ora lali bahan-bahan sing wis tau diwaca, digawe ringkesane. Terus diterjemahke nganggo basa Indonesia, disiapke dadi draft buku. Sapa ngerti suk yen mulih nyang Indonesia isa diterbitke. Usahane akhire kasil, disertasine rampung lan draft buku siap. Draft buku Data Mining wis siap, gari moles kono-kene wis pantes diterbitke.

Kasminto mikir yen isa ndang mulih nyang Indonesia, ndang nyambut gawe. Profesore nate nawari yen pingin luwih suwe nyang Oklahoma, siap ndukung dana.

“Kas, if you want to stay longer, I can support your funding”,ngono tawarane Dr Trafalis.

Kasminto isih mikir. Wis meh 7 tahun Kasminto urip no kono awit sepisanan teka. Sanajan urip nyang kono sarwa mayar lan tertib, nanging Kasminto ngrasa luwih enak urip nyang negarane dewe. Arep nggolek masakan apa wae ana. Nyang negarane isa sering-sering tilik wong tuwa lan ketemu sedulur. Isa ketemu kanca terus ngombe kopi bareng, utawa ketemu kanca-kanca penggemar Koes Plus terus main band bareng. Kadang-kadang apa-apa kang sarwa gampang lan tertib ya malah nggawe bosen. Lha yen nyang Indonesia, kadang diundang sepasaran bayi, kadang diundang tahlilan. Bar kuwi terus disuguhi panganan maneka warna, ono soto, jenang lemu nganggo lethok, sega gudang. Pokoke sarwa ana.

Sok-sok lagi arep rapat, diundur, merga ono sing kesripahan utawa tilik wong lara nyang rumah sakit. Kaya ngono kuwi ndadekake kabeh krasa luwih urip, urip luwih akeh kembangane. Yen lagi nyang pasar malah isa jagongan karo bakule, utawa srempetan karo sepeda liya terus bencerengan karo padu. Pokoke nyang Indonesia iki apa-apa luwih pepak. Nyang Amerika ora ana tahlilan, ora ana blanja nyang pasar.

Bola bali deweke ketemu Diana pas lagi liwat nyang lift. Jebule Diana ugo neruske program doktor. Deweke njupuk bidang sing ora akeh matematikane, wis cocok karo kemampuane. Diana saiki rada kuru, ora semok meneh kaya mbiyen. Mungkin merga mikir disertasine ya ora rampung-rampung. Diana kagum karo Kasminto sing ketoke cendek, cilik nanging digdaya, anake wis telu.

“You are really a man, Kasminto!” ngono jarene Diana.

Wah pujiane Diana krasa yen jujur. Kasminto bangga ning ya isin dene bojone jur bral brol wae. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.