KEMPALAN: Wis seminggu Vania durung ngetoke kemajuan kang wigati, malah kepara kondisine tambah mudhun. Awake isih lemes, sirah ngelu, panas munggah mudhun lan trombosit ora mundhak. Selang-selang infus isih nancep nyang tangane Vania kanggo mbantu mlebune obat lan asupan panganan. Saben ndina nambah ngombe jus jambu kluthuk. Dokter ketoke yo ora menehi kabar sing nggawe rasa tentrem. Ibuke Vania wis teka, wis nunggoni nyang rumah sakit.
Wingi Kasminto karo sepupune nggolek tamba menyang Pakdhene sing nyang Solo. Pakdhene kuwi nduwe kaluwihan iso nambani wong lara, kadang ngerti bab-bab wigati sakdurunge winarah. Saka Solo digawani banyu putih, kon ngombeke sing lara. Tekan rumah sakit banyu kuwi langsung diombe Vania. Bar ngombe banyu kuwi pancen Vania turu angler. Nanging panase ora mudhun, ora doyan mangan, awake isih tetep lemes.
Ono ugo adhi sepupune sing nggoleke tamba menyang wong pinter ing daerah Boyolali. Diwenehi banyu sak botol sing njerone ono dluwang tulisan Arab. Banyune kon ngombe sedino kaping pindo. Banyu kuwi ugo wis diombe Vania nganti ping loro.
Nanging yo ora ketok manfaate.
Kasminto tambah sedih mikirke Vania. Kasminto bingung, ngrasa salah. Dheweke sing ngrasa kabeh salahe dheweke kang meksa Vania nglakoni kabeh iki kanthi kesusu-susu. Ibuke Kasminto ya sabar melu nunggone mantune kuwi, gantian karo Kasminto karo ibuke Vania. Yen awan bubar mulang, ora lali Wiranti tetep sregep teka, nggawake panganan lan nunggu nganti pirang-pirang jam.
Bengi-bengi nalika sepi Kasminto isih melek nunggoni Vania, Vania ngomong.
“Mas yen umpama ono opo-opo karo aku, tak jaluk njenengan iso…” Vania pingin ngomong nanging awake lemes.
“Iso opo Dik? Ojo mikir sing aneh-aneh”.
“Njenengan iso urip bebarengan karo mbak Wiranti”, Vania neruske karo ngampet laraning awak.
“Dik ojo ngomong kaya ngono, ayo semangat”, Kasminto nguatke bojome karo ngegem telapak tangane Vania.
Vania lemes, wis ora isoh ngomong dawa-dawa. Bar kuwi Vania turu.
Kasminto nangis dhewekan bengi kuwi. Dheweke kelingan lelakone karo Vania. Kelingan kepiye obrolan online karo Vania nyang internet pirang-pirang wulan, terus nabung supaya iso tuku tiket mulih. Kepiye ketemu sepisanan karo Vania, dimasake gule terus nyanyi bareng lagu Koes Plus nyang omahe Vania. Kasminto terus kelingan ugo kepiye numpak taksi menyang Priok kanggo ngoyak wektu lan iso entuk tiket. Banjur numpak kapal karo Vania, nganti 3 dino 2 bengi. Vania ya ora gampang nemtokake pilihan opo meneh awale bapake sempat ora ngijinke dheweke ketemu Kasminto. Ngelingi kuwi kabeh, Kasminto mbatin sakjroning ati opo kabeh kudu ndang tamat ora ono teruse. Ora-ora, Kasminto yakin.
**
Esuk-esuk ono dokter kontrol sing mriksa kondisine Vania. Doktere ora kaya biasane, ganti dokter. Mbuh kepiye kok doktere diganti pihak rumah sakit. Sakwise mriksa Vania kanthi teliti, terus dokter kuwi menehi resep anyar.
“Pripun pak kondisi bojo kulo?” pitakone Kasminto.
“Sabar ya mas, iki tak ganti obat. Muga-muga isoh ngunggahke trombosit lan isoh nguangi panas”, wangsulane dokter kang ketok luwihh enak diajak ngomong.
Kajobo kuwi Ibuke Kasminto uga nggawake jamu godhogan godhong meniran saka ngomah. Biasane godhong meniran, sing wite cilik-cilik sering thukul nyang kebonan, pancen didadeke tamba karo ibuke Kasminto. Yen awak greges-grege ora kepenak ibuke Kasminto mesti trus nggodhog dhong meniran terus diombe banyune. Yo kebeneran terus waras.
Dina iki dina libur dadi akeh sedulur padha tilik Vania nyang rumah sakit, ora ketinggalan Wiranti sing tansah sregep nyambangi Kasminto karo Vania. Ora lali dina iki Wiranti nggawake sega gudheg kasenengane Kasminto.
Nanging Vania malah turu angler sakwise ngombe obat saka dokter lan ngombe banyu godhogan dong meniran mau. Ora biasane Vania iso turu nganti suwe.
Para sedulur sing padha besuk malah rame jagongan no njobo ruangan. Dino kuwi Wiranti katon sumringah, jagongan karo sedulure Kasminto, kabeh disalami. Kaya ora nate ono kedadean opo-opo antarane dhweke karo Kasmito. Sedulue Kasminto yo padha seneng karo Wiranti kang grapyak kuwi.
Kasminto ayem meruhi bojone iso turu angler. Opo sing diomongke mau bengi disimpen dhewe, ora ono sing ngerti. Semono ugo nalika weruh Wiranti, opo kang dipesenke Vania mau bengi ora kewetu. Arep crita rasane ora prayoga.
Sore iki kondisine Vania mulai ketok seger. Trombosit bubar diperiksa yo munggah. Mungkin merga obat anyar mau, utawa ya mergo jamu dhong meniran, opo loro-lorone.
Kasminto katon ayem ndeloki bojone mulai apik kondisine. Nganti sore Wiranti melu nunggoni nyang kono. Sakdurunge maghrib Wiranti pamitan.
Ibuke Kasminto, ibuke Vania lan Vania dhewe kabeh disalami karo mesem ramah. Kasmino dipamiti sing paling keri.
“Mas aku njaluk pamit yo. Mbak Vania wis ketok rada seger. Muga-muga sesuk tambah sehat. Aku nyuwun pangapura ora iso mbantu akeh. Mungkin sesuk aku ora iso tilik meneh, ono tugas adoh.”
“oo ngono yo. Ya wis ngati-ati Dik. Maturuwun ya wis melu ngarawat Vania sasuwene nyang rumah sakit. Salam kanggo ibu. Muga-muga tugasmu sesuk lancar. Tugas opo?”
Wiranti ora njelaske tugas opo sing adoh iku. Langsung dheweke mlaku ninggalke ruangan kuwi.
*
Ora let suwe , bengi kuwi ruangan gawat darurat rame. Krungu swara sirine mobil ambulance ngraung–raung. Katon ono wong diudhunke saka mobil terus digeledek nganggo ranjang pasien nuju kamar gawat darurat. Etoke korban kecelakaan lalu lintas. Kasminto dadi pingin ngerti. Dhewe mlayu nyedhake pasien sing disurung nyang dhuwur ranjang kuwi.
“Wiranti..wiranti….oh…!” Kasminto karo mlaku cepet ngetutake para perawat kang nyurung ranjang kuwi. Iya pasien sing digawa ambulance kuwi pancen Wiranti, mripate merem. Getih katon metu saka sirahe…kondisine nggawe prihatin.
Kasminto dikandani menawa Wiranti bubar ngalami kecelakaan nyang cedhak prapatan ketandan. Nalika lagi belok numpak sepeda motor nuju lor, ono bis saka arah lor kang ngebut nyalip mobil liya, nyruduk motore Wiranti saka ngarep. Wiranti wis ora isoh ngerem motore merga dheweke ora nyangka ono bis saka arah liya sing mepet . Bis jurusan Surabaya-Jogja pancen kondang ugal-ugalan yen nyang ndalan.
Rada sakuntara Kasminto nunggu nyang njobo ruang gawat darurat. Ibuke Wiranti ya lagi wae teka saka Ceper sakwise dikabari menawa Wiranti kecelakaan.
“Nak Kas …” ngono ibuke Wiranti nyapa.
“Nggih bu “ saurane Kasminto karu nangis ngelingi kahanan fisike Wiranti sing getihe godres-godres saka sirahe, marai ora mentala nyawang.
Ora suwe Kamsinto lan ibuke Wiranti dikabari yen Wiranti wis ora ono, ora iso ditulung.
Kasminto nangis gero-gero, gelane ora ngadubilah. Semono ugo ibuke Wiranti. Ora nggraita menawa pamite Wiranti mau pancen pamit kang pungkasan, lunga saklawase.
Bengi kuwi padha tangisan. Nyang kamare Vania ibuke Kasminto ya ora iso nutupi gelaning ati. Ngelingi pirang –pirang ndina bocah kuwi tansah telaten lan gemati nunggoni Vania.
“Mbak Wir ninggal ya mas?” Vania negeske kabar karo tetep turu nyang nduwu kasur.
“iya…” jawabe Ksminto cekak karo isih ketok mbrebes.
“ya Allah…”, Vania kelingan mau bengi dheweke meling nyang Kasminto menawa ono opo-opo karo dheweke, lha kok jebule malah Wiranti sing ndhisiki.
Kasminto bali nyang ruang gawat darurat kanggo mbantu ngurusi urusan administrasi rumah sakit perawatan lan jenazahe Wiranti.
**
Awan kuwi Kasminto nglayat karo Ibuke menyang Ceper. Jenazahe Wiranti dikubur nyang sarean cedhak omahe Wiranti. Kepeksa Kasminto mblenjani janjine dhewe menawa ora arep ngambah omahe Wiranti meneh. Rasa kamanungsane ngalahke rasa gethinge. Lan luwih saka iku kabeh, Kasminto kelangan banget wong sing sejatine isih ditresnani kuwi. Kasminto ngeterke jenazah nganti tekan njaratan. Akeh uwong padha kelangan ngelingi Wiranti iki pancen kancane akeh lan wonge grapyak lan seneng tetulung.
Nalika kabeh sing padha nglayat wis padha mulih, Kasminto isih keri nyang kuburane Wiranti. Isih nangis karo dedonga. Akhire Kasminto dijak karo ibuke Wiranti. Sanajan loro-lorone kelangan banget nanging Ibuke Wiranti nyoba ngibur atine Kasminto.
“ Uwis yo nak Kasminto. Pancen iki dalane Wiranti”, ibuke ngrangkul Kasminto, nyoba ngereh-reh Kasminto, sanajan dheweke dhewe ya isih mbrebes, sedihe ora njamak. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/bersambung)

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi