Kamis, 23 April 2026, pukul : 16:38 WIB
Surabaya
--°C

PPSJS Dialog Pentas Sastra Jawa

Oleh: Aming Aminoedhin

KEMPALAN: Masih di bulan Ramadan, tepatnya 14 April 2023 di Pendhapa Sekolah Tinggi Kesenia Wilwatikta (STKW) Surabaya; Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS) menggelar dialog sastra dan pentas macapatan dan baca guritan. Tajuknya “Ngrasani Sastra Jawa & Tradisi Lisan Seni Pertunjukan” yang acaranya digelar dalam rangka syukuran dan sekaligus persiapan penerbitan buku guritan bersama seratusan penggurit lainnya. Gelaran yang dijadwalkan siang, mundur dan baru dimulai selepas sholat Asar tiba. Tampilan macapat dan baca gurit, hingga Maghrib untuk berbuka puasa bersama seniman sastra Jawa dari komunitas lainnya.

Rekan-rekan mahasiswa STKW Surabaya, banyak yang ikut meramaikan macapatan sore itu. Ada banyak tokoh yang muncul pada helatan sastra Jawa ini, ada nama: Darmono Saputra, Subroto SMKI, R. Djoko Prakosa, Joko Susilo, Suharmono K, Peni Puspito, Sri ‘Trinil’ Setyowati, Widodo Basuki, Aming Aminoedhin, Brojo Waskitho, Suwarmin, Henry Nurcahyo, Den Bei BW Sidoarjo, Agus Kucink dan banyak lagi.

Diawali dengan macapatan bersama mahasiswa STKW, lantas R. Djoko Prakosa, Subroto, dan juga Widodo Basuki yang tampil degan macapatan cengkok Gresikan. Selingan berikut baca gurit oleh Aming Aminoedhin, Henry Nurcahyo, lantas raja gurit Widodo Basuki; ikut juga baca guritan di antara suara macapatan itu. Sungguh serasa gayeng tampilan sastra Jawa pada jelang senja di bulan puasa itu.

Selain rasan-rasan sastra Jawa oleh R. Djoko Prakosa, ada Henry Nurcahyo bicara soal naskah panji. Dialog sastra Jawa senja itu mengalir cair dan terasa nikmat, apa lagi macapatan itulah yang bikin terasa hidup kian bergairah.

Selepas berbuka puasa bersama, dilanjutkan dialog para pengurus PPSJS yang membahas soal penerbitan kumpulan guritan yang akan dilauching awal Juni 2023 mendatang. Bubku baru ini berencana akan dikelilingkan bacanya di Surabaya, Blitar, Solo, dan Yogyakarta. (Aming Aminoedhin)*

Aming Aminoedhin (dua dari kiri) bersama peserta dialog


PUISI-PUISI MINGGU INI: GURITAN TENTANG RAMADHAN

Melengkapi ulasan dialog dan pentas sastra Jawa komunitas PPSJS, saya sertakan beberapa guritan bernuansa Ramadhan.

Aming Aminoedhin
WIS LIMANG DINA PASA

Alhamdulillah wis oleh limang dina olehe
pasa Ramadhon, tetep isih pinaringan
bisa laku pasa kanthi sampurna. Ora nganti
gothang olehe traweh, ora lali ngaji
saben wengine. Saiki mlebu enem, kudu
luwih menep laku atine.

Laku apik lan becik ing Ramadhon kuwi,
ngendikane Simbah bisa gawe ati padhang.
Ora perlu kebimbang ing njaba akeh
manungsa laku pincang, nerak kabeh pepalang.
Laku nyawuk dhuwite liyan, omong umuk
marang kekancan. Kuwi kabeh mung supaya
oleh wah, kamangka iku laku salah.

Sukur alhamdulillah wis oleh limang dina
olehe pasa Ramadhon. Mlaku dina ka-enem,
laku apik lan becik kudu diterusake. Aja takon
sepira akeh oleh pahalane. Sing baku bisaa terus
sumendhe lan dhedhepe nyedhak marang Gustine.

Mojokerto, 28/3/2023 (03.31)

Aming Aminoedhin
SANGUNE RAMADHON

Ing wulan Ramadhon, sangune mung temen
olehe ngibadah. Ora kepencut gebyare
kulineran, kadhang malah gawe lali
marang salat Mahgriban. Uga ora kepencut
marang barang obralan ana ing mall lan plaza,
wektu pasane wis cedhak riyaya.

Kencengana olehmu jamaah salat wajib, sokur
bage gelem trawehan ora lali dilakoni kanthi ati.
Sawise kuwi sabenwengi bisa gelem tadarusan ngaji.
Ramadhone bakal lumaku katon endah, muga-muga
wae oleh sakabehe barokah.

Sangune wulan Ramadhon, ngenam donga ing
rina-wengi aja nganti lali. Mumpung donyane
wus ora ana pandhemi sing nyegati
laku-lampah apik kuwi.

Mojokerto, 27/3/2023 (03.18)
Aming Aminoedhin
LAKU LAKON RAMADHON

Mung ana ing wengi-wengi wulan
Ramadhon, laku lakon sing apik
oleh ganjarane becik. Aja ditinggal
olehe laku apik, traweh lan tadarusan ngaji.
Sokur bage dibarengi weweh weneh
marang sapa wae, ganjarane thukul
bakal luwih punjul.

Laku lakon wulan Ramadhon, isih
setengah wulan maneh. Isih ana
wektu akeh laku apik dilakoni, bisa
ngumpulake kabeh ganjaran becik kanthi ati.

Laku lakon wulan Ramadhon, laku ora
gampang dilakoni. Akeh godha nyegati
niyate ati, udan tanpa leren utawa hawa
adhem gawe ngajak laku merem. Kamangka
yen gelem laku ngaji, olehe ganjaran
luwih akeh iku mesthi.

Mojokerto, 7/4/2023 (03.31)

Widodo Basuki:
MUNG

mung sapanginang
mung sawelat wektu
nanging
tresnamu manjing
sadawane napasku
sadawane uripku

Sidoarjo, Maret 2022

Widodo Basuki:
WIS

wis tinakdir pungkase grimis
riwis-riwis kadya mimis
ngilangi miris
wis
kabagyan kang nate cinecep
tumancep ing
pakeliran tanpa wis

wis dadi jangkane
ati mbandhang
golek pepadhang
wis
padhang jingglang
bang ketebang!

Sukolegok, Maret 2022

forum

Belum ada obrolan

Mulai obrolan pertama kamu di sini!

Berita Terbaru

Analisis

Selamat Datang Kembali

Masuk untuk bergabung dalam diskusi

Buat Akun Baru

Daftar sekarang dan mulai berdiskusi

Kata sandi akan dikirim ke email Anda.