KEMPALAN: Nalika lagi tugas menyang Jakarta, Kasminto ora nyana ketemu dosene mbiyen jaman sekolah sarjana, Pak Harsono. Suwe ora ketemu, ketemu padha-padha dadi penilai ing Badan Akreditasi Nasional.
“Mas Kasminto?” ngono dosene kuwi mbasake bekas muride.
“Inggih pak. Kok tasih inget kaliyan dalem pak?”
“Oo iki kebeneran. Aku wingi bubar mbiji usulan Guru Besare mas Kasminto.”
“Oo mengaten nggih.”
“ Selamat ya”, ngono dosene kuwi nerusake.
“Oo nggih maturnuwun. Selamat kagem menapa Pak?”.
“Sakdurunge iki aku rada bingung iki Kasminto kok bidang keahliane beda karo sing tak kenal. Tibake bekas mahasiwaku ki ana loro sing jenenge Kasminto.”
“ Oo inggih ingkang senior ingkang kondhang.”
“Yo ora..bar iki giliran sing enom sing bakal kondhang”.
“wah mboten Pak. Dalem.kondhang koespluse. Dados usulan kula sampun lolos?” Kasminto takon meneh.
“Iya. Ngerti yen mbiyen mahasiswaku saka Bandung, langsung wae tak setujui usulane. Sing penilai liya ora wani alok, langsung setuju. Lha kebeneran publikasine mas Kasminto ya wis apik-apik. Wis cukup kanggo munggah nyang Guru Besar.”
Kasminto jane ngono pingin bengok-bengok ngetokake rasa bungahe. Nanging wektu kuwi nyang njero ruangan akeh uwong lan ana bekas dosene sing pancen dihormati tenan. Dadi sungkan. Dadi rasa bungahe disimpen nyang njero ati. Asline bengi kuwi atine bungah lan mongkok ora kapetung. Ora ngira secepet kuwi dheweke entuk gelare Guru besar.
Bubar kuwi malah jagongan karo dosene kuwi sing padha-padha saka Klaten. Asal usule saka Karanganom, nanging wis tau manggon nyang Nganjat barang, omah gedhe Nganjat bagian kidul kae jebul omah keluarga besare. Dadi terus jagongan nyambung tenan. Apa meneh kojah soal Umbul Ponggok, Mblalit, Umbul Kajen, Umbul Cokro lan daerah Delanggu, wah dadi gayeng. Kaya reuni senior yunior sing jarake adoh. Ora ngira jaman kuliah mbiyen malah Kasminto ora ngerti menawa bekas dosen waline kuwi piyayi saka Klaten.
Kasminto isih eling jaman kuliah arep perwalian, pak Harsono lagi sibuk merga dadi Pembantu Rektor, nanging disempatke tandatangan form perwalian nyang sela-selane rapat. Malah pas nggolek sekolah mbiyen nate njaluk rekomendasi saka dosene kuwi. Esu-esuk budhal saka Surabaya nuju Jakarta. Pak Harsono wektu kuwi dadi pejabat nyang kantor Dikti. Pas arep ditemoni jane lagi rapat. Sanajan sibuk lan akeh urusan, ngerti yen ana bekas mahasiswane teka njaluk rekomendasi, urusan rapat ditinggal dhisik. Pak Harsono kuwi cepet-cepet nulis rekomendasi. Dadi Kasminto ora nganggo bola-bali utawa nunggu suwe. Pancen kaya ngono sifat dosene kuwi, entengan tangan, gampang menehi pitulungan. Dadi Kasminto rumangsa utang budi karo Pak Harsono iki. Lha mbiyen dadi dosen wali, menehi rekomendasi, saiki malah ya sing mbiji usulan Guru Besare. Kok kaya wis diatur.
Dosene sing liyane sing menehi rekomendasi, ugo saka Klaten, Pak Darso Kaderi sing asale saka desa Turus, cedhak karo omahe Kasminto. Pancen Gusti Allah kaya menehi dalan ketemu wong-wong apik kuwi.
Saksuwene iki dheweke jane ora nate khusus nyiapke kanggo ngajoke usulan kanggo pangkat Guru Besar. Kabeh dilakoni kanthi lumrah, wajar. Ora dioyak, nanging yo ora dilaleke. Ya lumrahe wong dadi dosen. Ya ngajar, neliti, nulis buku, sok-sok menehi ceramah babagan piwulangan. Kabeh yen dikumpulke nilaine wis cukup kanggo jabatan Guru Besar.
Ora betah nunggu berita apik kuwi, Kasminto langsung nulis sms nyang bojone lan kangamase. Kabeh dho melu bungah lan bangga. Kangmase lan mbakyune ya bangga adine sing mbiyen sering dinyeki kok ya isih nyekel jabatan Guru Besar.
Iku kira-kira 6 taun sakwise Kasminto ngrampungke sekolah doktore. Wektu kan lumrah, ora cepet lan ya ora suwe. Kasminto dhewe ora pati ngarep-arep entuk jabatan akademis Guru Besar cepet-cepet. Dadi sakdurunge entuk surat resmi saka Dikti jan-jane Kasminto wis entuk bocoran dhisik.
Nyang kantore disiapke acara pengukuhan kanggo Kasminto. Kaya umume kebiasaan nyang kantore, kanca-kanca kerja, kolega, lan kerabat diundang nyang acara pengukuhan. Ana kanca SMA sing diundang, kanca kuliah, kolega dosen saka universitas liya, kalebu para kanca penggemar Koes Plus Surabaya ya diundang lan pancen padha pingin nyumbang lagu. Ora lali Kasminto ngundang guru SD-ne. Guru SD-ne wis sepuh. Untung isih sugeng.
Acara kuwi ditekani senat Guru Besar sing padha nggawe toga warna ireng. Pas barisan para Guru Besar mlebu ana ing gedhung, diringi tembang Godeamus Igitur, lagu wajib kan sering dinyanyeke menawa ana acara sdiang Guru Besar. Lagu kang dinyanyeke paduan suara mahasiswa ikunggawe suasana dadi mrinding. Para tamu dadi hening melu ngrasake suasana iku.
Kasminto diwenehi kesempatan nyampeke pidato soal bidang keahliane. Nanging ora lali disipi karo crita –crita urip kang wigati kang nyebabke dheweke isa tekan jabatan Guru besar. Iki ben para tamu sing ora sakbidang ilmu tetep isa ngerti isi pidatone. Kasminto pancen sengaja nggawe pidato sing isa nglipur para tamu.
“ Dulu sebelum sekolah ke Amerika, saya pernah diterima di Universitas di Australia. Tapi dilarang berangkat sama Pak dekan. Tapi untung dilarang, kalau nggak, mungkin saya tidak ketemu istri saya dan saya tidak mendapatkan gelar Doktor. Jadi gara-gara dilarang ke Australia saya malah ketemu istri dan pulang bawa gelar S3 dan anak 3.”
Wong-wong padha surak-surak. Iku salah sijine selanan sing nglipur para tamu. Ora urung padha keplok-keplok karo surak-surak. Kamangka kuwi acara sakral. Dasar Kasminto seneng ngowah-owahi adat.
Bapak dekan yang melarang saya, beliau ada di sini. Silakan berdiri. Dekane ngadek lan tangane ngawe-awe.
Meneh para tamu keplok-keplok karo suit-suit. Pak dekane ya ngrasa bangga merga larangane malah ndadekake Kasminto sukses.
Kasminto ora lali nyebut jenenge ibu guru SD sing diundang. Adoh-adoh teka saka Polanharjo. Ibu gurune malah diwenehi wektu ngucapke siji loro ukara.
“Kasminto ini dulu jaman SD nakal, urakan. Sering ngajak temannya renang di Kali Ploso, sungai dekat sekolah. Terus main bal-balan di Karanglo. Jadi mbolos meninggalan pelajaran. ”
Para tamu ger-geran meneh sanajan ora ngerti Kali Ploso lan lapangan Karanglo kuwi sing endi lan nyang endi.
“Tapi memang dia juga rajin dalam pelajaran”, gurune neruske. Untung sing keri kuwi ditambahke, yen ora Kasminto jan isin dibukak wadine.
Kasminto seneng merga acarane ora dadi terlalu serius. Nanging bagian-bagian penting kang sesambungan karo ilmune wis disampeke marang para tamu, istilahe serius nanging santai.
Pas tiba maca pidato bagian ucapan terima kasih, Kasminto rada sakutara mandeg.. swarane ilang. Mripate mbrebes… Iya Kasminto ora kuat nyebut jeneng wong tuwane loro…
“Seandainya bapak ibu saya ada di sini……” Kasminto ora isa neruske tembunge. Dheweke kelingan acara iki mungkin paling wigati menawa ana wong tuwane loro. Endah sepira senenge wong tuwane yen mengerti anake dikukuhke dadi Guru Besar. Wong ndesa kang ora ngerti akeh babagan pendidikan, ngertine ming nyambut gawe kanthi sregep kanggo minterke anak-anake. Menawa anake isa sekolah nyang sekolah negeri kanthi biaya murah, iku wis luwih-luwih. Gegayuhane wong tuwa anak-anake isa tutug anggone sekolah. Aja meneh dadi Guru Besar, anake ia dadi sarjana wae wis seneng. Mesti wae bangga tenan wong tuwane umpama isih padha sugeng. Ora mung Kasminto, mbakyune lan kangmase ya padha melu nangis kelingan lelabuhane wong tuwa ngragati anake. Sok-sok rada ora tinemu nalar, wong tani isah mbiayai anake nganti wong sanga. Nanging pancen rejeki ora isa dietung berkahe.
Sawise pidato rampung, para tamu nyalami Kasminto karo anak bojone siji-siji. Sakwetara kuwi kanca-kanca penggemar Koes Plus padha nyanyi nyang dhuwur panggung nyanyeke lagune Koes Plus.
Acara kuwi dadi salah sijine acara sing bakal dieling-eling terus karo Kasmnto minangka acara penting ana ing lelakone uripe. Wong-wong sing nduwe peran nyang uripe Kasminto padha diundang lan teka. Nanging sejatine abot tanggungjawabe nyandang gelar kuwi. Amarga yen wis nyandhang kuwi terus wong-wong pangarepe dadi beda, tambah dhuwur. Sok-sok dituntut kudu ngene lan ngono. Kamangka kuwi mung jabatan akademis sing sesambungan karo keilmuane, dudu gelar kang ngubah pribadine uwong.
Tibake berita Kasminto dadi Guru Besar iki cepet nyebar ana ing kanca–kanca SMP lan SMA. Malah kakak kelase SMP sing dadi wartawan sengaja nulis berita iki lan disebarke. Mulane sok-sok Kasminto kaget ketemu kanca, terus ngundang Prof, padahal ora nate crita-crita bab kuwi kajobo kanca-kanca sing pancen diundang. (Prof Budi Santosa, PhD adalah Rektor Institut Teknologi Kalimantan, guru besar Teknik Industri ITS Surabaya/habis)

sae sanget pak critanipun kaliyan bahasanipun, sak meniko sampun longko cerito mawi bahasa jawi