Puisi-Puisi Minggu II, Guritan Suharmono Kasijun
Suharmono K.
AKU SINAU
aku sinau saka iline banyu ing pucuk gunung terus mili nganti jaladri
saka mega-mega ing angkasa dadi udan nyiram akinge bantala
kang rena suka lila sakehing janma kasatan padha nglangga
ekhlas marang sapadha-padha ora ndadak ndulu sapa sira
aku sinau saka rumesepe banyu ing bantala
rumembes ing tuk-tuk muncul ing ranu bali mili ing kali
kang gawe ijone sakabehing ketel tetuwuhan wana uga sawah bawera
lan sakabehing sato kewan banjur padha krasan ayem tentrem urip ing wana
aku sinau marang rembese banyu
kang kanthi sabar lan telaten nembus watu karang
mula gegayuhan bakal kaleksanan dening sabar lan iman
awit sakabehing pepalang bakal badhal dening tuhuning kasetyan
aku sinau marang banyu segara kang njilma mega-mega
aku sinau marang mega kang njilma udan saka angkasa
aku sinau marang banyu saka arga tumuju segara
aku sinau marang segara, sarta mega-mega
lan iline banyu udan bali tumuju segara
Tambaksumur, 3 Agustus 2021
*
Suharmono K.
WANODYA
Wanodya iku kupu kang amung ngisep madu
ing antarane kembang-kembang mekar ngresepke pandulu
tetep arum sekar ayu sanajan tuwuh ing gampeng ereng-ereng
kinupengan wangine ganda antarane bun-bun esuk umun-umun
ing lengkehing ardi royo-royo ing sumribite angin sumilir
ing rikmane dawa ireng meles kaukir jiwa raga
wanodya iku sekar kang mekar wanci subuh lan mingkup sadurunge maghrib
banjur nyemak ayat-ayat suci sadurunge srengenge inceng-inceng
tansah ngumbar esem ing dhekik pipine
lan caturan saperlune
wanodya iku kembang mlathi
kang tuwuh subur ing bumi pertiwi
tetep wangi sanajan urip ing pereng kali
tetep arum sanajan kumpul ing madyaning kebo gupak
wanodya iku esem kang sumeh
wanodya iku dudu kembang kang sengkleh
wanodya dudu ati kang geseh
wanodya dumunung ing ati kang sumeleh
Tambaksumur, Agustus 2021
*
Suharmono K.
ING SENDRATARI RAMAYANA
ing sendratari Ramayana
dak lari kasetyan tuhu, kasetyane jatayu
kasetyane anoman lan lesmana
Oh, nalika campuh perang brubuh
raga-raga pating blasah
getih abang pating blambang abang angetirah
awit amung melik marang endahe kidang
banjur ngurbanake jiwa saleksa wanara lan prajurit pilihan
ing endi dununge pangayoman
nalika kang ngreksa bang-bange praja
luwih ngregani angkara murka
tinimbang piwulang bab kautaman
Prambanan, 27 Mei 2008
*
Suharmono K.
SUMOROTO, CUMANTHEL ATIKU
kringet dleweran ing pipine bocah cilik sewelas taun
mancal sepedha antarane Sumoroto-Jambon-Bulu-Karanglo Kidul
“kowe kesel Le?”
“dereng,” wangsulane
barongan-barongan pring kanthi angluh gumerit angrerujit
watu-watu gunung njenggeleg megeg-megeg, ing sendhang
iku kutuk sapupu sikep amesu
banjur kabeh-kabeh kaya anggegupuh, “sejatine kuwe kang lungkrah, sejatine sayah, sejatine kowe kang pasrah, sesumbarmu luwih aji satetes banyu ing lumahe watu puucuk gunung kuwi.”
-aku tumungkul-
yen ngene kowe eling dhangkamu. marang gunung kidul kang gundhul. marang reog-reog kelangan penthul.
sorot matamu crita, muspra ing Surabaya kok lari pethite naga
kringet dleweran ing pipine bocah cilik sewelas taun mancal sepedha bareng karo aku
“kowe ngelak Le?”
“boten,” wangsulane
ban-ban munyer, ruji-ruji seser, apa ati wis keblinger?
kamangka gunung kuwi dhuwur, kaya dhuwure pangangen. **
