Puisi-Puisi Minggu Ini: Guritan Djajus Pete
KEMPALAN: MELENGKAPI tulisan mengenang sang maestro cerkak Jawa, Djajus Pete, berikut ini saya sertakan beberapa guritan beliaunya. Diambil dari buku: “Lelakon Djajus Pete Ing Antarane Para Kanca” terbitan Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro, 2022.
Djajus Pete
R O K O K
Asep-asep putih
Mertamu njero dhadha
Ngukungake oleh-oleh
Ing dluwang-dluwang burem dakseleh
Asep-asep putih
Pawewehmu ngebaki ati
Balungan prosa lan puisi
Yen sliramu ora mertamu
Utegku njendhel, drijiku kaku
*
Djajus Pete
LELAKON
Ana randha ayu moblong
Nyangking koper, menyang Hongkong
Luru sandhang lan pangan
Kanggo anake loro ing padesan
Blitar, Jawa Timur
Bale somah bubar, atine ajur
O…lelakon
Ping pindho atine ketaton
Oleh pacar mung seneng kelon
Surabaya nyimpen sacuwil crita
Pacare nggantheng, duweke wong liya
Saya kelara-lara
Mangkat lunga, golek tamba
Agustus, 2010
*
Djajus Pete
KUNJARAN
Tlatah iki
Kunjaran sepi
Kunjaran Gusti
Tan bisa disingkiri
Kunjaran ikisepi
Njerone bangsane maling-maling kuthuk
Kapan koruptor ngringkuk
Kunjaran iki sepi
Awit bebener lan keadilan
Onya
Bareng gebyare mutiara
Dharma Kandha, Juli 1971
*
Djajus Pete
TILINGNA
Apa sing dioyak nabrak-nabrak, nerak-nerak
Ngoyak butuh mripat peteng ora weruh
Montang-manting
Kebanting-banting
Meksa ora eling
Endi sangumu kanggo bali yen wis titiwanci
Apa lali, durung kakupadi
Telingna swara kanthinira
Jroning ati nyuwara rina lan wengi
Dumeling nuntun ajak eling
Iku dalane rahayu
Ora bakal kleru
Tobo-Bojonegoro, 2010
