SURABAYA-KEMPALAN: Berikut ini beberapa guritan terbaru Raja Gurit, Widodo Basuki yang ditulis di tahun baru 2023 ini. Selamat menikmati baca puisi berbahasa Jawa. Salam Sastra!
Berikut ini beberapa guritan terbaru Raja Gurit, Widodo Basuki yang ditulis di tahun baru 2023 ini. Selamat menikmati baca puisi berbahasa Jawa. Salam Sastra!
Widodo Basuki
TANDHA
wajibe urip kuwi obah
jare simbah wong kang obah
bakal mamah, wong ukil
mesthi kasil
wah, apa kebutuhan urip iku mung
maregi nafsu aluamah?
nyatane jembare lakon kang katuju
tetep nggoleki wangsulan kabeh
tandha pitakon sawiji:
asale saka ngendi, lan mbesuk
bakale bali menyang endi?
pitakon-pitakon iku terus
ngreridhu dadi residhu
mula saben ndina padha sumebar
ing pakaryan, natah reca-reca wektu
golek sangu nyukupi butuhe
nenandur wiji-wiji kasantosan
wajibe urip iku obah
mengko, sawise sayah
ing wengi sepi bisane mung
sumendhe madhep dhingkel
pasrah sumarah
Legok, awal Januari 2023
*
Widodo Basuki
GUMANTUNG
mendhung gumantung
manglung ndhuwure gedhung
sedhela maneh nelesi lemah
sawah, dalan-dalan, kali-kali, gunung
lan kedhung, uga nelesi
ati suwung
sapa wong kang pengin kekudhung
lulang macan sawise tuwuk
rebutan balung
mendhung manjilma udan
bisa dadi kanugrahan
dudu sawan
sambang dalan
ah, mendhung mentiyung
ora usah digawe bingung
ora ndadekake
weteng kembung
ayo manungku puja
nganthi pepuji
mring Gusti sawiji
ngresiki jiwa
ngresiki ati
Balai Pemuda. Jan’ 23
*
Widodo Basuki
LELAYAR
lelayar ing samodra minangkalbu
bareng bima, saka prentah
sang guru drona
minangka sarana laku tumuju
o.. bima
wis kokgathukake sangkan lan
paran, antarane teken lan tekan
antarane angin lan layar
apa sing kok temu?
lelayar ing samudrane ruh
ninggalake kabeh perang brubuh
yen jatine kang kokgoleki
wis kawengku
ing jagad adi
ana wanuh ing kahanan tanpa
apa, tanpa dudu
tinemu
mengku kawengku
bungurasih, 5/1/’23
*
Widodo Basuki
CARITA SORE
wis ginaris lamun urip
kudu ngadhepi pilihan-pilihan
putih kuning abang ijo biru apa
ungu, sakarepe endi
kang tinemu
sing penting jiwa tetep
bisa mardika
tanpa ana sing meksa
ning..
kanyatane rak beda, ta?
bisa uga wujude pilihan
manjilma reca-reca
topeng-topeng palsu
praupan-praupan nyebar
esem lapis gincu
ing kiwa ing tengen ing ngarep
lan ing mburi, wewayangan
wewayangan nguber laku
pating sliwer dadi paraga
ing panggunge dhalang
carita sing tinemu:
yen sore iki ana legine gula
apa paite bratawali tetepa
bisa dinikmati
pindha ngombe jamu kae
apa wae rasane
bakal ndadekne awak
seger waras
ilang sakehe lara
ilang kabeh memala
ing jiwa raga
bungur, wanci sore, 7/1/’23

Belum ada obrolan
Mulai obrolan pertama kamu di sini!
Silakan Login atau Daftar untuk ikut berdiskusi