Puisi Minggu Ini: Guritan JFX Hoery
KEMPALAN: Melengkapi ulasan tokoh sastra Jawa yang dapat anugrah Sutasoma 2023, saya sertakan beberapa guritan tokoh kita ini. Semoga bisa jadi bacaan teduh di kemarau panjang ini. Salam sastra!
J.F.X Hoery – DHUH GUSTI PUNAPA KARSA PADUKA
Antarane swara ati lan nurani
wis suwe ginerus erosi
gorehing dhadha nalika ngliga
katungka keteg-keteg maras
sapa sing ngrangkul wengi
ngranti parak ora kanti
iki mung sacuwil cathetan
saka sekon mrambat menit
saka lembaran nyandhak lembaran
dadi pangeling-eling
tanpa nut
temrawang ing pangangen
Yagene wengi cepet mungkur
angin uga kadhung nglipus
ngrangine suling wengi
dudu panglipur
sepi
nyenyet
mangkonoa dina terus lumaku
dadi cathetan tanpa teges.
Apa bener bumi iki wis tuwa
sapa bisa maca tandha-tandha
sapa kuwawa miyak warana
ngumadhanging suwara tanpa raga
dirungu ora dipaelu
dadi reridu
dhuh Gusti punapa karsa Paduka?
(Padangan-Bojonegoro, 2009)
J.F.X. Hoery – NALIKA SRENGENGE AMBYAR ING PLATARAN
Nalika srengenge ambyar ing plataran
Gawe gragapane alam kang lagi cangkrama
Marga tininggal wengi kang mbrandal impen
Miyak kangen rerambatan rasa pratandha gorehing jaman.
Kumleyang godhong-godhong aking kabandhul angin
Nalika ati playon ing tengah-tengahing pabaratan
Dudu jumedhoring pluru lumepase panah wisa
Iki dudu payudan mithati pecating nyawa
Pilah-pilah ngetung krandhah nyacah pradhah
Parandene mung ubeg ing sadhinge laku.
Pirabaya dhapuran karep kang sinengkuyung
Krenah kang linambaran pangudi becik
Tan tinarima marga kadhung rinubung panyengguh slingkuh
Suprandene isih keprungu kumrisiking pangangen
Sinambi ngranti pencaring cahya saka pethiting langit
Dina iki klakon kauja kapang kang nate ngranuhi
Dadi pasren antaraning kembang mancawarna
Kang pungkasane mergoki wulung sore nguber mangsa
Sarana semburating guwaya rembulan tuwa
Ing kana sumimpen dina-dina tanpa rasa.
Kabeh wis tinengeran marang janjine dhewe-dhewe
Kang suthik katitik bakal mletik buktine
Ing tengahing kongkiren dahwen kemeren
Bali marang raga lan sukma kang sejati
Ing kene perlune ngijir dina lan dina kang tumaruntun.
(Padangan-Bojonegoro, 2009)
J.F.X. Hoery – TANDHA-TANDHA
Eseme rembulan ambyar nalika ngungak kamar
Pawarta kang ginawa tininggal tanpa pepoyan
Mendhung ketiga ngerog kembang gadhing
Jaman tansaya sumuk sumyah gumerah
Nanging aku lan sliramu durung menyat saka palungguhan
Katrem ngeja jangka kang nate wineca
Ndhaku trahing pujangga waris para lebda
Nyatane ora kuwagang miwiri lontar-lontar kang sumebar
Apa sing kinandhut kanthi tawang-tawang tangis
Wong nyatane awake dhewe mung ginadhuhan anggit
Kaningaya nyuwra bantas yen tanpa tatas
Nedya mbengkas reretu ing jaman kalabubrah
Sedya kang mung tinemu ngayawara saka kasunyatan
Banyolan wis dudu hake badhut ing ndhuwur panggung
Wirang isin mung duweke maling kelas gurem sarana nutup rai
Sedheng koruptor nebah dhadha pasang aksi ing kamera televisi.
Kang tinunggu tekane mangsakala pandhadharan
Saka alam kasunyatan lan gaibing Pangeran
Sing temen tinemu
Sing salah seleh lan becik ketitik
Tandha-tandha jaman wis tinarbuka
Kari nari sapa kang kuwawa nggrayang lungiting wasita
Kang wus sinebar ing keblat papat
Kopyokan donga-donga lan sakehing mantra
Pinangka pangruwating jagat triloka saiisine.
(Djaka Lodang No. 03 – Tanggal 18 Juli 2011)
(*) Aming Aminoedhin