Dialog Gurit Warkop Bungurasih
KEMPALAN: TERKDANG dialog warung kopi, bisa memunculkan ide yang tiada terkira. Kerap kali pula hanya ngobrol ngalor-ngidul tanpa ujung dan juntrungnya. Mimpi tanpa pernah berhenti. Tapi entah mengapa, waktu itu dialog warkop di Bungurasih Surabaya, ada yang beda.
Beberapa waktu lalu, saya dan Widodo Basuki yang pernah saya juluki “raja gurit” itu, tiba-tiba punya ide buat kumpulan guritan. Obrolan jadi gayung bersambut, ketika saya sodorkan ide gagasan itu kepada seorang penggurit lain, dari kota lain. Penggurit ini saya ajak serta ikut dalam pembuatan kumpulan guritan tersebut, dan menyambut gembira. Sarujuk mathuk, katanya.
Hal ini supaya buku agak tebal, dan agak banyak memuat guritnya, maka mengajak satu lagi penggurit asal Lamongan tersebut, bernama Herry Lamongan. Sehingga ada tiga penggurit yang guritnya termuat dalam buku kumpulan guritan bersama tersebut. Judul yang dipilih adalah “Guritan Wah” kumpulan guritan gagrag anyar. Pengguritnya: Widodo Basuki, Aming Aminoedhin dan Herry Lamongan.
Sekadar catatan, bahwa tema geguritan yang termuat dalam kumpulan ini, kebanyakan bicara soal masa pandemi yang melanda negeri ini. Sedangkan beberapa guritan lain ada juga bicara soal wanodya atau perempuan, dari perspektif yang berbeda-beda. Oleh sebab itu, menjelang Hari Ibu, 22 Desember 2022; saya sertakan juga beberapa guritan yang bicara soal perempuan yang termuat di kumpulan “Guritan Wah” guna ikut merayakannya. Berikut ini guritan mereka itu:
Widodo Basuki
PASEKSEN KANG CINATHET
: alm ss
paseksen ing jaman kang cinathet
taun iku ana pageblug mayangkara
jaman kang ninggal
tatu njarem
sadawane patemon lan pepisahan
sliramu sowan ninggal aku
daktulis ing birune langit
dakronce ing birune segara
manjing telenge ati
adhi, tresnamu tetep tumanjem jiwa
ora bakal kedaluwarsa!
Titi tentrem, 23 Desember 2020
*
Aming Aminoedhin
OMAH KATON SUWUNG
Omah kuwi katon dadi suwung, urip wis
tanpa payung. Kamangka kabeh isih ana,
pandom jam tetep lumaku. Dipan dawa
cedhak lawang isih utuh, nanging atiku
kaya trenyuh. Ibu kondur tinimbalan
Gusti, wis ana seminggu wingi.
Atiku kaya semplah, arep balik mulih
omah kaya-kaya wegah. Nanging srengenge
ngawe-awe, kandha aja lali tanggung-jawabe.
Kudu eklas marang kersane Gusti, ndongaa
sabendina kagem Ibu kudu dilakoni kanthi ati.
Omah kuwi wis katon suwung, kaya nglangut
ana pedhut. Ana omah iku, pitung dina aku
sadulur mung bisa ngaji bubar Maghrib.
Supaya ora katon suwung, lan donga
anak-anake Ibu bisa ndhodhog lawange langit.
Ngawi, 27/7/2021
*
Aming Aminoedhin
M U L I H
Wis rampung olehe silaturahmi, wayahe bali
mulih kanthi ati. Masiya ngono, isih kaya ana
sing durung buyar. Rasane kaya tawar,
mangu-mangu pikiran dadi sinebar.
Muga-muga wae ora ambyar.
Nanging adhi-adhiku kabeh wis bisa mrantasi,
nerusake jariyah warisan Ibu arupa Al-Quran kuwi.
Mbagi ing masjid-mushola sakupengane
kutha Ngawi. Bisa ana Beran, Klampisan,
utawa Ngronggi.
Muga jariyahe Ibu iku bisa dadi sangu ngadhep
marang Gusti. Oleh palilahe Gusti Allah
mlebu swargane kang endah ngedhap-edhapi.
Muga-muga kasembadan dongaku iki.
Mojokerto, 12/8/2021
*
herry lamongan
KABEH LABET
sajege dheweke ora ana
dak gatekake ibu muwun sesidheman
tanpa swara tanpa waspa
rina klawan wengi ngilani dina-dina tembe
kang rinasa sansaya abot dening suwung
akeh tipet isih katon ing jogan
ing pawon
ing latar kang esuk sore resik
mboksaponi
kabeh labet ora kober ilang
gawang-gawang cetha ing teleng
panyawange biyung
jalaran saben wayah ibu mangerteni lunga tekamu
mangerteni kekarepanmu
kabeh labet
akeh labet saka bektimu marang ibu
mugi mapan premati ing ngarsa dalem, gusti
kang maha wikan
sajege dheweke mulih mring kalanggengan
ibu muwun. ora getun
nanging ngungun
27/10/2017
